NEW
Font size
WorksheetsBahasa jawa kelas 5 pidhato
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh diarani …
sesorah
geguritan
nembang
ndhalang
Urut-urutane ing sesorah kaping pisan yaiku…
wigatining atur
pangarep-arep
pambuka
salam pambuka
(1) Isi/Suroso
(2) Purwaka
(3) Panutup
(4) Salam Panutup
(5) Salam Pambuka
Urutane Perangan Sesorah kang bener yaiku ...
2-5-1-3-4
5-2-1-3-4
5-2-4-3-1
2-5-1-3-4
Jinise pidhato miturut cara utawa teknik ngandharake isine pidhato kaya ing ngisor iki, kajaba ....
apalan
dadakan
maca teks
tinulis
Sawijine katrampilan sing diudi sajrone nyinau basa Jawa yaiku pidhato.
Pidhato iku kalebu jinising katrampilan ....
nulis
maca
micara
nyimak
Sadurunge gawe teks pidhato becike gawe cengkorongane luwih dhisik. Sing dikarepake cengkorongan teks pidhato yaiku ....
teknik pidhato
urutan pidhato
paraga pidhato
kerangka pidhato
Conto babagan penutup teks pidhato, yakuwe....
Cekap semanten atur kula, menawi lepat nyuwun pangapunten
Mangga sami muji maring Gusti Sing Kuwasa, awit dinten niki kita teksih saged kempal wonten papan ngriki
Dhumateng Bapak lan Ibu Guru sing kula bekteni, lan kanca batir sing tak tresnani
Batir kabeh sing tak tresnani, dadi siswa kudu sregep sinau, manut maring guru, lan netepi aturan sekolah
Tujuan pidhato utawa sesorah ing ngisor iki kajaba….
menehi informasi
menehi hiburan
menehi piwulang
acara perpisahan
Puji syukur kula aturaken dumateng ngarsanipun Gusti Allah swt awit sampun paring kesehatan, kekiyatan, saha keselametan. Karana menika panjenengan saha kula saged makempal wonten adicara silaturahmi.
Pratelan pidhato kuwi kalebu perangan….
surasa basa/isi
salam pambuka
purwaka basa
wasana basa/panutup
Tembung pakurmatan sesorah kang ditindaake ana ngarep kanca sekelas yaiku….
kanca-kanca ingkang kinurmatan
kanca-kanca ingkang wilujeng
kanca-kanca kang dak tresnani
para kanca sedoyo mawon
