Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA - KELAS VA

Total questions: 10

Worksheet time: 14mins

Name
Class
Date
1.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)

Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane

Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

2.

Bocah-bocah lagi dolanan.........

a)

Bethengan

b)

Egrang

c)

delikan

d)

guyonan

3.

lina lan kanca-kancane dolanan...

a)

engklek

b)

egrang

c)

jethungan

d)

gobag sodhor

4.

yen dolanan bebarengan kudu.....

a)

padudon

b)

rukun

c)

congkrah

d)

curang

5.

Ing ngisor iki gunane dolanan tradisional, kajaba ....

a)

Boros, wragade akeh lan larang.

b)

Nglatih kelantipan, ketrampilan.

c)

Gawe anak sehat, seger waras.

d)

Bisa gawe rukun sakancane.

6.

Gobag Sodor

Dina Setu ing kelas V ana pelajaran olah raga. Kabeh murid

kelas V wis padha baris ing lapangan. Kabeh padha bregas lan

seger. Barise manut klompoke dhewe-dhewe. Kabehe ana limang

klompok. Saben klompok bocah papat. Bima dadi ketua klompok

telu.

“Dina iki dolanan gobag sodor. Sapa sing wis tau dolanan

gobag sodor?” pandangune Pak Imam.

Bima, Niken, Wati, Ruslan lan Munip ngacung. Pancen bocah

lima iku kerep dolanan gobag sodor ing platarane Pak Jono.

Sawise padha hompimpah, dolanan gobag sodor kawiwitan.

“Ketua klompok dadi sodore, sing liyane dadi sing njaga,”

Pak Imam wis nggawe garis kothakan amba. Ana nem kothak,

telu ing sisih kiwa lan telu ing sisih tengen. Ing tengahe ana garis

kanggo sodore. Sing jaga padha jaga ing garis buri kothak.

Bima wiwit maju dadi sodor. Mungsuhe klompoke Munip.

“Bukak..!”

Bima mlayu nengah. Munip lan Iwan ing sisih tengene. Wati

lan Nuri ucul ing kotak sabanjure. Bocah loro iku dijaga karo Sari.

Ing burine Sari isih ana Roni lan Firli.

Sing njaga nduweni kuwajiban njaga kothak bageane. Mula

kudu waspada lan ngati-ati, aja nganti kecekel. Kabeh padha gesit

lan trengginas. Gobag sodor nglatih kelantipan lan ketrampilan.

Bakal menang yen salah siji ana sing bisa ngliwati kabeh sing

njaga saka ngarep nganti buri, lan bali ing garis mengarep tanpa

kecekel sing njaga.

Kabeh klompok wis main. Sing menang klompoke Munip. Jam

pelajaran olah raga wis rampung. Kabeh siswa isih ngethupyuk

ngomongake dolanan gobag sodor. Kabeh padha seneng, bisa

luwih guyub rukun amarga dolanan tradhisional.

Dina iku bocah-bocah arep dolanan … .

a)

dhelikan

b)

gobag sodor

c)

bekelan

d)

betengan

7.

Saben klompok ana … murid.

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

8.

Ing ngisor iki gunane dolanan tradhisional, kajaba …

a)

Bisa gawe rukun sakancane

b)

Nglatih kelantipan, ketrampilan

c)

Gawe awak sehat, seger waras

d)

Boros, wragade akeh lan larang

9.

Wacan ing dhuwur iku kalebu wacan jinis …

a)

Narasi

b)

Persuasi

c)

Dheskripsi

d)

Argumentasi

10.

Salah siji titikan wacan narasi kaya ing ngisor iki, kejaba …

a)

nyritakake pengalaman

b)

nyritakake dedongengan

c)

nggambarake kahanan, panggonan

d)

urut wektu/kronolog