NEW
Font size
WorksheetsLatihan : Legenda & Tembang Gambuh
Total questions: 10
Worksheet time: 20mins
"Thukul wit asem kang arang-arang". Prastawa kasebut asal-usule saka dhaerah ...
Semarang
Demak
Salatiga
Boyolali
Crita Baru Klinting kang ditundhung lunga dening wong desa kang lagi padha pesta banjur ditulung dening nini-nini tuwa. Saka sayembarane Baru Klinthing, muncrat banyu kang nyembur, kang ndadekake isine desa dadi banjir. Prastawa kasebut ndadekake dhaerah kasebut aran ....
Rawa Pening
Semarang
Banyumanik
Kaliwungu
"Si Kidang ambegipun."
Tembung 'ambegipun' ngemu teges ....
watake
napase
keluwihan
tingkahe
Saben disawang saka kadohan, papan iku katon gemah ripah, sawise dicedhaki ilang utawa nglimuni/ngilang. Wong-wong wektu iku ngarani papan mau diarani nglimut tegese nylamur, ilang. Nganti saiki papan kasebut diarani ....
Nglimut
Ngaliyan
Ungaran
Kendal
Pan Si Gajah angandelaken gung inggil.
Gatra kasebut guru wilangan lan guru lagune yaiku ....
10i
11i
12i
13i
Gatra tembang Gambuh ngisor iki kang ngemu guru wilangan lan guru lagu 8u yaiku ....
Ula ngandelaken iku
Si Kidang ambegipun
Angandelaken kebat lumpatipun
Si Gajah angandelaken gung
Kanjeng Sunan ngendika, “Wit kok ora gelem dikethok, malah ngolah-ngaleh wae. Ya wis ora ngapa, yen ana rejane jaman papan panggonan iki dakjenengake Jatingaleh.”
Dhaerah kasebut kalebu ing wewengkon ....
Semarang
Kendal
Ungaran
Grobogan
"Telu pisan mati sampyoh"
Gatra kasebut ngemu teges ....
Katelune mati bareng
bocah telu dolanan
salah sijine mati
katelune milih mati
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Gatra kasebut ngandhakake yen aja diteruske tumindak kang ....
ora jujur
becik
jujur
sakarepe
Kagawa rasa awak sing kesel, para dagang sing liwat banjur padha ngaso ing kebon nganti keturon. Tangi saka turu wong-wong mau banjur nyawang kebon sing dianggo ngaso, ing kana akeh wit mrica.
Papan mau banjur katelah ....
Mrican
Penggaron
Pedurungan
Ngaliyan
