WorksheetsSoal PAT Bahasa Jawa Kelas I Tahun Pelajaran 2020/2021
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Gatekna gambar kasebut !
Perangan awak ana ing gambar gunane kanggo ....
Ngrasakake panas
Ngrasakake legi
Ngrasakake
Gatekna gambar kasebut !
Perangan awak ana ing gambar gunane kanggo ....
ndeleng
ngambu
ngrungokake
Adohe mripat saka buku, telung puluh sentimeter
Pratelan kasebut carane njaga kesehatan apa ?
mata
irung
kuping
Bima dipresakake ana rumah sakit , Bima lara irung.
lara irung iku arane ....
Beleken
Mimisen
Gomen
Carane njaga kuping supaya tetep sehat yaiku ...
Ngrungokake swara sero
Diresiki kanthi bener
Didamoni
Pratelan kasebut sing kalebu carane njaga ilat yaiku ....
Kemu nganggo banyu uyah
Kemu nganggo banyu sabun
Kemu nganggo banyu panas
Sing kalebu perangan awak pancadriya yaiku ...
Sikil
Mata, untu
Irung, mata
Gatekna gambar kasebut !
Bengi kui malem Minggu padhang rembulan.
Bima, Siwi karo kanca – kancane dolanan ana ing ....
ngomah
latar
njogan
Gatekna Wacan iki !
Padhang Rembulan
Sore – sore malam minggu
Rembulane ndhadhari
Lintang – lintang kaya disebar ing langit
Bengi kuwi padhange kaya awan
Ana ing wacan “Padhang Rembulan”, bengi kuwi rembulane kepriye ?
Rembulane padhang
Rembulane ndhadhari
Rembulane ora njedhul
Gatekna gambar kasebut !
Gambar kasebut Bima karo kanca – kancane dolanan apa ?
Jamuran
Jethungan
Gobag sodor
Sak banjure Bima karo kanca – kancane padha tetembangan.
Nyata kowe wasis
Batangen sing gelis
Cangkriman telu iki
Jangkrik sungut slawe batangane apa
Manuk dhase telu batangane apa
Bapak demang klambi abang disuduk manthuk – manthuk
Sak jroning tembang iku ana cangkrimane.
Batangane Jangkrik sungut slawe yaiku ...
Mesin
Rambut
Sekoci mesin jahit
Gatekna gambar kasebut !
Ukara sing cocog karo gambar kasebut yaiku ...
Tari karo kancane dolanan cublak suweng
Tari karo kancane dolanan dhakon
Tari karo kancane dolanan bekelan
Dolanan nganggo bal karet cilik sing dimendatake ana jobin, dolanan iki arane ...
Bal - balan
Dhakon
Bekelan
Sing kalebu tembang dolanan yaiku ...
Jaranan
Kasih ibu
Tik – tik bunyi hujan
Ana ing tembang wiwit aku isih bayi, mula aku kudu bekti
tembung bekti tegese...
Wani matur
Wani miturut
Manut miturut
Mbangun turut ngajeni, tembung ngajeni tegese ..
Ngurmati
Miturut
Manut
Ana ing sarasilah kulawargane Bima, bu Astuti yaiku .... Pak Budiman
Ibuke
Garwane
Adhine wadon
Ana ing sarasilah kulawargane Bima, putra wadone pak Budiman yaiku ...
siwi
bima
astuti
Saliyane bapak ibu, uga ana simbah kakung lan simbah putri.
Sing disebut simbah kakung yaiku ....
Kakange bapak ibu
Ibune bapak ibu
Bapake bapak ibu
Bapak ibu kagungan mbakyu, aku ngundhang mbakyune bapak
ibu kanthi sebutan ...
Mbakyu
Budhe
Bulik
Banu kaliyan Niken menika ... bu Laras.
Ukara kang trep kanggo ngisi ceceg- ceceg yaiku ....
putranipun
simbahipun
ibunipun
Sing kalebu anggota kulawarga iku ana kakang lan adhi.
Dhene sing disebut adhi yaiku....
Tunggalku sing lair sawise aku
Tunggalku sing lair sadurunge aku
Tunggalku wadon sing lair sawise aku
Sapa sing ajar nglangi, tembung sapa kanggo nakokake ....
Jeneng barang
Jeneng kewan
Jeneng wong
Kapan Banu wiwit ajar nglangi, tembung pitakon kapan kanggo nakokake ...
Sebab
Cacah
Wektu
Gatekna gambar kasebut !
Iki .... Iki papat
Tembung pitakon sing trep kanggo ngisi ceceg – ceceg yaiku...
Sapa
Pira
Apa
... kowe piket
aku piket dina Senin.
Tembung pitakon sing trep kanggo ngisi ceceg – ceceg yaiku...
Kapan
Ngendi
Kena apa
Gatekna gambar kasebut !
Cacahipun ... menika tiga.
Tembung sing bener kanggo ngisi ceceg – ceceg yaiku ....
telur
endog
tigan
Gatekna gambar kasebut !
Menika buku, cacahipun wonten ....
sepuluh
sedasa
sedoso
Pira reginipun potelot
Tembung pira basa kramane ...
Pinten
Sinten
wonten
Nggawa alat apa bu
Ukara ngoko kasebut menawa dikramakake dadi ...
Mbekta menapa bu
Mbekta alat menapa
Mbekta alat menapa bu
