wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa kelas 4 bab geguritan

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Luhku tumetes ...tes... Neleesi bumi. Ukara iku nggambarake wong sing lagi ....

a)

ngguyu

b)

nesu

c)

nangis

d)

bungah

2.

Miturut kamus, geguritan yaiku ....

a)

Iketaning basa kayadene syair

b)

Puisi jawa gagrag lawas kang dilagoke lan kaiket dening paugeran tartamtu

c)

Tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg

d)

Unen-unen kang mbicarake masalah utawa ngucapake rasa syukur utawa njlentrehane idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh

3.

Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....

a)

Isine mentes

b)

Nganggo basa padinan

c)

Cacahe larikan ora katemtokake

d)

Migunakake tembung-tembung kang pinilih

4.

Tegese nggatekake wirama nalika maca geguritan yaiku ....

a)

Nalika maca geguritan ora cetha

b)

Nalika maca geguritan lirih banget

c)

Nalika maca geguritan kecepeten utawa kalonen

d)

Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen

5.

Tegese maca geguritan kudu cetha yaiku ....

a)

Ngatur mlebu metune napas

b)

Kudu ngepasake marang isine geguritan

c)

Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen

d)

Nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora grememeng

6.

Kang nduweni paugeran sangarepe gegurit diwiwiti tembung ‘sun nggurit’ utawa ‘sun nggegurit’ yaiku ....

a)

Geguritan kuna

b)

Geguritan anyar

c)

Geguritan modern

d)

Geguritan mawa dhapukan tartamtu

7.

Geguritan rong gatra sapada diarani ....

a)

Gita dwigatra

b)

Gita trigatra

c)

Gita caturgatra

d)

Gita pancagatra

8.

Puisi bebas diarani ....

a)

Gita mardika

b)

Gita sadgatra

c)

Gita saptagatra

d)

Gita hastagatra

9.

Srengenge iku jeneng liyane ....

a)

Bulan

b)

Bintang

c)

Samudra

d)

Matahari

10.

Pitutur luhur sing bisa dijupuk saka pethilan geguritan ing ndhuwur yaiku ....

a)

Dadi manungsa kudu nglokro

b)

Dadi manungsa kudu nesunan

c)

Dadi manungsa kudu tangi awan

d)

Dadi manungsa kudu nduwe semangat

11.

Pitutur luhur sing nuduhake supaya manungsa tansah eling marang Gusti iku bisa dideleng saka gatra kang munine ....

a)

Thole ayo tangi

b)

Wengi wis manjing pungkasane

c)

Banjur manembah marang Gusti

d)

Tandhane simbok wis wiwit olah-olah

12.

wacanen geguritan ing ngisor iki !

Golek Ilmu

Panganggit : Afrilia Puji Astuti


Ilmu iku tanpa wates

apa kang sinebar pasthi kaundhuh

tumindhak becik alus ing tata krama

kalakone dadi kusumaning bangsa

tekade ora bakal mundur

golek ilmu kanthi mempeng

supaya dadi pemimpin sing jujur

tuladha iku patut ditiru

kanggo putra putri bangsa

supaya misuwur ing jagad raya


  1. saben sapada geguritan, dumadi saka siji ......
a)

tema

b)

gagasan

c)

gagasan tambahan

d)

gagasan pokok

13.

supaya misuwur ing jagad raya. tembung misuwur tegese ..........

a)

kondhang

b)

suminar

c)

sumunar

d)

padhang

14.

temane geguritan ing dhuwur yaiku ..............

a)

pendhidikan

b)

perjuangan

c)

lingkungan

d)

kesehatan

15.

sing ngripta geguritan ing dhuwur yaiku ........

a)

Aji Mestakiningrat

b)

Afrilia Puji Astuti

c)

Afrillia Astuti Puji

d)

Aji Mustakaningrat

16.

irah irahan geguritan ing dhuwur yaiku ..........

a)

golek banyu

b)

golek iwak

c)

golek suket

d)

golek ilmu

17.

Reroncene Kadang Tani

Ijo royo-royo

Gumelem sangisore langit biru

Angin tumiyup

Dolanan godhong pari


Kadang tani padha mesem

Nyawang parine wis kuning

Ati ayem tentrem

Pari kuning

Minangka reroncene urip

Tembe mburi


6.isi paragraf kapisan yaiku .................

a)

tanduran pari kang akeh godhonge

b)

tanduran pari kang sangisore langit biru

c)

tanduran pari kang lemu lemu

d)

tanduran pari kang kena angin

18.

isi geguritan ana ing dhuwur yaiku ............

a)

Rasa bingahe para kadang tani sing nyawang parine lemu-lemu lan wis kuning

b)

Rasa bingahe para kadang tani sing nyawang wit parine kena angin

c)

Rasa bungahe para kadang tani sing nyawang langit biru

d)

kadang tani padha bingah nyawang sawahe

19.

geguritan yaiku puisi jawa modern utawa syair gagrag anyar. sing kudu digateake nalika maca geguritan kaya ing ngisor iki, kajaba ............

a)

wirasa

b)

wirama

c)

wiraga

d)

wiwaha

20.

geguritan iku sawijining asiling kasusastraan .......

a)

Jawa

b)

manca

c)

anyar

d)

nuswantara

21.

geguritan uga diarani ........

a)

gancaran

b)

novel

c)

puisi bebas

d)

cerkak

22.

Guyub tegese...

a)

gregeten mulane ora tumindak

b)

greget tumindak bebarengan

c)

urip sing selaras

d)

urip ngedohi pasulayan

23.

pamilihe tembung sing pantes lan mentes dadekake geguritan dadi...

a)

alus lan nyrenuhake

b)

endah lan aji

c)

kasar lan mangkelake

d)

suci lan nyenengake

24.

cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku...

a)

siji utawa luweh

b)

ora bisa dietung

c)

loro utawa luweh

d)

akeh banget

25.

anak ayam jenenge...

a)

kuthuk

b)

blegur

c)

sawiyah

d)

kroto