WorksheetsLatihan UH BD Narasi Deskripsi
Total questions: 30
Worksheet time: 17mins
Wacan kang isine nyritakake kedadean nganti runtut saka wiwitan nganti pungkasan , diarani teks ...
Deskripsi
Narasi
Eksposisi
Eksplorasi
Panganan khas daerah Gresik iku pudhak. rasane enak teksture empuk. Bungkuse wernane putih. Bien isie Wenae putih Saiki werna werna ana sing Abang kan ijo. Panganan Iki akeh di temui neng pasar pasar sak Gresik.
Wacan ing duwur termasuk...
Narasi
Deskripsi
Eksposisi
Persuasif
Teks deskripsi isine nggambarake samubarang...
objek, papan panggonan, utawa resep panganan
objek, resep panganan, utawa kedadean tertemtu
objek, papan panggonan, utawa kedadean tertemtu
werna, papan panggonan, utawa kedadean tertemtu
Ing ngisor iki, titikane teks deskripsi, kejaba...
nggabaraje samubarang kanthi gamblang
nggambarake kedadeyan kang mugunakake panca indra
nyritakake kedadeyan kanthi runtut
mratelakake ciri-ciri obyek kanthi rinci
Dina : “ ….. sing gelem tak wenehi roti?
Sinta : “Aku Din, aku gelem.”
Tembung pitakon kang bener kanggo njangkepi ukara ing duwur yaiku ….
Apa
Pripun
kepriye
Sapa
Surya teka ing sekolah esuk banget, amarga wayahe piket kelas. Dheweke banjur mlebu kelas, njupuk sapu kanggo nyapu kelase. durung suwe olehe nyapu, kancane, sari, Dimas, lan Dina pada teka. saiki bareng-bareng padha ngresiki kelase.
Miturut jenise wacan ing ndhuwur kalebu teks...
deskripsi
narasi
eksposisi
persuasi
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
a. ana paraga ing njerone
b. nganggo data, grafik, utawa itung-itungan
c. arupa crita bab prastawa
d. nyritakake sawijining obyek kanti rinci
ukara-ukara ing ndhuwur sing mathuk kanggo ciri-ciri karangan narasi yaiku...
a lan b
a lan c
c lan d
b lan d
Biasane yen ngowahi basa ngoko lugu dadi ngoko alus sing dikramakne tembung kerja. Tembung kerja uga diarani ... .
tembung aran
tembung kriya
tembung kahanan
tembung sesulih
"Sapa sing ora mlebu sekolah?".
Ukara kasebut kalebu jenis ukara ....
andharan
carita
pitakonan
pakon
"Ayo ndang budal !".
Ukara kasebut kalebu jenis ukara ....
andharan
carita
pitakonan
pakon
‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’
Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....
Saben dina, aku sekolah nitih sepeda motor
Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor
Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor
Saben dinten, kula sekolah nitih sepeda motor
Aku wis maos surate, Mas.
Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko lugu dadi .....
Aku wie nulis surate, Mas
Aku wis gawe serate, Mas
Aku wis maca surate, Mas
Aku ora maca surate, Mas
Buke Mas Tino digawakake adhine.
Tembung digawakake yen diowahi dadi ragam ngoko alus dadine....
diwaosake
diastakake
diseratipun
dipunbetakaken
Basa kang tembunge ngoko kabeh diarani ...
ngoko alus
ngoko lugu
ngoko biasa
ngoko umum
Simbah wis mangan sego pecel sapiring. Yen didadekno ngoko alus yaiku ...
Simbah wis rampung dhahar sego pecel sapiring
Simbah wis rampung maem sego pecel sapiring
Simbah wis rampung ngunjuk sego pecel sapiring
Simbah sampun rampung dhahar sekul pecel sapiring
Ibu : Bapak wis ... ?
Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.
Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira
Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?
Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur supaya dadi ngoko alus yaiku ...
maem
mangan
nedha
dhahar
Anis : mengko sore sido latihan ora san?
Santi : sido, mengko dak ampiri jam setengah papat.
Pacelathon ing dhuwur mau migunakake unggah-ungguh basa ...
Ngoko lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Jingglengono 5 ukara ing ngisor
1. wong tuwa marang wong enom
2. wong/bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane
3. wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane
4. wong sing luwih dhuwur pangkate marang sing luwih asor
5. ngrembug wong liya kang perlu diajeni
Sing kalebu ing ragam ngoko lugu yaiku....
1,2,3
1,2,4
2,3,4
2,4,5
Iki wes padhang, lampune enggal patenana!
Ukara iki kagolong ukara....
Pitakon
Pakon
Carita
Panjaluk
Wingi Pak Bupati ngresmekake Sekolah Bebas Usia. Ukara iku kagolong ....
Ukara Andharan
Ukara Andaran
Ukara Pakon
Ukara Pitakon
Ukara ing ngisor iki sing kagolong ukara pakon yaiku ....
Garapen tugas sing basa jawa dhisik !
Sapa sing nyapu kamar iki ?
Saben taun nang kampung diadakno lomba sehat.
Siti mangan roti ing warunge Bu Dewi.
Upin lan Ipin .....
Tembung-tembung sing trep kanggo jangkepi ukara ing dhuwur supaya dadi ukara andharan yaiku ....
sinau nang omah
turu kapan
paculana sawah iku
panganane sapa
Bu Dewi mundhut kain ....
Isine tembung sing cocok kanggo ukara ing dhuwur supaya dadi ukara pitakon yaiku ...
jupukno !
Ing endhi ?
sak kodi ing tokone wingi.
nang pasar sore.
Ukara pakon yaiku ukara kang dipungkasi nganggo ....
tandha titik
tandha katrangan
tandha pitakon
tandha prentah
(a) Uga ana sing uleren.
(b) Kahanane kuru banget.
(c) Tanduran - tanduran padha gogrok
(d) Malah ana tanduran sing mati.
(e) Aja meneh kembang, godhonge wae mung sethitik.
(f) Tanduran - tanduran hias ing omahku ora gelem kembang.
Susunane ukara supaya dadiake teks deskripsi sing bener yaiku ... .
(c)-(a)-(b)-(d)-(e)-(f)
(c)-(b)-(a)-(d)-(f)-(e)
(f)-(e)-(d)-(c)-(a)-(b)
(f)-(e)-(a)-(c)-(b)-(d)
Nalika bocah - bocah nyritakake kedadeyan ana ing njero kelas nalika wulangan Basa Jawa ,mangka crita mau diarani teks ... .
Narasi Ekspositoris
Narasi Sugestif
Deskripsi Ekspositori
Deskripsi Impresionistis
Kali Amazon dumunung ing bawana Amérika Kidul. Kali Amazon minangka kali paling dawa nomer loro sawise kali Nil ing Afrika. Nanging, yen dideleng saka jumlah aliran banyune, Kali Amazon dhuweni aliran sing paling gedhe.Banyu segara ing sacedhake kali Amazon duwe kandungan uyah sing sithik.
Teks ing dhuwur kalebu jenis teks ... .
Narasi Ekspositoris
Narasi Sugestif
Deskripsi Ekspositori
Deskripsi Impresionistis
"Jaka Kendhil"
Desa ndandapan iku desa sing kepencil, ana sapinggiring gunung dikupengi alas. Ing kono ana randha urip kijenan ora duwe anak, karan Mbok Randha Ndadhapan. Nuju sawijinging dina Mbok Randha ketamon bocah nom-noman sing rupane ala banget, sirahe plonthos wetenge mblendhuk tur endhek. Dheweke matur menawa arep ngenger. Mbok Randha mesakake bocah sing ora duwe sanak kadahang iku mula banjur ditampa apa sing dikarepake bocah mau, malah diaku kaya dene anake dewe. amarga potongane kaya kendhil mula banjur diceluk "Jaka Kendhil"
Teks ing dhuwur kalebu jenis teks ... .
Narasi Ekspositoris
Narasi Sugestif
Deskripsi Ekspositori
Deskripsi Impresionistis
Saiki mangsa rendheng, mau bengi udane deres lan suwe. Wektu udan gludug sesamberan kaya - kaya nyamber wit - witan. Suarane banyu gumuruh kaya ombak ing segara. Hawane adem njegut nganti teka belong. Cerita ing dhuwur kagolong teks ... .
Narasi Ekspositoris
Narasi Sugestif
Deskripsi Ekspositori
Deskripsi Impresionistis
Cerita ing ngisor iki kang kalebu teks narasi sugestif kajaba ... .
Crita covid-19 ing kutha malang
Novel Dilan
Dongeng Prabu Ajisaka
Roman
