NEW
Font size
WorksheetsBAHASA JAWA KLS 5 S2 HAL 042 UAS
Total questions: 10
Worksheet time: 7mins
Wragad kanggo gawe dalan wacan ing ndhuwur iku saka ….
bantuan desa
swadana warga desa
bantuan saka kabupaten
bantuan saka perusahaan
Prabu Duryudhana ratu ing Ngastina, yen Prabu Puntadewa ratu ing ….
Pancawati
Ngayodya
Ngamarta
Ngalengka
Bu Ani : “Wati, apa Ndhuk sing dadi cita-citamu.?
Wati :”Cita-cita kula kepengin dados bidan.
Ature Wati kasebut yen diowahi basa ngoko lugu dadi ….
Cita-citaku kepengin dados bidan.
Cita-cita kula kepengin dadi bidan.
Cita-citaku kepengin dadi bidan.
Cita-citaku dadi bidan.
Tulisan nganggo aksara Jawa kasebut yen disalin nganggo aksara latin yaiku ….
Mas Tarja liwat kreteg Kertasana.
Mas Tarja liwat kreteg layang.
Mas Tarja liwat kretek Kertasana.
Mas Tarja liwat kreteg Kramajati.
Ukara ing ngisor iki sing nganggo panyandra kang bener, yaiku ….
Bocah kuwi sinome tumenggung tawang.
Adhiku rambute ndhamar kanginan.
Bu Anis bangkeake nawon kemit.
Mbak Fatma drijine miji timun.
Yen tutur wong tuwa kudu digatekake. Tembung tutur kudune katulis ….
daktutur
kotuturi
dituturi
katuturi
Raden Putra raja ing Jenggala duwe garwa loro. Siji arane Dewi Limaran dene sijine arane Dewi Cendaka. Garwa loro mau padha ayune. Sing mbedhaake mung bebudhine. Dewi Limaran watake becik, dene Dewi Cendaka watake cutka.
Watak utamane Dewi Limaran ana dhongeng ing ndhuwur yaiku ….
becik
culika
bagus
criwis
Kembang mlati
Oh, kembang mlati
Putihmu endah, gandamu arum
…………………………..
Tuwuhmu subur nyenengake ati
Ukara kang pas kanggo ngisi gatra (larik) geguritan ing ndhuwur yaiku ….
Muga-muga ora bisa semi
Esuk sore daksirami
Kepanasan padha mati
Eman gethingku kepati-pati
Geleme njaluk, emoh menehi. Paribasane kang cocok yaiku ...
Nyolong pethek
Jalukan ora wewehan
Keplok ora tombok
Tulung menthung
Tembung sing nganggo seselan – in yaiku ….
ginanjar
tindakna
pingin
dina-dina
