WorksheetsGeguritan
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
kalebu struktur batin geguritan yaiku ...
tema lan amanat
diksi lan tipografi
enjambemen dan lelewaning basa
purwakanthi lan wirasa
panyitra lan diksi
sing kalebu struktur lair yaiku
panyitra lan tema
enjambenem lan wirasa
tema lan amanat
diksi lan tipografi
wirasa lan amanat
gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ning ati/ kricik-kricik kata tatanan tembang kang enda//
kutipan geguritan dhuwur nggunakake panyitra...
pandeleng
pangganda
pangrungu
pangarasa
panindak
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...
bapak
ibu
anak
putu
sedulur
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...
wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak
bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali
susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong
bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara
susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
purwakanthi sing digunakake yaiku purwakanth guru ...
swara i
sastra t
basa/lumaksita kali
swara um
sastra g
Jingglengana geguritan ing ngisor!
Medhitasi Mangsa
Sumono Sandy Asmoro
....
Bumi kae ora nate bedak-mbedakake
Samubarang kang ana ing sadhuwure
Kabeh winih dithukulake
Ora metung papak lancipe
Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku ...
Kudu milah lan milih
Tumindak sakarepe
Kang ngina mring sasama
Manungsa ora oleh mbeda-mbedake
Kudu bisa mbeda-mbedakake
Angen-Angen
Fara Fitriana
Yen ta isa, aku pengin sampurna
Sakora-orane kaya pari ing sawah
Migunani tumrap bebrayan
Nanging tetep ndingkluk andhap asor
Yen ta isa, aku kepingin dadi kelapa
Migunani wiwit oyot nganti janure
Utawa dadi wit ringin
Kuwat ngayomi sapada-pada
Yen ora aku pengin dadi lilin
Menehi pepadhang kanggo liyan
Ning nyatane aku amung manungsa sawantah
Ora rosa nadhan sesangan
Amung bisa netesake luh ing batin
Nalika gawe gela liyan
Tulung, aku aja dipeksa mbangun turut wae
Aku ngerti,
Aku amung ora pengin ana sing lara ati maneh
Aku lan sapa wae sing iso ngayomi
Aku
Aku mung pengin urip mulya kegaro angen-angenku
(Penyebar semangat, No 18-30 April 2016)
Angen-angen iku ngemu teges ...
Gegayuhan sing wus klakon
Gegayuhan sing durung klakon
Kanyatan sing wis dilakoni
Kanyatan sing durung dilaksanake
Kanyatan sing mokal kelakon
Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin
Dening Siti Purwati, S.Pd.
....
Nanging, jajalen ..... titenana
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Apa maneh kok mujudake janji-janji jenengan
Pethikan geguritan ing dhuwur katujokake kanggo ...
Kursi empuk
Pemimpin
Pemulung
Rosokan
Calon Pemimpin
Saka wujud lan isine geguritan kaperang dadi loro yaiku....
Gagrag lawas lan gagrag anyar
Gagrag lawas lan tradhisional
Gagrag anyar lan modheren
Geguritan lan tembang
Tembung kang digunakake kango nyritakake sawijining bab kanthi cara bandhingake manungsa, piranti, apadene kahanan yaiku..
Topografi
Rima
Purwakanthi
Lelewaning basa
Titikane geguritan gagrag lawas, yaiku ing wiwitan geguritan ana tembung….
Kang gegurit
Sun gegurit
Padha nggurit
Dak gegurit
kang ora bakal ilang saka kedhepe netra. Netra dasanamane...
soca
ripah
rasthi
mandara
umis
Geguritan yaiku...
Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket
dening paugeran (aturan) sing gumathok.
Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket
dening paugeran (aturan) sing gumathok.
Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening
paugeran (aturan) sing gumathok.
Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening
paugeran (aturan) sing gumathok.
Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening
salah siji paugeran (aturan)
Wong sing nulis geguritan diarani . . .
panggurit
penulis
pamaos
dening
novelis
