Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BHS JAWA_3.3.5_02102021

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Wong sing wegah nyambut gawe mesti rekasa uripe. Tembung entar saka wegah nyambut gawe yaiku ...

a)

padhang pikire

b)

rupak atine

c)

ngekep dhengkul

d)

luhur budhine

2.

Amarga wegah latihan, anggone lomba ora oleh apa-apa. Tembung entar saka ora oleh apa-apa yaiku ...

a)

ngemut driji

b)

puput yuswa

c)

ngekep dhengkul

d)

dawa tangane

3.

Ukara kang ngemu tembung entar yaiku ....

a)

Pejabat sing korupsi dadi kembang lambe warga

b)

tanganku metu getihe kena peso landhep

c)

sing putih iki jenenge kembang menur

d)

kupinge abang amarga dijewer bapakne

4.

ana ing museum akeh barang pengaji, aja dawa tangane. Teges e dawa tangane yaiku...

a)

seneng nulungi kanca

b)

tangan e dowo banget

c)

seneng gawe piloro wong liyo

d)

gawene njupuk barang kang dudu hak e

5.

Niken kae dadi kembang lambe ing sekolahane. Tegese kembang lambe yaiku ....

a)

papujaning ati

b)

dadi omongan

c)

ayu banget

d)

pinter banget

6.

Anggoro kae lagi susah, aja dibebeda. Tembung entar ing ukara lagi susah yaiku ....

a)

mangan ati

b)

ora due ati

c)

rupak atine

d)

sumpeg atine

7.

Wong sing seneng mabuk mesthi gelis matine. Ukara kang dicetak miring tembung entar yaiku ....

a)

cendhak umure

b)

puput yuswa

c)

luhur derajate

d)

luhur budine

8.

Ojo sok utang nang rentenir, masalahe deweke ki nulung menthung. Tegesé nulung menthung yaiku ....

a)

senengane nggebuki uwong

b)

wong sing seneng gelut

c)

ketoke nulungi nanging asline nyilakani

d)

ora seneng tetulung

9.

Tembung entar lan tegesé ing ngisor iki bener, kejaba ...

a)

Abang kupingé tegesé nesu

b)

Abang-abang lambé tegesé Ora tenanan/ lamis

c)

Abang rainé tegesé ora ayu

d)

Abot sanggané tegesé rekasa

10.

10.Ukara ing ngisor iki sing ngandhut tembung entar yaiku...

a)

Mas Bagas awake gagah prakosa

b)

Amar disenengi kanca-kancane amarga seneng guyon

c)

Sela ora disenengi kanca-kancane amarga dawa tangane

d)

Adik seneng nggawe klambi werna bangjo

11.

Tembung Entar yaiku tembung ...

a)

A. Saroja

b)

B. Ungkapan/kiasan

c)

C. Lingga

d)

D. camboran

12.

Mas Fatah ngangsu kawruh kuliyah ing Jogya, ngangsu kawruh, tegese golek ...

a)

A. Dhuwit

b)

B. Gaweyan

c)

C. Ilmu

d)

D. kanca

13.

Menawa nonton TV aja nganti wengi, amarga sesuk kepancal sepur anggone sekolah.Kepancal sepur tegese ...

a)

A. kecelakaan

b)

B. telat/kaseb

c)

C. ditabrak sepur

d)

D. kesed

14.

Suryani iku pancen ati dhondhong tenan, karo kancane cengkiling/seneng nggepuk. Ati dhondhong, tegese elek ...

a)

A. omahe

b)

B. bijine

c)

C. atine

d)

D. klambine

15.

Si Gombloh kae pancen doyan mangan, menyang endi-endi mesthi nggawa panganan. Tembung entare bocah sing panganane akeh, yaiku weteng ...

a)

A. plastik

b)

B. wakul

c)

C. karung

d)

D. kadhut/karet