NEW
Font size
WorksheetsBahasa Jawa babagan Geguritan
Total questions: 10
Worksheet time: 10mins
Rukun Tegese ….
a. Gregetan mulane ora tumindak
b. Greget orak tumindak bebarengan
c. Urip sing selaras lan saling mbantu
d. Urip seneng pasulayan
Rukun agawe santosa, crah gawe bubrah. Tegese ….
a. Cecongkrahan ndadekake kuwat, nanging rukun ndadekake korat-karit
b. Cecongkrahan kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa korat-karit
c. Rukun kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa korat-karit
d. Rukun ndadekake kuwat, nanging cocongkrahan ndadekake korat-karit
Puisi bahasa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok diarani ….
a. Geguritan
b. Larik
c. Pada
d. Surasa
Gagasan pokok sing arep diandharake sajerone geguritan diarani ….
a. Tembung
b. Tema
c. Bait
d.Swara
Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi ….
a. Alus lan nrenyuhake
b. Endah lan aji
c. Kasar lan mangkelake
d. Suci lan Nyenengake
Saben sepada geguritan, dumadi saka …. Gagasan pokok.
a. Siji
b. Loro
c. Telu
d. Papat
Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani ….
a. Ngowahi crita
b. Prosa/crita
c. Ngarang crita
d. Paraphrase
Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku kanthi ….
a. Solah bawa lan patrape dhewe-dhewe
b. Nuladha solah bawa lan patrape liyan
c. Tanpa solah bawa lan patrap
d. Solah bawa sing digawe-gawe
Yen isine geguritan iku bungah, polatane sing maca kudu ….
a. Katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng
b. Katon bungah supaya sing ngrungokake melu sedhih
c. Katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih
d. Katon Sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng
Wiwit saka pamilihe geguritan, tata krama, nganti tata busanane sing maca kudu nggatekake kesenengan utawa kabutuhane sing ngrungokake diarani ….
a. Olah swara
b. Patrap
c. Nyawiji
d. Sarana
