Font size
WorksheetsLaporan Asil Observasi
Total questions: 10
Worksheet time: 30mins
Perangan utawa bagean sing nerangake titikan(ciri-ciri), barang, tandha, lan sapanunggalane, yaiku....
Dheskripsi manfaat
Idhentifikasi
Klasifikasi
Dhefinisi umum
Dheskripsi bagean
1. Bisa narik kawigaten pamaca.
2. Nduweni sipat subjektif.
3. Sumber informasi.
4. Ngandhut crita fiktif.
5. Nduweni sipat objektif.
Sing kalebu titikane teks laporan asil observasi yaiku....
2, 3, 5
3, 4, 5
1,3, 5
1, 2, 4
Perangan sing dipatha miturut jinis lan klompoke banjur dnjlentrehake luwih rinci, yaiku ...
Dheskripsi manfaat
Dheskripsi bagean / klasifikasi
Definisi umum
Dheskripsi kegunaan
Ing ngisor iki sing klebu perangan struktur dheskripsi bagean / klasifikasi, yaiku ....
Mesin Albakos iki dirancang dhewe dening Pak Budi. Perangan mesin ana 4 komponen utama. Yaiku tabung kanggo wadhah pembakaran (wujude kaya roket, kanthi tutup kerucut tumeng), ruang compres lan uga dadi pangadheme, blower (kipas angin), lan kompor kanggo metune murube gas. Saben komponen kuwi disambungake karo pipa.
Usaha home industri utawa indhustri omahan mujudake salah sijine indhustri sing ora mbutuhake modhal sing gedhe. Indhustri omahan luwih asring minangka wujud saka bisnis sampingan.
Uwuh iki bisa kaperang dadi telu, yaiku kanthi didhaur ulang, didadekake kompos, lan didadekake barang dadi utawa barang kerajinan. Ngupaya uwuh kanthi dhaur ulang biasane awujud uwuh sing arupa uwuh anorganik.
Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake, sawise akhire dibuwang ing pambuwangan pungkasan (akhir).
Miturut Rudi, mesin kuwi ana 2 tipe, yaiku tipe cilik lan gedhe. Tipe cilik kanthi daya listrik watara 60 watt, lan bisa nampung sampah garing watara 5 kg. Bisa ngasilake gas murup tekan 2 jam. Albakos tipe cilik iki didol kanthi rega Rp. 4 juta sa-pakete, saengga wis dadi mesin komplit sakompore.
Jodhokna tembung ngoko ing ngisor iki menyang basa kramane!
1. Ngombe : ....
2. Nyekel : ...
3. Tuku : ...
4. Gelem : ...
5. Menehi : ...
1. Ngunjuk
2. Ngasta
3. Mundhut
4. Purun
5. Nyukani
1. Ngunjuk
2. Ngasta
3. Tumbas
4. Purun
5. Nyaosi
1. Ngunjuk
2. Nyepeng
3. Tumbas
4. Kersa
5. Maringi
1. Ngunjuk
2. Ngasta
3. Mundhut
4. Kersa
5. Maringi
Perangan sing mujudake simpulan utawa dudutan saka asile observasi, yaiku....
Dheskripsi manfaat / kegunaan
Klasifikasi
Dheskripsi bagean
Idhentifikasi
Basa sing digunakake deinggo guneman karo kancane utawa wong sing sepantaran yaiku ....
Krama lugu
Ngoko lugu
Krama alus
Ngoko alus
Tembung "ngutus" basa ngokone yaiku ...
nggawa
ngombe
ngongkon
nyekel
Apa sing diarani teks laporan asil observasi?
Teks kang nerangake utawa ngandharake sawijining panggonan.
Teks kang nerangake utawa ngandharake laporan ngenani asil observasi kang ditindakake marang sawijining barang, kahanan utawa objek tartamtu.
Teks kang nerangake utawa ngandharake laporan panliten kang arep ditindakake marang sawijining barang, kahanan utawa objek tartamtu.
Teks kang nerangake utawa ngandharake laporan kagiyatan kang wis rampung dilaksanakake.
Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut aturan unggah-ungguhe yaiku...
Kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu.
Kula empun nedha arta, nanging dereng disukani kalih ibu.
Kula sampun nedhi yatra, ning dereng disukani kalih ibu.
Kula empun nedhi yatra, nanging dereng diparingi ibu.
