NEW
Font size
WorksheetsGLADHEN BASA RINENGGA
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Basa sing dipaesi supaya dadi endah, yaiku ....
basa krama
basa rinengga
basa ngoko
basa dhialek
Unen-unen sing ajeg panganggone lan nduweni teges wantah, yaiku ....
paribasan
bebasan
saloka
saroja
Unen-unen iki sing kalebu saloka, yaiku ....
anak polah bapa kepradhah
nututi layangan pedhot
nglungguhi klasa gumelar
asu belang kalung wang
Bacutna unen-unen iki! Dadi bocah kudu bisa mikul dhuwur .... jero, supaya bisa ngangkat drajade wong tuwane.
mendhem
ngisor
ngadeg
lungguh
Sliramu kok kaya wayang ilang gapite ngno, blas ora semangat. Tegese unen-unen kang kacithak miring ing ukara kasebut, yaiku ....
lemes/ora nduwe daya
kelangan sikil
wayange ditinggal dhalang
dhalange kelangan wayang
Adigang, adigung, adiguna. Ing paribasan iku, tegese adigang yaiku ngendel-endelake....
kakuwatane
kaluhurane
kapinterane
kautamane
Unen-unen iki sing tegese wong sing kari nemu kepenake, yaiku ....
nututi layangan pedhot
nglungguhi klasa gumelar
kacang ora ninggal lanjaran
rebutan balung tanpa isi
Unen-unen iki sing tegese wong sing kari nemu kepenake, yaiku ....
nututi layangan pedhot
nglungguhi klasa gumelar
kacang ora ninggal lanjaran
rebutan balung tanpa isi
Unen-unen sing tegese wong mlarat/wong cilik nanging nduwe gegayuhan kang mokal kelakon, diarani ....
cebol nggayuh lintang
asu belang kalung wang
kacang ora ninggal lanjaran
kebat kliwat gancang pincang
Kegedhen empyak kurang ..... Bacute unen-unen kasebut, yaiku ....
pondhasi
tembok
cagak
gapura
