NEW
Font size
WorksheetsPacelathon
Total questions: 12
Worksheet time: 27mins
Rembugan antarane wong loro utawa luwih ngenani sawenehing bab lan diatur dening tata krama sing diarani unggah-ungguh basa yaiku ....
geguritan
pacelathon
undha-usuk basa
unggah-ungguh basa
Teks pacelathon iku katulis kanthi wujud ...
imbal wacana (dhialog)
gancaran (prosa)
geguritan (puisi)
pada (bait)
Cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku ....
siji
loro utawa luwih
ora bisa dietung
akeh banget
Tegese unggah-ungguh basa yaiku ...
sopan santune wong-wong jawa
sopan-santun, tata susila, tata pranata
kebiasaane wong jawa marang liyane
sopan-santun, tata susila, tata pranatane basa sing tujuane kanggo ngajeni wong liya
Bocah marang Ibune ngunakake basa ...
ngoko alus
krama
krama alus
ngoko lugu
Mbakyu lagi turu.
Ukara krama alus saka ukara kasebut yaiku...
Mbakyu nembe sare.
Nimas lagi tilem.
Mbakyu lagi tilem.
Mbakyune turu.
Pak Bawa : ”Bim, TV ne yen ora kok deleng, patenana!”
Bima : ”Kula, badhe ningali film kartun, Pak.”
Pak Bawa : ”Film kartun iku isih sak jam maneh... hemat energi!”
Bima :”Nanging setrumipun TV niki lak alit, paling bayaripun listrik mirah.”
Pak Bawa : ”Ora merga hemat mbayare wae, ya hemat energi. Delengen ta, isih akeh desa sing durung dialiri listrik.”
Bima : ”Niku ing luar Jawi, Pak ing kang dereng wonten listrik.”
Pak Bawa : ”Ya yen wis ngreti, saiki TV-ne ndang dipateni.”
Bima : ”Inggih Pak, mangke yen film kartune sampun wiwit kula ningali, nggih!”
Pak Bawa : ”Aja kuwatir, kana sinau dhisik!
Tema sakin teks pacelathon kuwi, yaiku...
ngirit duwit
ngirit energi
boros energi
ayo tuku LED
Bima : ”Niku ing luar Jawi, Pak ing kang dereng wonten listrik.”
Pak Bawa : ”Ya yen wis ngreti, saiki TV-ne ndang dipateni.”
Bima marang Pak Bawa migunakake basa....
krama lugu
ngoko lugu
ngoko alus
krama alus
Basa krama alus saka tembung "turu", yaiku....
siram
sare
unjuk
mundhut
Basa krama alus saka tembung "tuku", yaiku....
siram
sare
unjuk
mundhut
Basa ngoko saka tembung "usada", yaiku....
jamu
adus
obat
pasar
Basa ngoko saka tembung "siram", yaiku....
jamu
adus
obat
pasar
