Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Eksposisi Mantu

Total questions: 10

Worksheet time: 4mins

Name
Class
Date
1.

1. Temanten iku salah sawijining prastawa wigati wonten sejarang pagesanganing manungsa.

2. Saben-saben tahapan menika anggadhahi pralampita piyambak-piyambak.

3.Masarakat Jawa duwe adat istiadat dhewe kanggo nindakake upacara sakral, upacara adat temanten Jawa.

4. Upacara sakral menika kawiwitan saking nontoni dumugi pahargyan penganten.


Uratan kang bener supaya tembung-tembung ing dhuwur bisa dadi paragraf kang runtut yaiku....

a)

1,2,3,4

b)

1,3,4,2

c)

2,1,3,4

d)

3,2,1,4

2.

1. Pahargyan penganten yaiku rerangkening upacara adat kang katindakake nalika pengantindilungguhake ing sasana mulya minangka raja sedina.
2. Kayata balangan gantal, midak tigan, ngunjuk toya wening, sinduran, bobot timbang, winisuda, kacar-kucur, dulangan,sungkeman, lan kembul bujana.
3. Sing kalebu tatacara ana ing upacara Pahargyan Penganten iku bisa maneka warna.


Urutan kang trep kanggo ukara-ukara ing dhuwur supaya bisa dadi paragraf kang runtut yaiku.....

a)

1,2,3

b)

1,3,2

c)

2,3,1

d)

3,2,1

3.

gambar ing dhuwur kalebu adicara....

a)

pasrah sanggan

b)

sungkeman

c)

siraman

d)

midodareni

4.

1. Kajaba pancen angel lan ewuh anggone nyawisake, adicara kang mangkono iku kepara ora sethithik waragade.

2. Kajaba saka kuwi, para kanoman saiki luwih seneng karo bab-bab sing ringkes.

3. Ing jaman saiki, upacara mantu kuwi katone wis arang kang ditindakake kanthi wutuh.

4. Mula ora gumun yen mung para pamengku budaya kang isih nuhoni tata cara upacara adat matu kejawen kuwi kanthi wutuh pinangka ngeluri budaya Jawa.


Urutan ukara-ukara ing dhuwur supaya bisa dadi paragraf kang trep yaiku...

a)

3,1,2,4

b)

1,2,4,3

c)

2,4,3,1

d)

4,3,2,1

5.

Ingkang minangka pralampita menawi tiyang Jaler menika badhe paring nafkah yaiku ing adicara....

a)

mecah tigan

b)

sinduran

c)

sungkeman

d)

kacar-kucur

6.

godhong suruh kang dilinting ditaleni lawe diarani...

a)

gantal

b)

sekar setaman

c)

kalasa bangka

d)

empon-empon

7.

gambar ing dhuwur kalebu adicara...

a)

lamaran

b)

pasang tarub

c)

seserahan

d)

siraman

8.

upacara midak tigan duweni werdi....

a)

menawa tiyang jaler badhe paring nafkah

b)

didhodhog rasa lan nalare

c)

njawijine jalu lan wanita mugi enggal entuk keturunan

d)

wong tuwa tansah nuntun putrane tumuju dalan kang bener

9.

"Kepriye Pak, bobote anake?"

ukara ing dhuwur kalebu ing tatacara....

a)

sungkeman

b)

bobot timbang

c)

dhahar waliamah

d)

balangan gantal

10.

upacara paningset ditindakake sawise upacara...

a)

lamaran

b)

seserahan

c)

ijab

d)

siraman