wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH Teks Profil Tokoh

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Teks profil tokoh uga bisa diarani teks .....

a)

Autobiografi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Biografi

2.

RADEN AJENG KARTINI

Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putrane bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.

Ukara kasebut kalebu struktur teks profil tokoh bagean .....

a)

Idhentifikasi

b)

Orientasi

c)

Prastawa

d)

Reorientasi

3.

Perangan kang ngandharake ngenani kedadeyan kang dirasakake dening tokoh, susah utawa seneng, lan pengalaman uripe, bab kasebut klebu ing perangan..

a)

orientasi

b)

prastawa

c)

reorientasi

d)

idhentifikasi

4.

Bagean sing ngandharake pamawas(pendapat) panulis marang tokoh sing dicritakake diarani .....

a)

Reorientasi

b)

Orientasi

c)

Idhentifikasi

d)

Prastawa

5.

Tuladha tembung iki sing kalebu tembung dwilingga yaiku .....

a)

Buku-buku

b)

Kupu-kupu

c)

Gado-gado

d)

Lumba-lumba

6.

Tuladha tembung iki sing kalebu tembung lingga yaiku .....

a)

Mangan

b)

Nulis

c)

Nyapu

d)

Turu

7.

Wuwuhan sing manggon ing satengahe tembung diarani .....

a)

Andhahan

b)

Seselan

c)

Ater-ater

d)

Panambang

8.

Tuladha tembung iki sing kalebu seselan yaiku .....

a)

Milihi

b)

Kerelip

c)

Nuku

d)

Nggolekake

9.

Tembung lingga sing dirangkep, nanging swarane owah/berubah diarani tembung .....

a)

Dwilingga

b)

Dwilingga salin swara

c)

Dwipurwa

d)

Dwiwasana

10.

Raden Ajeng Kartini miyos ana ing Jepara, Jawa Tengah. Tembung "miyos" tegese yaiku...

a)

Lair

b)

Mati

c)

Lunga

d)

Ulang tahun