Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Seni Suara Jawa Semester 2

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Tembang dolanan iku jenising ana ....

a)

siji

b)

loro

c)

telu

d)

papat

2.

Tembang dolanan ing ngisor iki kang kalebu tembang dolanan gagrak lawas yaiku ....

a)

Gundul-Gundul Pacul lan Gugur Gunung

b)

Gundul-Gundul Pacul lan Jamuran

c)

Gugur Gunung lan Montor Cilik

d)

Gula Klapa lan Solo Berseri

3.

Cublak-Cublak Suweng, Jaranan, lan Menthog-Menthog kalebu tembang dolanan ....

a)

Gagrak anyar

b)

Gagrak lawas

c)

Kreasi

d)

Macapat

4.

Tembang dolanan ing ngisor iki kang kalebu tembang dolanan gagrak enggal yaiku ....

a)

Jaranan lan Menthog-Menthog

b)

Cublak-Cublak Suweng lan Lir-Ilir

c)

Prau Layar lan Gugur Gunung

d)

Jamuran lan Gundul-Gundul Pacul

5.

Cublak-Cublak Suweng

Suwenge teng gelenter

Mambu ketundhung ....


Terusan tembang ing dhuwur kang bener yaiku ...

a)

cempe

b)

gudhel

c)

pedhet

d)

belo

6.

Menthog-Menthog

Mung lakumu ....

Gawe guyu


Terusane saka tembang ing dhuwur yaiku ...

a)

megal megol

b)

mencolot-mencolot

c)

mundar-mundur

d)

mloya-mlayu

7.

Anane tembang dolanan iku diciptakake kanggo ....

a)

bocah cilik

b)

wong tuwo

c)

simbah kakung lan putri

d)

nom-noman

8.

Tembang "Menthog-Menthog" iku nduweni teges....

a)

bocah kang duweni watak sombong

b)

bocah sing watake bebekti marang wong tuwo

c)

bocah kudu duwe watak semangat ora kena keset

d)

bocah sing rajin lan giat sinau

9.

Gambuh


Sekar Gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur katula tula katali

Kadaluwarsa katutuh

Kapatuh pan dadi awon


Guru wilangan lan guru lagu saka tembang Gambuh ing dhuwur gatra kaping nomor telu yaiku ....

a)

7u

b)

10u

c)

12i

d)

8u

10.

Gambuh


Gesanging tani utun

Wungu nundra esuk umun-umun

Tan sarapan lunga budhal nyambut kadi

Nyangking pacul nyunggi wakul

Mring sawah tegal lan kebon


Guru wilangan tembang Gambuh ing dhuwur yaiku ....

a)

7, 9, 12, 7, 8

b)

7, 10, 12, 8, 8

c)

7, 9, 11, 7, 8

d)

7, 10, 11, 8, 8

11.

Gambuh


Aja nganti kabanjur

Barang polah ingkang nora jujur

Yen kebanjur sayekti kojur tan becik

Becik ngupayaa iku

Pitutur ingkang sayektos


Guru gatrane tembang Gambuh ing dhuwur yaiku ana ....

a)

4 gatra

b)

5 gatra

c)

6 gatra

d)

7 gatra

12.

Tembang dolanan nduweni watak ....

a)

nyedihake

b)

marake ngelu

c)

nyusahake

d)

nyenengake

13.

Guru lagu ing tembang macapat iku nduweni teges ....

a)

dhongdhinge swara ing pungkasaning gatra

b)

cacahing gatra saben sapada

c)

cacahing wanda saben sagatra

d)

dhongdhinge swara ing pungkasaning sapada

14.

Cacahing wanda saben sagatra ing tembang macapat diarani ....

a)

guru gatra

b)

guru lagu

c)

guru wilangan

d)

guru teladan

15.

Cacahing gatra saben sapada ing tembang macapat diarani ....

a)

guru gatra

b)

guru sekolah

c)

guru wilangan

d)

guru lagu

16.

Tembang dolanan gagrak anyar utawa kreasi nduweni teges yaiku ....

a)

tembang dolanan ingkang tegese angel dingerteni

b)

tembang dolanan kang karipto ing zaman sak iki lan cetho pangriptone.

c)

tembang dolanan kang ora dingerteni sapa pangriptone

d)

tembang dolanan kang karipto saka zaman now

17.

Gambuh


Tutur bener puniku

Sayektine apantes tiniru

Nadyan metu saking wong sudra papeki

Lamun becik nggone muruk

Iku pantes siro anggo


Guru lagu tembang Gambuh ing dhuwur yaiku ....

a)

u, a, a, i, o

b)

u, u, i, u, o

c)

u, u, i, a, o

d)

u, i, i, u, o

18.

Maskumambang


Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis,

Sambate mlas arsa,

Luhnya marawayan mili,

Gung tinameng astanira.


Guru gatra tembang Maskumambang ing dhuwur yaiku ....

a)

4 gatra

b)

5 gatra

c)

6 gatra

d)

7 gatra

19.

Maskumambang


Aja sira niru tindak kang tan becik,

Sanadyan wong liya,

Lamun pamuruke becik,

Miwah ing tindak prayoga.


Guru wilangan tembang Maskumambang ing dhuwur yaiku ....

a)

12, 6, 8, 8

b)

12, 6, 7, 8

c)

11, 7, 7, 8

d)

11, 7, 8, 8

20.

Maskumambang


Iku pantes yen sira tiruwa kaki,

Miwah bapa biyung,

Amuruk watek kang becik,

wajib kaki estokena.


Guru lagu tembang Maskumambang ing dhuwur yaiku ....

a)

a, i, a, i

b)

a, i, i, a

c)

i, a, i, a

d)

a, a, i, i