wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT BADER Kls 7 2021

Total questions: 35

Worksheet time: 1hrs 14mins

Name
Class
Date
1.

Asil karya sastra Jawa modern, wujude puisi, ora kaiket ing paugeran guru gatra, guru lagu, guru wilangan, kaendahane mapan ana ing pilhan tembung lan rerengan basa kang digunakake, diarani…..

a)

Cerkak

b)

Parikan

c)

Geguritan

d)

Cerbung

2.

Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki!

MERAPI

(Putu Aryana) Merapi....

Saka kadohan katon gagah Mega putih ndedel ing awiyat Tilas dalan lahar katon cetha

Kena sunare Sang Hyang Bagaskara …..


Kena sunare Sang Hyang Bagaskara”… Tembung Bagaskara iku tegese……

a)

Segara

b)

Srengenge

c)

Lemah

d)

Langit

3.

Geguritan iku karya sastra kang endah, mula pamacane kudu endah. Endah ing sastra lan endah rinasa. Kabeh mau bisa kaleksanan yen sadurunge maca, kudu.......dhisik.

a)

mangerteni isine

b)

mangerteni tulisane

c)

mangerteni wujude

d)

mangerteni judule

4.

Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki!

Wanci sekolah miwiti pasinaon Kathah siswa kang sami pitakon

Sabtu enjing kagem lingkungan kemawon Kerja bakti tanpa dikongkon .........


Geguritan ing dhuwur iku, ngandhut purwakanthi kang arane . . .

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi lumaksita

d)

purwakanthi guru basa

5.

Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki!

Buku iku sumbering ilmu Bisa dadi gantine guru

Tanpa buku, siswa ora bisa maju Sumbering kawruh tumrap sing ngluru


Geguritan ing dhuwur iku ngandhut purwakanthi kang arane ....

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi lumaksita

d)

purwakanthi guru basa

6.

Tembang macapat, jarwa dhosoke maca papat-papat, tegese tembang sing dilagokake patang wanda-patang wanda. Tembang macapat iku kaiket ing paugeran…..

a)

Guru lagu, guru basa, guru swara

b)

Guru gatra, guru lagu, guru wilangan

c)

Guru wilangan, guru basa, guru swara

d)

Guru basa, guru gatra, guru lagu

7.

Ing paugeran tembang Macapat, ana sing diarani...... , tegese cacahing gatra/ larik ing saben

sapada.

a)

Guru gatra

b)

Guru lagu

c)

Guru wilangan

d)

Guru basa

8.

Tembang Pocung kalebu golonganing tembang macapat. Tembang Pocung iku sa-pada-ne ana pirang gatra/larik?

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

9.

Setitekna cakepan tembang ing ngisor iki!

Padha gulangen ing kalbu

Ing sasmita amrih lantip Aja pijer mangan nendra Kaprawiran den kaesthi Pesunen sarira nira

Cegah dhahar lawan guling


Tembang ing dhuwur iku kadadean saka pirang gatra/ larik?

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

10.

Tembang macapat sing duweni paugeran 8u, 8i, 8a, 8i 8a, 8i arane tembang …..

a)

Pocung

b)

Kinanthi

c)

Pangkur

d)

Durma

11.

Tembung ing gambar iki yen ditulis nganggo aksara latin unine…..

a)

Ana kaca mata

b)

Ono koco moto

c)

Ana koco moto

d)

Ono kaca moto

12.

Tembung ing gambar iki yen ditulis nganggo aksara latin unine…..

a)

Wati tuku sate

b)

Wati tuku jahe

c)

Wati tuku tape

d)

Wati tuku tempe

13.

“nyuwun pangapunten Gusti prabu, kawula nangisi ibu kula ingkang sampun panjenengan sedani.” Jaka Lintang matur prasaja yen kidang wadon mau ibune, sing sejatine asale saka manungsa kang disotake dening ratu.

Krungu ature Jaka Lintang, langit dadi peteng dhedhet, udan deres campur angin banjur ana swara ing langit, “ He Raja kang wengis, aku dewi limaran sing wis koksotakake dadi kidang. Sawise dadi kidang saiki isih kokpanah nganti teka ing pati. Saiki titiwancine ngunduh wohing pakartimu. Udan angin lan langit peteng dhedhet iki minangka piwalesku, sing bakal ngentirake anggamu”.

Lerene swara mau ana bledeg nyamber sang Prabu, sanalika sang prabu malih dadi naga, ngeli katut banyu banjir amarga udan deres mandeg ing panggonan sangisore desa Ngrayudan.

Saka punggelan crita rakyat Jaka Lintang ing dhuwur, watake Gusti Prabu kuwi mau yaiku…

a)

Sabar

b)

Wengis

c)

Gemati

d)

Neriman

14.

“nyuwun pangapunten Gusti prabu, kawula nangisi ibu kula ingkang sampun panjenengan sedani.” Jaka Lintang matur prasaja yen kidang wadon mau ibune, sing sejatine asale saka manungsa kang disotake dening ratu.

Krungu ature Jaka Lintang, langit dadi peteng dhedhet, udan deres campur angin banjur ana swara ing langit, “ He Raja kang wengis, aku dewi limaran sing wis koksotakake dadi kidang. Sawise dadi kidang saiki isih kokpanah nganti teka ing pati. Saiki titiwancine ngunduh wohing pakartimu. Udan angin lan langit peteng dhedhet iki minangka piwalesku, sing bakal ngentirake anggamu”.

Lerene swara mau ana bledeg nyamber sang Prabu, sanalika sang prabu malih dadi naga, ngeli katut banyu banjir amarga udan deres mandeg ing panggonan sangisore desa Ngrayudan


Pesan moral kang bisa dijupuk saka crita rakyat Jaka Lintang yaiku…..

a)

dadi uwong bisa sakarepe dhewe

b)

dadi uwong kudu bisa sabar

c)

dadi uwong kudu ngati-ati amarga sapa bae sing nandur bakale ngundhuh

d)

dadi uwong aja gampang kapusan

15.

Gedhang

(dening Farah Dina Herawati) Gedhang....

Yen digeget, marakke padhang

Apa maneh yen bar madhang

Ya gedhang goreng, ya gedhang godhog

Saiki malah ana gedhang keju

Isuk-isuk sakdurunge budhal menyang sawah

Apa sore-sore sakwise udan ngricih

Jan enak tenan….

Sinau saka wit gedhang ya ndhuk..le.. Yen wis uwoh banjur mati


Deboge bisa kanggo wayangan

Arase uga bisa dijangan

Godhonge bisa diangge bungkus-bungkus

Ya mendhut, ya lemper, ya nagasari

Klarase uga bisa diangge cethik geni


Isine geguritan “Gedhang” ing dhuwur yaiku…..

a)

Uripe manungsa kudune mupangat kanggo wong liya kaya wit gedhang

b)

Manungsa kudu seneng mangan gedhang

c)

Manungsa supaya tumindak niru kaya uripe gedhang

d)

Gedhang iku enak dipangan tur migunani tumrap kesehatan

16.

CORONA

Corona

Penyakit saka cina

Tekamu ora kira-kira

Agawe sapa bae bisa lara

Nanging ayo padha jaga

Aja nganti lena

Supaya corona enggal sirna

Eling lan waspada kuwi kanggo pusaka

Pusaka kanggo brasta

Mula masker kuwi utama

Aja nganti dilalekna

Yen kowe lagi lelunga


Panataning gatra lan pada ing geguritan ana sing mepet ngiwa, mepet nengen, padha nengah, ngiwa-nengen, lsp. Panataning gatra lan pada sing kaya mangkono mau arane . . .

a)

Tipografi

b)

Diksi

c)

Purwakanthi

d)

Lelewaning basa

17.

CORONA

Corona

Penyakit saka cina

Tekamu ora kira-kira

Agawe sapa bae bisa lara

Nanging ayo padha jaga

Aja nganti lena

Supaya corona enggal sirna

Eling lan waspada kuwi kanggo pusaka

Pusaka kanggo brasta

Mula masker kuwi utama

Aja nganti dilalekna

Yen kowe lagi lelunga


Isine geguritan “Corona” ing dhuwur yaiku…..

a)

Corona iku penyakit sing tekane saka luar negeri/manca negara

b)

Piweling aja lali nganggo masker nalika lelungan supaya ora kena penyakit Corona

c)

Corona iku bisa nulari sapa bae lan bisa gawe lara marang sapa bae

d)

Corona iku penyakit ora kira-kira, lan ora disengaja.

18.

CORONA

Corona

Penyakit saka cina

Tekamu ora kira-kira

Agawe sapa bae bisa lara

Nanging ayo padha jaga

Aja nganti lena

Supaya corona enggal sirna

Eling lan waspada kuwi kanggo pusaka

Pusaka kanggo brasta

Mula masker kuwi utama

Aja nganti dilalekna

Yen kowe lagi lelunga


Purwakanthi kang ana ing geguritan CORONA ana ing dhuwur yaiku…..

a)

Purwakanthi lumaksita

b)

Purwakanthi guru swara

c)

Purwakanthi guru sastra

d)

Purwakanthi guru lagu

19.

Tembang macapat kuwi ana Sinom, Pangkur, . . ., Pocung, Gambuh, . . ., Kinanthi , Dhandanggula, Megatruh, Asmarandana, Durma.

cacahe tembang macapat yaiku…..

a)

Girisa, Balabak

b)

Maskumambang, Mijil

c)

Wirangrong, Jurudemung

d)

Kuncung, Pamer Bojo

20.

Sandangan swara kuwi ana wulu kanggo i, suku kanggo u, pepet kanggo ê, taling kanggo è/é, taling tarung kanggo o. Aksara ing ngisor iki supaya bisa diwaca sepatu ireng, panulise sing bener yaiku…..

a)
b)
c)
d)
21.

supaya bener panulise, sandhangan sing kudu digunakake yaiku…..

a)

suku, suku, pepet, cakra keret, pangkon

b)

suku, pepet, cakra keret, pangkon

c)

suku, suku, pepet, cakra + suku, pangkon

d)

suku,suku, wulu, cakra + suku, pangkon

22.

Gatekna Punggelan crita rakyat iki!

Katresnane Panji Asmara Bangun lan Dewi Sekartaji, ya Galuh Candra kirana wis bisa nyawijekake negara loro, jenggala lan kediri. Panji Asmara Bangun winisudha minangka ratu kang ambeg adil lan ambeg darma. Kabeh kawulane padha ayem tentrem. Para nayaka praja, abdine negara padha tekun temen anggone makarya. Tansah mbangun turut marang pranatane praja. Kabeh mau njalari kraton Jenggala saya kondhang misuwur, diwedeni dening kabeh mungsuhe, disuyudi dening negara-negara cilik ing sakiwa tengene.

Relevansi crita rakyat ing dhuwur karo kahanan jaman saiki yaiku…..

a)

dadi pemimpin ora kudu adil bisa sakarepe dewe

b)

dadi pemimpin kudu adil lan bijaksana supaya rakyate makmur

c)

dadi pemimpin bebas iso sakarepe dhewe

d)

dadi pemimpin kudu bisa medeni rakyate

23.

Gatekna punggelan crita rakyat iki !

“nyuwun pangapunten Gusti prabu, kawula nangisi ibu kula ingkang sampun panjenengan sedani.” Jaka Lintang matur prasaja yen kidang wadon mau ibune, sing sejatine asale saka manungsa kang disotake dening ratu.

Krungu ature Jaka Lintang, langit dadi peteng dhedhet, udan deres campur angin banjur ana swara ing langit, “ He Raja kang wengis, aku dewi limaran sing wis koksotakake dadi kidang. Sawise dadi kidang saiki isih kokpanah nganti teka ing pati. Saiki titiwancine ngunduh wohing pakartimu. Udan angin lan langit peteng dhedhet iki minangka piwalesku, sing bakal ngentirake anggamu”.

Lerene swara mau ana bledeg nyamber sang Prabu, sanalika sang prabu malih dadi naga, ngeli katut banyu banjir amarga udan deres mandeg ing panggonan sangisore desa Ngrayudan.


Relevansi crita rakyat ing dhuwur karo kahanan jaman saiki yaiku…..

a)

Manungsa bakale ngundhuh wohing pakartine, sapa sing tumindak ala bakal oleh piwales ala, sapa sing tumindak apik oleh piwales apik

b)

Manungsa ora bakal ngundhuh wohing pakartine, tergantung karo takdire

c)

Manungsa bisa urip sakarepe dhewe

d)

Manungsa ora prelu sumelang marang tumindake

24.

Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki!

Lelakon kang bakal dumadi..

Sapa wae ora mangerteni

Ora susah sangga rugi

Pasrahna mring Hyang Widhi

Kaya kacang digawe dakon..

Kaya wayang digawe lakon

Prastawa kang bakal dumadi

Sesuk isuk lagi dimangerteni

Saka isine geguritan ing dhuwur iku, pranyatan ing ngisor iki kalebu bener apa salah?

Pesan moral saka geguritan ing dhuwur yaiku prastawa kang bakal dumadi, bisa dimangerteni dina iki

a)

Bener

b)

Salah

25.

Cakepan tembang ing ngisor iki gatekna!

Pepaliku ajinen mbrekati,

Tur selamet sarta kuwarasan,

Pepali iku mangkene,

Aja agawe angkuh,

Aja ladak lan aja jail,

Aja ati serakah,

Lan aja celimut,

Lan aja mburu aleman,

Aja ladak wong ladak pan gelis pejah,

Lan aja ati ngiwa

Pranyatan ing ngisor iki bener apa salah miturut paugerane tembang ing dhuwur?

Cacahe guru wilangan lan guru lagune tembang Dhandhanggula ing dhuwur yaiku 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12a, 7a.

a)

Bener

b)

Salah

26.

pranyatan ing ngisor iki kalebu bener apa salah?

Pasangan kang digunakake ana ing tetembungan ing dhuwur yaiku pasangan ba lan tha

a)

Bener

b)

Salah

27.

pranyatan ing ngisor iki kalebu bener apa salah?

Aksara Jawa ing dhuwur unine yaiku seragam baru.

a)

Bener

b)

Salah

28.

Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki!

Endahe Alam

Dening Ayu Nabila

Endah rupamu yen sinawang Nggawe tentreme nala

Lan trustane iwa

Alam saya suwe saya endah Nanging yen manungsa Ora grapyak tur semanak Marang alam

Ndadekake rusake jagad

Gawe dukane Gusti Kang Maha Agung

Pesan moral sing ana ing geguritan dhuwur yaiku…..

a)

manungsa oleh guwang sampah sembarangan

b)

manungsa kudu grapyak lan semanak marang alam supaya ora rusak

c)

manungsa ora prelu jaga lingkungan

d)

manungsa ora prelu grapyak lan semanak marang alam

e)

manungsa kudu peduli lan nresnani alam supaya tetep endah lan lestari

29.

Cakepan tembang ing ngisor iki gatekna!

Pocung

Ngelmu iku kalakone kanthi laku, Lekase lawan kas,

Tegese kas nyantosani,

Setya budya pangekese dur angkara.

Paugerane cakepan tembang ing dhuwur yaiku….

a)

Guru gatrane ana 12

b)

Guru gatrane ana 4

c)

Guru wilangan lan guru lagu gatra ke 3 yaiku 8i

d)

Guru wilangan lan guru lagu gatra ke 1 yaiku 12 a

e)

Guru wilangan lan guru lagu gatra ke 4 yaiku 12 a

30.

Tembung “dipangan pitik” lan “sambel terasi”, yen ditulis mawa aksara Jawa sing trep yaiku…..

a)
b)
c)
d)
e)
31.

Prabu Sila Hadikrama bareng pirsa Sri Tanjung kesengsem, kayungyun mring sulistyane Sri Tanjung tanpa kinawruhan Patih Sidapaksa. Rina wengi Prabu Sila Hadikrama golek cara piye bisane ngrengkuh Dewi Sri Tanjung. Ndadekake Prabu Sila Hadikrama kerasukan watak julik culika”

Kanggo nggayuh sawijining pepinginan, bisa ndadekake manungsa iku lali marang tatanan, lali marang samubarang kang kharam (menghalalkan segala cara), kahanane Prabu Sila Hadikrama iku memper kaya kahanan ing ngisor iki . . .

a)

“Wis pirang-pirang dina Suta ora bisa turu merga mikir tingkah polahe Bapake sing arep nyalokake dadi petinggi desa. Bab iku ndadekake awake Suta dadi kuru, apamaneh sedhela engkas sekolahe ya ujian, tugas-tugase akeh sing durung dirampungake,

tansaya judheg pikirane . . .”

b)

“Mripate Djatmiko katon mbrabak krungu critane Suminah. Rasane trenyuh, atine welas marang kenya ayu lan wasis kang lungguh ing ngarepe iku. Suminah duwe gegayuhan bisa sekolah ing SMK jurusan Boga, yen wis lulus banjur bukak rumah makan sing dikemonah kanthi becik lan duwe ciri khas sing bisa narik lengganan. Nanging kabeh mau cabar amarga tekane Virus Corona sing kondhang diarani Covid-19. Pandemi covid-19 iki ngruntuhake gegayuhane Djatmiko apa dene Suminah...”

c)

“Kepincut marang mobil mewah, omah gedhong magrong-magrong, sandhang penganggo kang sarwa gumebyar, durung maneh nuruti panjaluke anak lan bojone sing kepengin urip sarwa kepenak, ndadekake Jajuli lali marang jejibahane, megawe ing dinas kantor pajek sing kudu njaga mlebune dhuwit marang Kas e negara, malah dileboke ing kesake dhewe. Direwangi korupsi nganti milyaran repes mung kanggo nuruti kumrengsenging ati. Ora mikir ing tembe mburine . . .”

d)

Kanggo nyiapake ujian akhir, Bu Ani, guru wali kelase maringi gladhen soal-soal marang bocah-bacah. Diajab mengkone bocah-bocah ing taun iki bisa lulus kabeh kanthi biji sing maremake. Nanging, nalika Bu Ani arep mbagi gladhen soal, pranyata soale keri ing ndalem. Panjenengan nganti bingung, kepriye carane supaya bocah- bocah tetep gladhen, dumadakan Budi maju lan matur marang bu Ani . . .”

32.

Gatekna pethikan geguritan ing

ngisor iki!

CORONA

Corona

Penyakit saka cina Tekamu ora kira-kira Agawe sapa bae bisa lara

Nanging ayo padha jaga Aja nganti lena

Supaya corona enggal sirna

Eling lan waspada kuwi kanggo pusaka Pusaka kanggo brasta

Mula masker kuwi utama Aja nganti dilalekna

Yen kowe lagi lelunga

Pranyatan ing ngisor iki jodhokna!

Struktur kang ana ing geguritan dhuwur yaiku…..

a)

Geguritan “Corona” dumadi saka 3 pada

b)

Geguritan “corona” dumadi saka 4 pada

c)

Geguritan gunakake purwakanthi guru swara (a,a,a,a)

d)

Geguritan ing dhuwur gunakake purwakanthi guru sastra

e)

Tema geguritan ing dhuwur yaiku kesehatan

33.

Gatekna cakepan tembang macapat ing ngisor iki!

Ayo kanca tansah amemetri, Macapatan budaya kang endah, Nadyan winengku sastrane, Kaiket guru lagu,

Miwah guru wilangan nenggih, Kathah ngemot wewarah, Kang becik tur luhur,

Aja sira nganggep kuna,

Luwih dhisik talitinen kang premati Isining tembang ika.

Pranyatan ing ngisor iki jodhokna!

Struktur kang ana ing macapat ing dhuwur yaiku…

a)

Cacahe guru gatra tembang kasebut ana 10

b)

Cacahe guru tembang kasebut ana 8

c)

Guru wilangan lan guru lagune, gatra 8 yaiku 8a

d)

Wilangan lan guru lagune gatra 8 yaiku 8u

34.

Pranyatan ing ngisor iki jodhokna!

Panganggone aksara pasangan ing panulisan tembung “mangan salak” lan “golek urang” sing bener yaiku …..

a)
b)
c)
d)
e)
35.

Padudon sengit antarane Hiu Sura lan Baya dumadi maneh. Kekarone podo dene ngetogake karosan kanggo adu kekuatan. Kekarone cakot-cinakotan. Segara dadi abang branang krana getih milih saka awaking kekarone kewan mau. Tetarungane saya bringas, suwe banget lan tanpa kendhat. Baya ketaman cakotaning Hiu Sura perangan buntut tengene. Hiu Sura uga buntute ameh pedot Hiu Sura nuli bali menyang segara. Kanthi mangkono Baya rumangsa menang, awit kasil ngukuhi wewengkone ing dharatan”

Saka cuplikan crita ing dhuwur, pranyatan ngisor iki jodhokna!

Saka cuplikan crita ing dhuwur, pranyatan ngisor iki jodhokna!

a)

Sapadha titah kudu adu kekuatan

b)

Sapadha titah kudu sing rukun

c)

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah

d)

Perkara kudu dirampungi kanthi padudon.

e)

Aja seneng padudon utawa pasulayan, maneka perkara kudune dirampungake kanthi musyawarah bebarengan.