NEW
Font size
WorksheetsULANGAN HARIAN BAHASA JAWA KELAS 7C, 7D, 7E
Total questions: 10
Worksheet time: 3hrs 30mins
Ing ngandhap menika ukara ingkang ngemot tembung saroja inggih menika….
Desa Sendangsari nggadhahi pemandangan ingkang edi peni
Ibu mundhut nagasari ing peken.
Pak Toni menika tiyang ingkang sugih bandha.
Warga Desa Sendangsari padha royongan
Ing ngandhap menika titikanipun teks narasi, kajawi….
Ngginakaken basa padinan
Nengenaken pikir tinimbang raos
Nengenaken raos tinimbang pikir
Wonten paraga, papan, kahanan
Novel, dongeng, cerkak kaliyan roman menika kalebet ing jinis….
Narasi ekspositoris
Narasi sugestif
Deskripsi ekspositoris
Deskripsi sugestif
Bab ingkang kedah dipungatekaken nalika nyerat teks narasi, kajawi….
Menapa ingkang dipunandharaken
Sinten ingkang ngalami prastawa menika
Wonten pundi dumadinipun prastawa menika
Sinten kemawon paraganipun
Desa wisata Sendangsari, Kecamatan Garung nggelar prosesi seni budaya tahunan kanthi jeneng “Pawiyatan Budaya” nalika dina Setu, tanggal 21 Mei. Ora kurang saka 16 jinis kesenian khas desa wisata sing dikenal kanthi sebutan Dewi Sri, kanggo nglelipur masarakat. Kepala Desa Sendangsari, Pawit Adi Wibowo nerangake menawa kang duwe krenteg nggelar pawiyatan budaya, iya para warga dhewe kanggo nglestarekake seni budaya asli warisan leluhur, lan netepi anggone dadi desa wisata. “Para warga malah wis duwe karep arep nggelar acara Pawiyatan Budaya ora mung sepisan sajroning setaun, nanging bisa kaping pindho utawa ping telu. Supaya para wisatawan sing padha tekan ing Sendangsari mangerteni kasugihane seni budaya Desa Sendangsari.
Pokok isi waosan ing ngginggil ingkang trep inggih menika….
Desa Sendangsari nggelar prosesi seni budaya kagem narik wisatawan.
Desa Sendangsari nggelar pawiyatan budaya.
Desa Sendangsari nglestarekaken warisan leluhur
Desa Sendangsari nganakaken pawiyatan budaya sajroning setaun ping kalih utawi pindo.
Lumantar pawiyatan budaya kang mamerake 16 jinis kesenian, kayata tari lengger, sendratari kolosal, emblek, barongsai, lan liya-liyane iku kaajab krentege wisatawan kanggo rawuh ing Desa Sendangsari saya akeh.
Tembung “pawiyatan” miturut waosan ing nginggil menika nggadhahi teges….
Pamulangan
Sekolah
Mulang
Sinau
Mawar abang saben dian gaweyane mung nesu lan muring-muring. Dene mawar putih tansah sumeh, meneng, sabar, lan ngalah. Sanajan mawar putih diujar-ujari, disiya-siya, diece dheweke mung meneng malah males kanthi kabecikan karo mawar abang.
Pitutur luhur ingkang saged dipunpundhut saking waosan ing nginggil inggih menika….
Kita boten pareng balas dendam nalika wonten tiyang ingkang tumindak boten becik dhateng kita.
Kita langkung sae mendel mawon nalika wonten tiyang ingkang ngece.
Kita kedah sabar nalika wonten tiyang ingkang tumindak awon dhateng kita.
Kita kedah sabar nalika wonten tuyang ingkang tumindak awon, langkung sae dipunmales kanthi kesaenan.
Aku isih kelingan, nalika ana prahara putting beliung nrejang dhaerahku tau kepungkur. Sekawit langite wernane putih, weruh-weruh dadi petheng ndhedhet lelimengan. Sebanjure keprungu swara gumuruh saka kadohan sing rumangsaku asale saka sisih iring kidul wetan. Ora let suwe banjur keprungu swara pating jrethot lan pating gobyog gawe mirising ati. Kasusul swara wong pating njerit nyebut asmane Gusti Kang Maha Kuwasa. Wit-wit sing cilik padha sempal epange, wit sing gedhe padha rubuh rungkat oyote.
Waosan ing nginggil menika kalebet jinis teks narasi….
Ekspositoris
Sugestif
Eksposisi
Deskripsi
Pakulinane mawar abang sing ora becik kuwi mau saya suwe saya ndadi. Seben nesu mesthi mawar putih sing entuk rekasane. Saben dina mawar abang nguncali telek pithik marang mawar putih. Mawar putih mung trima meneng, ora males. Amarga saka tumindake mawar abang sing ditindakake saben dina kaya mangkono kuwi, ing sakiwa tengene mawar putih akeh telek pithike.
Waosan ing nginggil menika kalebet jinis teks narasi….
Ekspositoris
Sugestif
Eksposisi
Deskripsi
Ing jaman saiki sekabehaning tumindak pancen merlokake beya.
Ukara ing nginggil menawi dipunowahi mawa krama ingkang trep inggih menika….
Ing jaman saiki sedaya tumindak panci merlokaken beya.
Ing jaman samenika sedaya tumindak pancen merlokaken beya
Ing jaman saiki kabeh tumindak panci merlokake beya.
Ing jaman samenika sedaya tumindak panci merlokaken beya.
