wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Teks Asil Observasi

Total questions: 10

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...

a)

Dhefinisi Umum

b)

Identifikasi

c)

Dheskripsi Bagean

d)

Dheskripsi Manfaat

2.

Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......

a)

Basa kang kulina digunakake ing karya sastra

b)

Basa Rinengga

c)

Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni

d)

Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna

3.

Ukara miturut kalungguhane tembung-tembunge, perangan kang mratelakake tindakan utawa kaanane jejer diarani : ...

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Katrangan

4.

Ing ngisor iki tuladhane ukara tanggap

a)

Kancaku maca buku nganggo kacamata.

b)

Bukuku disilih Darwanto wis telung dina.

c)

Bocah kae nyekel kucing dhewe ora ana kancane.

d)

Ibu masak sayur lodheh senenganku.

5.

Wulan April

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
6.

Simbah nembe gerah waja.


Gerah waja tegese ....

a)

Lara mripat

b)

Sirahe lara

c)

Lara untu

d)

Lara weteng

7.

Pak Sidik ___ kantor ___ mobil. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku …

a)

menyang, numpak

b)

tindak, numpak

c)

menyang, nitih

d)

tindak, nitih

8.

Wacanen wacana ing ngisor iki kanthi titi!

Program adiwiyata iku mujudake kerja bareng antarane Kendikbud karo Kementerian Lingkungan Hidup (KLH) ing babagan warga sekolah nduweni rasa peduli marang kalestarene lingkungan. Program iki diwiwiti taun 1996, sing dianyari maneh taun 2005. Taun 2006 Kementerian Negara Lingkungan Hidup ngembangake program pendhidhikan lingkungan hidup ing tataran pendhidhikan dasar lan menengah lumantra program adiwiyata. Adiwiyata mujudake sawijine program kang duwe tujuwan kanggo mujudake warga sekolah sing nduweni tanggung jawab marang rasa tresna lan open marang lingkungan lumantar program-program kegiyatan ing sekolah.


Program adiwiyata mujudake program pemerintah tumrap sekolah sing......

a)

Peduli marang kalestarene lingkungan

b)

Peduli marang bocah-bocah sing mlarat

c)

Ora seneng karo kalestarene lingkungan

d)

Kepingin dadi sekolah taraf internasional

9.

Wacanen wacana ing ngisor iki kanthi titi!

Program adiwiyata iku mujudake kerja bareng antarane Kendikbud karo Kementerian Lingkungan Hidup (KLH) ing babagan warga sekolah nduweni rasa peduli marang kalestarene lingkungan. Program iki diwiwiti taun 1996, sing dianyari maneh taun 2005. Taun 2006 Kementerian Negara Lingkungan Hidup ngembangake program pendhidhikan lingkungan hidup ing tataran pendhidhikan dasar lan menengah lumantra program adiwiyata. Adiwiyata mujudake sawijine program kang duwe tujuwan kanggo mujudake warga sekolah sing nduweni tanggung jawab marang rasa tresna lan open marang lingkungan lumantar program-program kegiyatan ing sekolah.


Wiwitane program adiwiyata iku dikembangake ing sekolah-sekolah tataran......

a)

Dhasar lan lanjutan

b)

Lanjutan lan tinggi

c)

Dhasar lan menengah

d)

Pra sekolah lan dhasar

10.

Wacanen wacana ing ngisor iki kanthi titi!

Program adiwiyata iku mujudake kerja bareng antarane Kendikbud karo Kementerian Lingkungan Hidup (KLH) ing babagan warga sekolah nduweni rasa peduli marang kalestarene lingkungan. Program iki diwiwiti taun 1996, sing dianyari maneh taun 2005.

Pengaji-aji adiwiyata mujudake pengaji-aji sing diwenehake marang sekolah-sekolah sing dianggep wis kasil ndhidhik para siswa lan warga sekolah kang nduweni rasa tanggung jawab marang kalestarene lingkungan. Pembiji ngenani sekolah adiwiyata mawa lelandhesan patang ukuran, yaiku pengembangan kebijakan sekolah peduli dan berbudaya lingkungan, pengembangan kurikulum berbasis lingkungan, pengembangan kegiyatan berbasis partisipatif, lan pengelolaan dalasan pengembangan sarana pendukung sekolah.


Pengaji-aji adiwiyata mujudake pengaji-aji sing diwenehake marang sekolah-sekolah sing dianggep wis kasil ndhidhik para siswa lan warga sekolah kang nduweni rasa tanggung jawab marang........

a)

Kalestarene lingkungan

b)

Prestasi non akadhemik

c)

Kalestarene akadhemik

d)

Pendhidhikan budi pekerti