Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pangkur - Bahasa Jawa - Kelas X

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Kumpulaning tembang kang dibukukake salah sijine yaiku Serat Wedhatama, sapa kang nganggit …

a)

Mangkunegara IV

b)

Pakubuwono IV

c)

Hamengkubuwono IV

d)

Mangkubumi

e)

Ronggowarsito

2.

Tembang Jawa kaperang dadi telu, apa wae …

a)

Tembang cilik, tembang sedengan, lan tembang gedhe.

b)

Tembang cilik, tembang tengahan, lan tembang pinggiran.

c)

Sekar alit, sekar sedengan, l an sekar ageng.

d)

Sekar alit, sekar tengahan, lan sekar gadhing.

e)

Tembang cilik, tembang tengahan, lan tembang gedhe.

3.

Tembang macapat iku kalebu tembang …

a)

Cilik

b)

Ageng

c)

Dolanan

d)

Gedhe

e)

Tengahan

4.

Tembang macapat nggambarake uripe manungsa ing alam dunya. Cacahe tembang macapat iku ana …

a)

8

b)

9

c)

10

d)

11

e)

12

5.

Serat Wedhatama cacahe ana 100 pada (bait) kang kaperang dadi 5 pupuh (tembang), apa wae ...

a)

Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, Kinanthi

b)

Pangkur, Mijil, Sinom, Pocung, Kinanthi

c)

Pangkur, Sinom, Dhandhanggula, Pocung, Gambuh

d)

Pangkur, Sinom, Pocung, Megatruh, Kinanthi

e)

Pangkur, Mijil, Sinom, Gambuh, Kinanthi

6.

Cakepan (lirik) tembang Pangkur kang nduweni teges "Ngadohi awak saka tumindak kang ala" yaiku...

a)

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung

b)

Sinawung resmining kidung

c)

Mingkar-mingkur ing angkara

d)

Akarana karenan mardi siwi

e)

Agama ageming aji

7.

"Nyuwun pamit Bu, kula badhe .... tumbas buku ing swalayan". tembung kriya (kata kerja) kang cocog kanggo njangkepi ukara iku ...

a)

Lunga

b)

Tindak

c)

Kesah

d)

Mangkat

e)

Metu

8.

Paugeran tembang Pangkur ana 3 yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Kang dijenengi guru gatra yaiku...

a)

Cacahe gatra ing saben pupuh

b)

Cacahe gatra ing saben pada

c)

Cacahe wanda ing saben gatra

d)

Cacahe wanda ing saben pupuh

e)

Tibane swara ing pungkasaning gatra

9.

"Bapak .... nyambut damel tabuh 4 sonten." Ukara iki bakal jangkep menawa ditambahi tembung kriya .....

a)

Balik

b)

Mulih

c)

Budhal

d)

Kondur

e)

Wangsul

10.

Ing ngisor iki kang kalebu pitutur luhur tembang Pangkur, kajaba...

a)

Yen maringi pututur marang anak kudu nganggo basa kang becik lan endah

b)

Ndhidhik anak nganggo tresna asih

c)

Wong tuwa kudu dadi tuladha becik kanggo anake

d)

Yen ndhidhik anak kudu nganggo landhesan agama

e)

Yen ndhidhika anak kudu nduweni tumindak angkara murka