wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kelas 4 Geguritan

Total questions: 20

Worksheet time: 11mins

Name
Class
Date
1.

Cacahe gatra ora ajeg klebu tetengere ....

a)

tembang macapat

b)

geguritan

c)

prosa

d)

tanggapan

2.

Nalika maca geguritan kuwi gatekake obahing awak kang diarani ....

a)

wirasa

b)

wicara

c)

wiraga

d)

wirama

3.

Mandheg lakune pocapan sajroning maca geguritan kang ditemtokake dening gantining gatra (larik) yaiku ....

a)

intonasi

b)

tandha wacan

c)

jedha

d)

titik

4.

Ing ngisor iki kang ora klebu bab-bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku ....

a)

mangerteni isine geguritan sing arep diwaca

b)

ngrasakake isi lan kekarepan geguritan

c)

gatekake pocapan lan wiramane

d)

bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi kanthi trep

5.

Geguritan asale saka tembung gurit kang ateges ....

a)

intonasi

b)

tulisan kang awujud tatahan

c)

ekspresi

d)

swara-swara endah

6.

Geguritan kang saben padane kasusun saka rong gatra utawa larik jenenge ....

a)

gita eka gatra

b)

gita dwi gatra

c)

gita tri gatra

d)

gita catur gatra

7.

Tembung pujangga duweni ateges ....

a)

pracaya

b)

wiwitan

c)

pengarang

d)

pinter

8.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

1) Reka

2) Tulis

3) Endah

4) Nulis


Tembung gurit nduweni teges katunjuk nomer ....

a)

1 lan 2

b)

1 lan 4

c)

2 lan 3

d)

3 lan 4

9.

Ing ngisor iki sing nuduhake cirine geguritan yaiku ....

a)

basane endah

b)

wujude paragraf

c)

ana alur critane

d)

gampang dimangerteni

10.

Kanggo nggampangake mangerteni isi geguritan bisa kanthi ....

a)

ngeling-eling pengangite

b)

ngeling-eling irah-irahane

c)

ngowahi geguritan dadi wacan cerita

d)

njlentrehake tembung-tembung sing angel

11.

Tegese tembung-tembung angel ing geguritan bisa digoleki ana ing ....

a)

buku pintar

b)

buku wacan

c)

bloknot

d)

kamus

12.

Gatekno ukara ing ngisor iki!

1. sora

2. cekak

3. menthes

4. merdhu


Basa kang digunakake ing geguritan katunjuk nomer ....

a)

1 lan 2

b)

1 lan 4

c)

2 lan 3

d)

3 lan 4

13.

Tembung ngugemi duweni teges ....

a)

pracaya

b)

wiwitan

c)

pengarang

d)

pinter

14.

Ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika maca geguritan, kejaba ....

a)

intonasi

b)

ekspresi

c)

klambi

d)

lafal

15.

Tembung pepeling duweni teges ....

a)

pracaya

b)

pengarang

c)

wejangan

d)

bab kang endah

16.

Titikane geguritan gagrag anyar yaiku ....

a)

ora kaiket paugeran tertamtu

b)

diwiwiti kanthi ukara sun gegurit

c)

isih ngugemi anane guru wilangan

d)

guru lagune pinathok

17.

Titikane saka geguritan gagrag lawas, kejaba ....

a)

diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit

b)

lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra

c)

guru lagu (rima utawa persajakan) pinathok

d)

ora kaiket paugeran

18.

Iketaning basa kang memper sair arane yaiku ....

a)

prosa

b)

gancaran

c)

novel

d)

geguritan

19.

Tembung ing geguritanduwe makna kang jero, tegese ...

a)

cekak

b)

menthes

c)

endah

d)

tembungane pilihan

20.

Kang perlu digatekake jroning nyulih wedharaning geguritan yaiku, kejaba ....

a)

maca tulisan kanthi setiti

b)

ngilangi tembung

c)

jingglengi pralambang sing dienggo

d)

jarwani nafsirke makna pasemon utawa pralambange