wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH 1 Bahasa Jawa 5a

Total questions: 25

Worksheet time: 22mins

Name
Class
Date
1.

Pidhato ing basa Jawa iku diarani...

a)

sesorah

b)

geguritan

c)

paribasan

d)

parikan

2.

Ing ngisor iki kang mboten kalebu bab metodhe sesorah yaiku..

a)

impromptu

b)

ekstemporan

c)

manuskrip

d)

basa

3.

Kanggo persiapane nulis teks sesorah becike gawe...

a)

ukara

b)

dudutan

c)

cengkorongan

d)

gagasan baku

4.

Sesorah kanthi cara dadakan kuwi utawa sing ora kanyana – nyana sadurunge diarani...

a)

ekstemporan

b)

apalan

c)

impromptu

d)

manuskrip

5.

Sesorah kanthi cara ngasta cathetan cilik (outline) minangka gaman utawa pangeling – ngeling urutaning isi sing bakal kawedharake yaiku jenising sesorah...

a)

impromptu

b)

ekstemporan

c)

apalan

d)

manuskrip

6.

Wacanen teks pidhato ing ngisor iki!

Assalamualaikum Warahmatullah. Wabarakatuh...

Ingkang kinurmatan Bapak Ketua RT 01 RW 04, Bapak-bapak , Ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan Kamardhikan Indonesia ingkang kaping pitung dasa enem.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan.

Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula, bilih wonten klentu anggenipun kula matur, nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Tema kang cocok kanggo teks sesorah ing dhuwur yaiku...

a)

Pendhidhikan

b)

HUT Republik Indonesia

c)

Koperasi

d)

Kasarasan

7.

Ingkang kinurmatan Bapak Ketua RT 01 RW 04, Bapak-bapak , Ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.


Sing macake teks seorah ing dhuwur yaiku...

a)

Ketua RT 01 RW 04

b)

Bapak dan Ibu tiyang sepuh RT 01 RW 04

c)

Wreda muda

d)

Panitia peringatan HUT RI

8.

Isi teks pidhato, ketua RT nyuwun masyarakat kempal kanggo adicara...

a)

tirakatan HUT Kemerdekaan Republik Indonesia

b)

resik lingkungan

c)

senam bareng kaliyan tiyang sepuh

d)

lomba HUT Kemerdekaan Republik Indonesia

9.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan.

Tembung ingkang kacethak kandhel, tegese...

a)

ndukung proklamasi

b)

ngumumake kamardhikan

c)

nduweni kamardhikan

d)

ngormati kamardhikan

10.

Wasana, cekap semanten atur kula, bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.


Pethilan ing dhuwur, kalebu perangan ... sesorah.

a)

pambuka

b)

purwaka

c)

panutup

d)

isi

11.

Ingkang kinurmatan bapak RT 01 RW 04. Bapak-bapak , Ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.


Pethilan ing dhuwur, kalebu perangan...

a)

purwaka

b)

isi

c)

katrangan

d)

panutup

12.

(1.) Purwaka

(2.) Pangarep-arep

(3.) Isi

(4.) Uluk salam

(5.) Panutup


Urutan sesorah kang bener yaiku...

a)

(4),(3),(2),(5),(1)

b)

(4),(1),(3),(2),(5)

c)

(3),(2),(4),(5),(1)

d)

(5),(3),(2),(1),(4)

13.

Gusti ingkang akarya jagad tegese yaiku...

a)

Gusti sing gawe bulan

b)

Gusti sing gawe srengenge

c)

Gusti sing gawe dunya

d)

Gusti sing gawe akhirat

14.

Bab – bab ngisor iki kudu digatekake nalika nulis teks sesorah, kajaba...

a)

sapa sing ndhawuhi

b)

waktu kang sumadya

c)

sapa sing disesorahi

d)

pamilihe tembung

15.

Bapak ibu saha para kadang ingkang kinasih.


Ukara ing dhuwur medhote sing bener yaiku...

a)

Bapak ibu saha para/kadang/ingkang kinasih//

b)

Bapak/ibu/ saha para kadang/ingkang kinasih//

c)

Bapak ibu saha para kadang/ingkang kinasih//

d)

Bapak/ibu, saha/para/kadang/ingkang /kinasih//

16.

Bab – bab sing digatekake nalika nyunting teks Pidhato, kajaba...

a)

isine wacan

b)

struktur utawa urutan perangan pidhato

c)

penulisan huruf

d)

busana

17.

Sikape wong sesorah iku kudu mantheb lan teteg, madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, diarani...

a)

basa

b)

busana

c)

swara

d)

solah bawa

18.

Nalika sesorah ing sangarepe wong tua nggunakake basa jawa...

a)

krama

b)

ngoko

c)

padinan

d)

sastra

19.

Bab ing ngisor iki sing ora perlu digatekake nalika sesorah yaiku...

a)

swara

b)

busana

c)

basa

d)

kanca

20.

Bapak-bapak , Ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.


Pethilan teks pidhato ing dhuwur, minggunakake basa jawa jenis...

a)

ngoko

b)

padinan

c)

krama

d)

sastra

21.

Tuladhane salam panutup yaiku...

a)

Assalamulaikum wr wb

b)

Hallo, piye kabarmu?

c)

Wassalamualaikum wr wb

d)

Wasana cakap semanten atur kula

22.

Uluk salam iku ana ing perangan ... sajrone sesorah.

a)

isi

b)

katrangan

c)

panutup

d)

purwaka

23.

Atur panuwun iku ana ing perangan ... sajrone sesorah.

a)

purwaka

b)

isi

c)

panutup

d)

pambuka

24.

Menawi wonten lepatipun atur kula saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. 


Tegese tembung mranani yaiku...

a)

nusuk

b)

nyinggung

c)

damel trenyuh

d)

damel sisah

25.

Istilah agunging samodra pangaksami tegese...

a)

gedhene banyu samodra

b)

gedhene kaluputan

c)

gedehene pangapura

d)

lubere banyu segara