wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH BASA JAWA GUYUB RUKUN LAN GEGURITAN

Total questions: 45

Worksheet time: 8hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Becike sing guyup ............. aja seneng congkrah

a)

Sayuk

b)

Rukun

c)

Repot

d)

Padu

2.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese …

a)

Rukun ndadekake kuwat, cecongkrahan marakake bubrah

b)

Rukun bisa kuwat, nanging bisa marakake bubrah

c)

Rukun ndadekake bubrah, cecongkrahan marakake kuwat

d)

Rukun kadhang-kadhang kuwat, kadhang-kadhang marakake bubrah

3.

sebutna tuladhane/contohe guyub rukun ing sekolahan!

a)

tandang gawe

b)

mituhu marang guru, sih-sinisihan sakancane, resik lingkungan sekolah bareng

c)

tukar padhu marang kancane

d)

resik-resik ing omah

4.

Ndadekake apa urip guyup rukun iku?

a)

Seneng

b)

ora tukar padu, ati dadi seneng tur ayem

c)

mituhu

d)

duwe kanca

5.

Rukun agawe..........Crah agawe..............

a)

seneng,becik

b)

Santosa, bubrah

c)

rahayu, mituhu

d)

akeh kancane, becik

6.

Nalika kerja bakti padha tumandhang kanthi nandur kabecikan. Tembung "nandur kabecikan" tegese.....

a)

tumindhak ala

b)

tumindhak apik

c)

ngajak tukaran

d)

ngajak sinau

7.

Jroning tandhang gawe kabeh dikantheni rasa.....

a)

sedhih

b)

seneng

c)

wedi

d)

trenyuh

8.

Crah agawe bubrah.

Tembung "crah" tegese......

a)

ngajak kekancan

b)

golek paseduluran

c)

ngajak tukaran

d)

tansah guyub rukun

9.

Rukun agawe santoso.

Tembung "santoso" tegese....

a)

rukun

b)

anteng

c)

ringkih

d)

roso

10.

Geguritan iku yen basa Indonesia diarani.....

a)

cangkriman

b)

parikan

c)

paribasan

d)

puisi

11.

Salah sijine jenis karangan sastra Jawa sing dikarang kanthi nengenake rasa kaendahan diarani.......

a)

pantun

b)

paribasan

c)

geguritan

d)

syair

12.

Sing dadi temane geguritan ing dhuwur yaiku.......

a)

urip cecongkrahan

b)

ngajak guyup rukun

c)

seneng tukar padu

d)

seneng nyambut gawe

13.

Tembung-tembung sing dipilih kanggo geguritan yaiku tembung-tembung kang.......

a)

mentes lan mantesi

b)

lumrah digunakake

c)

angel dingerteni

d)

ora tau digunakake

14.

Sebutna cirine Geguritan..................

a)

Cekak, mentes, Endah, Tembunge pilihan

b)

Ngladrah

c)

tulisan sing becik

d)

tulisane dhowo, mentes

15.

Apa wae bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan ing panggung?........

a)

isine geguritan

b)

Olah swara, ekspresi, nyawiji, sarana

c)

wong kang deleng

d)

patrap/ekspresine

16.

Geguritan yen ing Basa Indonesia uga diarani ....

a)

Pantun

b)

Puisi

c)

Soneta

d)

Gurindam

17.

Geguritan uga diarani ...

a)

parikan

b)

paribasan

c)

puisi jawa

d)

saloka

18.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Sapa sing nulis geguritan ing duwur?

a)

R. Widiyati

b)

Jeng Kitut

c)

Bunda Etik Kusweni

d)

Astuti

19.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ....

a)

Bisa ngarang

b)

Pinter nembang

c)

Ngerti pengarange

d)

Paham isine

20.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia

c)

Katun Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat

d)

Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

21.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Tembung santosa pada tegese karo ...

a)

rusak

b)

mulya

c)

rukun

d)

rembug

22.

cacahe gatra utawa larik saben pada utawa bait diarani

....

a)

Guru Gatra

b)

Guru Lagu

c)

Guru wilangan

d)

Guru Swara

23.

sing diarani guru wilangan yaiku...

a)

cacahing wanda saben utawa suku kata ing saben gatra

b)

cacahe gatra utawa larik saben bait

c)

pocapan utawa intonasi ing wekasaning bait

d)

cacahe bait ing geguritan

24.

Obahing awak nalika moco geguritan diarani...

a)

wirama

b)

wicara

c)

wiraga

d)

wirasa

25.

makna geguritan ing dhuwur

a)

Ibu seng sabar

b)

ibu seng gak sabar

c)

ibu seng nesunan

d)

salah kabeh

26.
Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .
a)
tema
b)
inspirasi
c)
bahasa
d)
foto
27.
Geguritan yaiku rerangkening . . . Sing ditulis kanthi runtut
a)
ukara
b)
tetembungan
c)
curahan hati
d)
amanat
28.
Wong sing nulis geguritan diarani . . .
a)
panggurit
b)
penulis
c)
pamaos
d)
dening
29.
Geguritan yaiku . . . . ukara sing ditulis dening pengarang, duweni amanat sing apik kanggo pamaos.
a)
rerangkening
b)
urutane
c)
cerita
d)
jinise
30.

Maceme geguritan iku opo ae

a)

Geguritan gagrak lawas

b)

Geguritan gagrak anyar

c)

Geguritan gagrak anyar lan Geguritan gagrak lawas

d)

Kabeh bener

31.

Geguritan ono ing duwur iku ana 3 pada. Pada ke loro ono pirang gatra

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

32.

Geguritan ing dhuwur ono pirang pada

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

33.

Tembung larik, pada, wirama, lan isi, uga diarani ... geguritan

a)

Unsur

b)

Tegese

c)

Jenising

d)

Isine

34.

Jenising geguritan ana loro, yaiku...

a)

Lawas lan tradisional

b)

Anyar lan modern

c)

Bebas lan modern

d)

Tradisional lan modern

35.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Guruku

d)

Gegayuhanku

36.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur ana ... larik

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

37.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur ana ... pada

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

38.

Ing ngisor iki sing nuduhake cirine geguritan yaiku ....

a)

basane endah

b)

wujude paragraf

c)

ana alur critane

d)

gampang dimangerteni

39.

Kanggo nggampangake mangerteni isi geguritan bisa kanthi ....

a)

ngeling-eling pengangite

b)

ngeling-eling irah-irahane

c)

ngowahi geguritan dadi wacan cerita

d)

njlentrehake tembung-tembung sing angel

40.

Titikane geguritan gagrag anyar yaiku ....

a)

ora kaiket paugeran tertamtu

b)

diwiwiti kanthi ukara sun gegurit

c)

isih ngugemi anane guru wilangan

d)

guru lagune pinathok

41.

tembung "kuciwa" tegese...

a)

ngupaya

b)

gela

c)

mbelani

d)

ngembangake

42.

Apa kang diarani geguritan ...

a)

Puisi basa Jawa gagrak lawas kang ora kaiket dening paugeran sing gumathok

b)

Puisi basa Jawa gagrak anyar kang kaiket dening paugeran sing gumathok

c)

Puisi basa Jawa gagrak anyar kang ora kaiket dening paugeran sing gumathok

d)

Puisi basa Jawa gagrak lawas kang kaiket dening paugeran sing gumathok

43.

Sing diarani Diksi ...

a)

pamilihe tembung

b)

pamlihe ukara

c)

pamilihe maksa

d)

pamilihe swara

44.

Srengenge iku jeneng liyane ....

a)

Bulan

b)

Bintang

c)

Samudra

d)

Matahari

45.

Luhku tumetes ...tes... Neleesi bumi. Ukara iku nggambarake wong sing lagi ....

a)

ngguyu

b)

nesu

c)

nangis

d)

bungah