wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa | Pertunjukan Tradisional

Total questions: 20

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Gambar kasebut nedahaken seni tradhisional Jawi …

a)

Pagelaran kethoprak

b)

Pagelaran jathilan

c)

Pagelaran teater

d)

Pagelaran wayang

e)

Pagelaran ludruk

2.

Wayang inggih menika jinis seni pagelaran nyariyosaken satunggaling paraga utawi karaton ing salebeting pawayangan. Wayang saking tembung …

a)

Ma Wang

b)

Ma Sang

c)

Ma Yang

d)

Ma Syang

e)

Ma Hyang

3.

Kitab minangka baboning cariyos wayang inggih menika …

a)

Mahabharata lan Sutasoma

b)

Mahabharata lan Ramayana

c)

Ramayana lan Wulangreh

d)

Ramayana lan Centhini

e)

Sutasoma lan Centhini

4.

Pagelaran wayang dangunipun sadalu natas. Tembung ingkang sami kaliyan sadalu natas inggih menika …

a)

Satengah dalu

b)

Sadalu boten rampung

c)

Sadalu kemawon

d)

Sadalu mruput

e)

Sadalu muput

5.

Wayang ing Indonesia boten uwal saking sujarah ingkang ngiringi pangrembakanipun. Wayang sampun wonten wiwit …

a)

1500 SM

b)

1050 SM

c)

1505 SM

d)

1055 SM

e)

1555 SM

6.

Rikala wiwitanipun, wayang menika kadamel saking …

a)

Suket

b)

Kertas

c)

Kulit Kewan

d)

Kulit kajeng

e)

Kajeng

7.

Wayang dados karemenan babrayan Jawa ugi awit wontenipun pangaribawa ngrembakanipun agami Islam ing Jawa. Nalika Wali Sanga nyebaraken agami Islam menika migunakaken wayang minangka sarana ngaturi lan pangajak dhateng babrayan. Salah satunggaling Wali Sanga ingkang ngginakaken sarana wayang inggih menika …

a)

Sunan Giri

b)

Sunan Ampel

c)

Sunan Kalijaga

d)

Sunan Gunungjati

e)

Sunan Bonang

8.

Pawadan utawi sebab migunakaken sarana wayang kangge nyebaraken agami Islam inggih menika …

a)

Murih gampil dipuntampi dening masarakat satemah langkung paham agami Islam

b)

Minangka pangajak satemah kathah ingkang kapilut

c)

Langkung mirah lan saged damel bingah masarakat

d)

Piwulang saged dipunpahami kanthi samar

e)

Prayogi saged migunakaken pirantos-pirantos ingkang prasaja

9.

Adhedhasar gambaripun, jinis wayang kasebut kawastanan …

a)

Wayang gedhog

b)

Wayang klithik

c)

Wayang beber

d)

Wayang suluh

e)

Wayang wong

10.

Wayang golek mengku pralambang watak ingkang kaandharaken lumantar warnining wayang. Dene watak tulus menika maknanipun simbol warni …

a)

Ijem

b)

Pethak

c)

Cemeng

d)

Jambon

e)

Abrit

11.

Katrangan jinis wayang Gedhog inggih menika …

a)

Awujud lembaran kain ingkang dipungambari lan mujudaken aluring cariyos utawi adegan

b)

Wayang golèk mujudaken wayang ingkang para paraganipun kadamel saking boneka kajeng awujud 3 dimensi

c)

Wayang ingkang dumados saking kajeng awujud gèpèng kados déné wayang kulit lan kapireng “klithik”

d)

Wayang kadamel saking kulit, tipis, lan katatah kanthi lampahanipun cariyos Panji

e)

Wayang ingkang para paraganipun maujud saking kuliting kéwan lan mengku teges wawayangan

12.

Blencong minangka pirantos pagelaran wayang. Wujudipun blencong inggih menika …

a)
b)
c)
d)
e)
13.

Bedanipun wanda wayang gagrag Ngayogyakarta lan Surakarta ing babagan badan inggih menika …

a)

Cendhek lan lema, inggil lan langsing

b)

Sedheng, cendhek

c)

Langsing, lema

d)

Lema, cendhek

e)

Inggil, langsing

14.

Bedanipun wanda wayang gagrag Ngayogyakarta lan Surakarta babagan jarik tumrap putri inggih menika …

a)

Klangsrah ngajeng, klangsrah wingking

b)

Boten klangsrah, klangsrah

c)

Klangsrah, boten klangsrah

d)

Klangsrah wingking, klangsrah ngajeng

e)

Sadaya boten klangsrah

15.

Pirantos pagelaran wayang ingkang dipunthuthuk lan ngasilaken swanten inggih menika …

a)

1, 2, 4

b)

2, 4, 6

c)

3, 5, 6

d)

1, 3, 5

e)

2, 4, 5

16.

Kethoprak cinipta dening ...

a)

Wreksodiningrat

b)

Suryaningrat

c)

Wreksatama

d)

Kridha Madya

e)

Yasadipura

17.

Pagelaran Kethoprak lair nalika taun ...

a)

1945

b)

1940

c)

1914

d)

1941

e)

1955

18.

Ing andhap menika boten kalebet titikan pagelaran kthoprak ...

a)

Migunakaken basa Jawi

b)

Nyariyosaken raja-raja

c)

Dipuniringi gamelan

d)

Cariyos dongeng

e)

Basanipun ngoko lugu

19.

Salah satunggaling perangan pagelaran kethoprak menika paraga ateges ...

a)

Rerangkening cariyos ingkang isinipun peran ingkang kedah dipunparagakaken

b)

Wawan pirembagan antawis paraga minangka salah satunggaling wujud pagelaran.

c)

Tiyang-tiyang ingkang maragakaken peran salebeting lakon

d)

Posisi paraga nalika ing salebeting pagelaran. Saben adegan gadhah blocking piyambak, posisi paraga boten tansah sami

e)

Swanten saking pirantos instrumental lan vokal kangge pengiring, ilustrasi babak, menapa dene adegan

20.

Ing jaman pandemi Covid-19 menika pamarentah prelu paring katrangan utawi informasi dhateng masarakat ngengingi Covid-19 kanthi cetha supados paham lan boten damel kuwatos. Caranipun saged lumantar pagelaran kethoprak minangka satunggaling kesenian tradhisional ingkang dipunremeni masarakat. Ing babagan kasebut, ginanipun pagelaran kethoprak inggih menika ...

a)

Pendidikan

b)

Panglipur

c)

Ritual

d)

Penerangan

e)

Upacara