wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa jawa

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Palaporan ngenani sakabehing kedadeyan kang lagi wae dumadi kang katulis ing medhiya cetak utawa disiarake ana medhiya elektronik diarani ....

a)

geguritan

b)

pawarta

c)

tembang

d)

lelagon

2.

Pawarta kang diwartakake dening wong liya kanggo pamirsa lumantar swara langsung diarani ....

a)

lisan

b)

wacan

c)

tulisan

d)

gagasan

3.

Jinise pawarta sing wektu lan panggonan kedadeyan ora kena dipesthekake diarani pawarta ....

a)

ndinan

b)

lisan

c)

dadakan

d)

crita

4.

Jinise pawarta sing ora dibatesi wektu lan panggonan, diwedharake mung kanggo hiburan diarani pawarta ....

a)

ndinan

b)

lisan

c)

dadakan

d)

crita

5.

Adhedhasar medhiya sing dienggo ngandharake, jinise pawarta diperang ....

a)

politik, hukum, lan budaya

b)

cithak lan elektronik

c)

lokal, regional, lan nasional

d)

ndinan, dadakan, lan crita

6.

Adhedhasar iketene wektu lan panggonan, jinise pawarta diperang ....

a)

politik, hukum, lan budaya

b)

cithak lan elektronik

c)

lokal, regional, lan nasional

d)

ndinan, dadakan, lan crita

7.

Irah-irahan pawarta kang pas kanggo gambar sing ana ing soal yaiku...

a)

Lapangan Reged ing Desa Warak

b)

5 Sapi Dibeleh kanggo Idul Qurban

c)

Kerja Bakti ing Desa Warak

d)

Masjid Ngadakake Sholat idul Adha

8.

Saka pethikan pawarta kasebut, apa kang diwartakake?

a)

dianakake pilihan bupati ing Kebumen

b)

pilihan Kepala Desa serempak sekabupaten

c)

kecurangan nalika pemilihan

d)

akeh Desa kang ora melu pemilihan

9.

"Selasa, 25 Juni 2019" iku nerangake babagan ...

a)

kapan prastawane dumadi

b)

kapan katrangane diwartakake

c)

kapan anggone ndhaptar melu pemilihan

d)

kapan wong-wong bisa maca pawarta kasebut

10.

Sifate pawarta kudu aktual. Tegese aktual yaiku...

a)

Anyar

b)

Mitayani

c)

Manfaat

d)

Wigati

11.

Bima mulih jam telu sore. Tembung basa krama lugune ....

a)

dhateng

b)

wangsul

c)

kondur

d)

kesah

12.

Bapak nitih sepedhah montor dateng kantor, dene adhiku ... sepedhah menyang sekolahan.

Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

nitih

b)

numpak

c)

mlaku

d)

nggonceng

13.

Bima tumbas buku.

Ukara iki klebu jinise ....

a)

krama alus

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

ngoko lugu

14.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

15.

Basa kramane ngomong

a)

ngendika

b)

dhahar

c)

tindak

d)

nitih

16.

Ibu Fathimah wes ngombe teh. Ukara kasebut yen diganti nganggo basa krama munine...

a)

Ibu Fathimah sampun dhahar teh

b)

Ibu Fathimah sampun mlebet teh

c)

Ibu Fathimah sampun sare teh

d)

Ibu Fathimah sampun ngunjuk teh

17.

Ibu : Najwa

Najwa : . . . . .

Ibu : tumbasno gula yo nduk

Najwa: Inggih bu


Ukara kang trep kanggo mangsuli Ibu yaiku . . . . .

a)

Ana apa bu?

b)

Iyo bu

c)

dalem bu

d)

geneya bu

18.

Mbah Muhammad sampun dhahar weci loro. Tembung loro yen diganti nganggo basa krama munine...

a)

Setunggal

b)

Kaleh

c)

Tigo

d)

Sedoso

19.

Mbak Rani mangan sate sakbungkus. Ukara kasebut yen diganti dadi basa krama yaiku...

a)

Mbak Rani mangan sate setunggal bungkus

b)

Mbak Rani dhahar sate siji bungkus

c)

Mbak Rani dhahar sate setunggal bungkus

d)

Mbak Rani dhahar sate satu bungkus

20.

bapak macul . ukara kasebut pola ukarane yaiku ....

a)

jejer - katerangan

b)

jejer - wasesa

c)

jejer - lesan

d)

jejer - wursita

21.

bapak ngarit suket. Ing ukara kasebut lesane yaiku ....

a)

bapak

b)

ngarit

c)

suket

d)

ngarit suket

22.

Ibu nggoreng bandeng esuk mau. ukara kasebut pola ukarane yaiku ....

a)

jejer - wasesa - lesan - panerangan

b)

jejer - wasesa - lesan - katrangan

c)

lesan - jejer - wasesa - katrangan

d)

jejer - katrangan - wasesa - lesan

23.

ing ngisor iki sing pola ukarane katrangan - jejer - wasesa - lesan yaiku ....

a)

Wau enjing simbah dhahar tigan.

b)

Tigan dipun dhahar simbah.

c)

Bapak wau enjing tindak Semarag.

d)

Wau sonten tigan dipundhahar bapak.

24.

Ahsan sore iki tuku kendhang. ukara kasebut pola ukarane yaiku ....

a)

jejer - wasesa - lesan - katrangan

b)

jejer - panerangan - wasesa - lesan

c)

jejer - katrangan - wasesa - lesan

d)

katrangan - jejer - wasesa - lesan

25.

ing ngisor iki sing pola ukarane jejer - katrangan - wasesa - lesan yaiku ....

a)

Pak Rheza esuk mau nyangkok wit pelem

b)

bapak durung adus esuk mau

c)

Akeh wong padha ora mangkat kerja

d)

bocah-bocah tuku lotis ing pasar