Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA KELAS 8 KD 3.1

Total questions: 10

Worksheet time: 3hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Adipate Yudhapati rumangsa diasorake, akhire mutusake memungsuhan karo Adipati Puspa andungjaya. Kadipaten loro sing rikala semana urip rukun akhire perang. Ana ing peperangan iku, pemimpin prajurit kadipaten Carangsoka, Raden Sukmayana gugur lan diganteni adhine yaiku Raden Kembangjaya.


Tembung diasorake miturut waosan ing nginggil tegesipun….

a)

Dipunjunjung

b)

Dipunkurmati

c)

Dipunremehaken

d)

Dipunsuyudi

2.

Kacarita ing jaman biyen udakara 70 taun kepungkur ana istana duweke sang ratu kang ayu banget rupane, arane Ratu Sintha Dewi. Saking ayune mula akeh wong lanang sing kesengsem, wis akeh sing nglamar ratu Sintha Dewi nanging ora ana siji-sijia sing bisa nglamar amarga njaluk mas kawin sing werna-werna lan angel diwujudake.


Tembung udakara miturut waosan ing nginggil tegesipun….

a)

Kira-kira

b)

Jaman rumiyin

c)

Jaman semana

d)

Kurang luwih

3.

Ki Martoloyo kuwi priyayi kang alim lan seneng karo seni. Ki Martoloyo uga seneng ngulandara kanggo dhakwah utawa nyebarake agama Islam.


Tembung ngulandara tegesipun…

a)

Ngumbara

b)

Suwita

c)

Mulang

d)

Ngudarasa

4.

Mbah Putri mundhut sekar (1) sinambi mirengake sekar (2) Dhandhanggula saka radhio.


Tembung sekar ing angka setunggal menika nggadhahi teges ingkang sami kaliyan ing ukara….

a)

Sekar macapat sampun wonten wiwit jaman rumiyin.

b)

Ibu remen sanget kaliyan sekar melati.

c)

Sekaripun radi ewed tumrapipun siswa.

d)

Sampun gangsal sekar ingkang dipungladhi niki wau.

5.

Ukara ing ngandhap menika ngemot tembung sanepa, kajawi….

a)

Andi menika lare ingkang dedege dhuwur kencur.

b)

Tiya kaliyan Vina kekancanipun srawunge renggang gula kemepyur pulut.

c)

Nalika ing foto jaman rumiyin Ibu menika eseme pait madu.

d)

Pakdhe Jono tindak dhateng Semarang nitih oto.

6.

Utange arang wulu kucing.

Ukara menika kalebet tembung sanepa ingkang tegesipun….

a)

Sekedhik sanget

b)

Kathah sanget

c)

Raket sanget

d)

Manis sanget

7.

Sawijining cariyos ingkang wosipun bab dumadinipun papan, menika pangerten saking….

a)

Fabel

b)

Sage

c)

Legendha

d)

Sage

8.

1. Ki Martoloyo kuwi priyayi kang alim lan seneng karo seni. Ki Martoloyo uga seneng ngulandara kanggo dhakwah utawa nyebarake agama Islam. Sawijining dini Ki Martoloyo tekan ing desa sing ana ing tlatah Wonosobo. Ki Martoloyo uga nyebarake Islam ing kana. Kanggo mincut kawigatene warga supaya gelem padha ngumpul, Ki Martoloyo mbarang dadi lengger.


Miturut waosan ing nginggil menika ngemot unsur-unsur instrinsik cariyos legendha inggih menika….

a)

Tema

b)

Sudut pandang

c)

Latar

d)

Paraga

9.

1. Ki Martoloyo nganggo acara mbarang lan macak dadi wong wedok kuwi mau ana alesane. Ki Martoloyo ngerti, yen warga dikumpulake amarga arep diceramahi utawa dikon ngrungokake dakwah, mesthi ora padha gelem lan ora bakalan ana sing teka, mula Ki Martoloyo nganggo cara mbarang supaya warga padha kepincut banjur padha ngumpul.


Piweling menapa ingkang trep kaliyan waosan ing nginggil….

a)

Menawi badhe nyebaraken dhakwah kedah ngangge cara ingkang boten mboseni.

b)

Menawi badhe nyebaraken dhakwah kedah ngangge lengger.

c)

Menawi badhe nyebaraken dhakwah kedah kaliyan Ki Martoloyo.

d)

Menawi badhe nyebaraken dhakwah cara jejogedan supados kathah ingkang ngempal.

10.

1. Utange arang wulu kucing, abote abot kapuk, ulate bening leri, lungguhe anteng kitiran, sing nyawang kedhep tesmak.


Ukara-ukara ing nginggil menika kalebet ing tembung….

a)

Garba

b)

Saroja

c)

Sanepa

d)

Andhahan