wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah-ungguh

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Unggah-ungguh kuwi kudu ditrapake ing ....

a)

omah wae

b)

sekolah wae

c)

dalan wae

d)

ngendi papan (ngendi wae)

2.

Ragam basa ing basa Jawa kang digunakake wong enom dumateng wong tuwa yaiku ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

3.

Ibu : “Dit, anggonmu bali sekolah mengko jam pira?”

Adit : “ Kula ................ sonten Bu.”

Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....

a)

wangsul

b)

kondur

c)

tindak

d)

kesah

4.

Aku seneng mangan sate, yen Ibu remen ... bakso.

a)

ngunjuk

b)

sade

c)

tumbas

d)

dhahar

5.

Bapak ora sida ........... amarga sukune aboh.


tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....

a)

menyang

b)

kesah

c)

mangkat

d)

tindak

6.

Ing ngisor iki sing dudu unggah-ungguh nalika mertamu yaiku ....

a)

ndhodhog lawang lan uluk salam (kula nuwun)

b)

mangan lan ngombe suguhan yen wis disumanggakake

c)

ora pamitan yen arep bali

d)

lungguh kanthi sopan

7.

Aja dha rame, Simbah nembe ....

a)

sare

b)

tilem

c)

turu

d)

merem

8.

Yen diparingi wong liya, awake dhewe kudu matur ....

a)

matur nuwun

b)

nyuwun pangapunten

c)

nuwun sewu

d)

kula nuwun

9.

Yen duwe salah karo wong liya, awake dhewe kudu matur ....

a)

nuwun sewu

b)

kula nuwun

c)

nyuwun pangapunten

d)

matur nuwun

10.

Yen lagi omong-omongan karo wong liya, apa maneh karo wong tuwa, awake dhewe kudu, kajaba (kecuali) ....

a)

nganggo basa Jawa Krama

b)

tangane ngapurancang

c)

bengok-bengok

d)

kanthi swara alus