wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa Tembang Macapat

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Sawijine karangan kang kaiket mawa paugeran : guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu di arani ...

a)

Tembang macapat

b)

Lelagon campursari

c)

Tembang dolanan

d)

Gendhing manasuaka

2.

Cacahe tembang macapat ana .....

a)

2

b)

3

c)

7

d)

11

3.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

4.

Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....

a)

Maskumambang

b)

Balabak

c)

Citramengeng

d)

Girisa

5.

Tembang macapat sing gatrane mung papat yaiku .....

a)

Pangkur

b)

Gambuh

c)

Pocung

d)

Dhandhanggula

6.

Tembung macapat tegese ...

a)

Maca papat-papat

b)

Maca cepat-cepat

c)

Maca seprapat

d)

Maca

7.

Tembang macapat uga bisa diarani tembang ...

a)

Tengahan

b)

Gedhe

c)

Cilik

d)

Kuna

8.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku

a)

7u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

6u, 8i, 10u, 6u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8u, 10i, 8u, 80

9.

Isine tembang pocung iku lumrahe ...

a)

Kasmaran

b)

Getun

c)

Susah

d)

Pitutur

10.

Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...

a)

Guru lagu

b)

Guru wilangan

c)

Guru swara

d)

Guru basa

11.

PUCUNG

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Ora nggolek perkara

Ngomong ya sing ati-ati

Aja nganti bubar gegara perkara


Tembang kasebut kedadean saka ... pada

a)

1

b)

4

c)

5

d)

6

12.

PUCUNG

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Ora nggolek perkara

Ngomong ya sing ati-ati

Aja nganti bubar gegara perkara


Pesen sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...

a)

Yen urip kudu ngati-ati

b)

Dadi wong kudu seneng tulung-tinulung

c)

Dadi wong kudu seneng golek gegara

d)

Yen urip iku kudu guyub rukun

13.

Adhedhasar isine tembang kasebut bisa diarani tembang ...

a)

Megatruh

b)

Gambuh

c)

Pangkur

d)

Mijil

14.

Bapak pucung amung sirah klawan gembung

Padha dikunjara

Mati sajroning ngaurip

Mijil baka sipucung dadi dahana

Wangsulan saka tembang kasebut yaiku ...

a)

Geni

b)

Gajah

c)

Sepur

d)

Penthol korek

15.

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Tembung "guyub rukun" tegese yaiku ...

a)

Nyawiji

b)

Congkrah

c)

Bubrah

d)

Tukar padu

16.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,

Dawa kaya ula,

Pencokanmu wesi miring,

Sing disaba si pucung mung turut kutha.


Tembang ing dhuwur guru gatrane ana ....

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

17.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,

Dawa kaya ula,

Pencokanmu wesi miring,

Sing disaba si pucung mung turut kutha.


Cangkriman tembang ing dhuwur wangsulane yaiku ....

a)

gajah

b)

iket/udheng

c)

sepur

d)

jun/klething

18.

Dedalane guna lawan sekti


Ukara ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku ...

a)

8u

b)

9i

c)

10a

d)

10i

19.

Ing ngisor iki ukara kang guru wilangane ana 12 yaiku ....

a)

mbangun turut marang wong tuwa

b)

sapa jujur mbesuke bakal luhur

c)

wis wajibe si murid sregep sinau

d)

saben dina rama ibu kang njaga

20.

Tembang macapat sing nggambarake masa kanak-kanak sampe remaja kang perlu sinau sakakeh-akeh iku maknane tembang macapat ....

a)

mijil

b)

sinom

c)

asmaradana

d)

pangkur