wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS 1 BAHASA JAWA

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Tujuan pidhato utawa sesorah ing ngisor iki kajaba….

a)

menehi informasi

b)

menehi hiburan

c)

menehi piwulang

d)

acara perpisahan

2.

Puji syukur kula aturaken dumateng ngarsanipun Gusti Allah swt awit sampun paring kesehatan, kekiyatan, saha keselametan. Karana menika panjenengan saha kula saged makempal wonten adicara silaturahmi.

Pratelan pidhato kuwi kalebu perangan….

a)

surasa basa/isi

b)

salam pambuka

c)

purwaka basa

d)

wasana basa/panutup

3.

Ukara ing ngisor iki kang klebu tuladhane wasana basa sesorah yaiku….

a)

Mekaten atur kula, menawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten

b)

Matur nuwun bilih panjenengan sampun saged ngrawuhi wonten adicara menika

c)

Katur Panjenenganipun Bapak saha Ibu Guru saha Kepala Sekolah

d)

Mangga kula dherekaken ngunjuk syukur dumateng Gusti Allah

4.

Tembung pakurmatan sesorah kang ditindaake ana ngarep kanca sekelas yaiku….

a)

kanca-kanca ingkang kinurmatan

b)

kanca-kanca ingkang wilujeng

c)

kanca-kanca kang dak tresnani

d)

para kanca sedoyo mawon

5.

Pidhato ing acara kesripahan iku duwe ancas….

a)

pambagya

b)

pangajak

c)

panglipur

d)

kabar

6.

Soroting mripat nalika maca teks pidhato becike….

a)

tunuju ing pamireng diselingi ing teks

b)

mandhuwur karo maca teks

c)

mangisor karo maca teks

d)

jlalatan tanpa maca teks

7.

Kula minangka wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.


Pidhato kuwi diwacaaken ing acara perpisahan kanggo ….

a)

kanca kang pindah sekolah

b)

guru kang pindah sekolah

c)

siswa kelas VI kang lulus sekolah

d)

guru lan adhik-adhik kelas 1 - 5

8.

Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.


Ingkang maos pidhato ing duwur yaiku ….

a)

bapak/ibu kepala sekolah

b)

guru kelas VI

c)

perwakilan siswa kelas VI

d)

adhik-adhik kelas

9.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.


Ukara iku ing pidhato kalebu….

a)

Pangarep-arep

b)

Purwaka

c)

Surasa basa

d)

Salam pembuka

10.

Basa sing digunakake kanggo pidato perpisahan kelas 6 yaiku….

a)

basa ngoko

b)

basa krama

c)

basa ngapak

d)

basa daerah

11.

Gambar wayang ing ngisor iki kang aran Adipati Karna yaiku….

a)
b)
c)
d)
12.

Adhipati Karna kuwi ratu ing….

a)

Jodhipati

b)

Astina

c)

Mandaraka

d)

Awangga

13.

Ibune Adhipati Karna yaiku….

a)

Dewi Kunthi

b)

Dewi Arimbi

c)

Dewi Banowati

d)

Dewi Drupadi

14.

Ing Perang Bharatayudha, Adhipati Karna mbelani….

a)

Kurawa

b)

Pandawa

c)

Prabu Kresna

d)

Prabu Salya

15.

Adhipati Karna gugur ing tangane….

a)

Gathotkaca

b)

Werkudara

c)

Arjuna

d)

Nakula

16.

Pidhato ing basa Jawa uga sinebut….

(a)  

17.

Mekaten aturku.

Ukara ing dhuwur kurang trep, kudune….

(a)  

18.

Perang gedhe antara Pandhawa lan Kurawa diarani Perang (a)  

19.

Gambar wayang iku kalebu Satriya Pandhawa kang aran….

(a)  

20.

Ing Perang Bharatayudha, akeh satriya kang padha nemahi pralaya. Pralaya tegese….

(a)