NEW
Font size
WorksheetsULANGAN PADINAN 1 KELAS 6 "LAIRE GATHOTKACA" SDN PALEBON 02
Total questions: 10
Worksheet time: 10mins
"Dhimas Arjuna, ... aja wedi kangelan, saiki budhala menyang Kayangan Suralaya. Ngampila pusaka kadewatan marang Bathara Guru, saperlu kanggo ngethok tali pusere jabang bayi. Matur, menawa sakabehing pusaka kang ana ing arcapada ora ana kang tedhas ngethok tali puser kang nunggal karo ari-arine putrane rakamu, Adhimas Sena."
Dening Bathara Kresna, Arjuna dikongkon menyang ....
Kadipaten Awangga
Kadipaten Pringgadani
Kayangan Surapati
Kayangan Suralaya
"Dhimas Arjuna, ... aja wedi kangelan, saiki budhala menyang Kayangan Suralaya. Ngampila pusaka kadewatan marang Bathara Guru, saperlu kanggo ngethok tali pusere jabang bayi. Matur, menawa sakabehing pusaka kang ana ing arcapada ora ana kang tedhas ngethok tali puser kang nunggal karo ari-arine putrane rakamu, Adhimas Sena."
Pusaka kadewatan arep digunakake kanggo ....
gaman kanggo perang
gaman kanggo pusaka
ngethok tali puser
ngethok ari-ari
Tanpa guneman apa-apa, Arjuna terus nggeblas metu saka papan patemon iku. Langkahe wis mesthi, deweke bakal menyang Kayangan Suralaya, papan panggonane para dewa. Tujuane cetha arep ngampil pusaka kadewatan kanggo ngethok tali pusere jabang bayi, putrane kangmase, iya keponakane dhewe.
Lungane Arjuna menyang kayangan saperlu ....
ngampil pusaka kadewatan
ngadhep Bathara Guru
ngampil Kunta Wijayadanu
pamit marang Bathara Guru
Bathara Kresna dhawuh marang Arjuna.
Tembung dhawuh tegese padha karo ....
rawuh
pekewuh
ngongkon
dikongkon
"Pukulun, sowan kula dhateng mriki saperlu ngampil pusaka kadewatan, Pukulun. Dene pusaka kasebat badhe dipunangge ngethok tali puseripun jabang bayi putra Kakangmas Werkudara, Pukulun," ature Arjuna sawise ngaturake sembah.
Jabang bayi sing ora bisa dikethok tali pusere iku putrane ....
Bathara Kresna
Bathara Guru
Arjuna
Werkudara
Sing ngandhakake menawa pusaka wis diparingake Adipati Karna iku ....
Bathara Naradha
Bathara Guru
Bathara Bayu
Bathara Indra
Adipati Karna Kukuh, ora gelem ngulungake pusaka iku. Dene Arjuna nekad njaluk pusaka iku. Wusanane, satriya loro iku banjur padha perang perang. Perange rame banget. Loro-lorone padha sektine.
Sawise kesusul Arjuna, Adipati Karna kukuh ora gelem ....
menehake Kunta Wijayadanu
kandha karo Arjuna
perang tandhing lawan Arjuna
rembugan babagan Kunta Wijayadanu
Sing perang rebutan Kunta Wijayadanu yaiku ....
Arjuna karo Bathara Kresna
Arjuna karo Adipati Karna
Bathara Kresna karo Bathara Guru
Bathara Guru karo Bathara Narada
Tekan ing Pringgodani. saiba kagete Arjuna. Barang sing dikira pusaka kadewatan, jebul mung slongsonge thok, tanpa ana isine. Sanajan kaya mengkono, slongsong Kunta Wijayadanu enggal-enggal diaturake marang Bathara Kresna.
Satekane maneh ana ing Pringgodani, Arjuna kaget amarga ....
pusakane malih dadi slongsong
tali pusere wis bisa dikethok
sing direbut jebul mung slongsong
tali puser ora bisa dikethok
Pancen nyatane slongsong Kunta Wijayadanu bisa nganggo ngethok tali pusere si jabang bayi. Nanging, sawise tali puser bisa tugel, slongsong Kunta Wiajayadanu iku mlebu lan nyawiji karo pusere si jabang bayi.
Bareng tali puser wes bisa dikethok, slongsong banjur ....
ilang musna
ilang sirna
nyawiji karo jabang bayi
dibaleake menyang dewa.
