NEW
Font size
Worksheetsbahasa jawa kelas 6 prastawa budaya
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Tari utawa beksa uwis ana wiwit atusan tahun kepungkur. Tari sing uga diarani joged bisa dadi sarana ing upacara-upacara kepercayaan. Tari uga bisa kanggo panglipur lan pasugatan nalika wong duwe gawe lan liya-liyane.
Tema wacan ing ndhuwur yaiku ....
kabudayan Jawa
Kutha Solo
pendhidhikan
Sriwedari
Ing ngisor iki sing dudu kesenian Jawa Tengah yaiku ....
wayang wong
tari srimpi
lenong
karawitan
Wong kudu ngerti tata krama supaya diarani ....
mingsra
ngraita
tata
trima
Teks kang njelentrehake sawijining barang kanthi gamblanglan menehi gambaran kanthi jelas babagan apa kang diwedharake diarani ....
narasi
deskripsi
persuasi
argumentasi
Ing ngisor iki ciri-ciri teks deskripsi, kajaba ....
gambarake samubarang
gunakake panca indra
bisa ngajak deleng dewe
ora bisa krungu apa-apa
Urut-urutane nulis teks deskripsi sing kapisan yaiku ...
nulis kasile kanthi urut
nyatet perang-perangane bab kanthi tlesih
nemtokake tema
ngumpulake katrangan bab sing ditulis
Ing ngisor iki kang klebu prastawa budaya yaiku ...
pelangi
gunung mbledhos
sekaten
pemilu
Puncake adicara Sekaten ing tanggal 12 Mulud taun Hijriyah ngepasi tanggal wiyose Nabi Muhammad saw kasebut ...
Sedekah Bumi
Padusan
Grebeg Muludan
Dhugderan
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........
banyu resik
ngopeni banyu
ngopeni banyu sumber penguripan
banyu kali sumber panguripan
Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........
uwuh utawa larahan
uwuh lan limbah
suket kang tukhul saparan-paran
gegodongan
