NEW
Font size
S
M
L
XL
Worksheetsuh bd bab 2 kls 7
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Name
Class
Date
1.
Ing ngisor iki sing kalebu tembung lingga yaiku ....
a)
anake , ngombe , nyolong , nambani
b)
omah , putra , panas , anyar
c)
ginawe , gumuyu , sumunar , kerelip
d)
balia , siramen , nggoleki , ngresiki
2.
Ing ngisor iki sing kalebu tembung andhahan yaiku ....
a)
nyapu , diparingi , nulis
b)
sapu , tulis , sugih
c)
banyu , lunga , tuku
d)
guru , gawe , jupuk
3.
Kojupuk , nuthuk , dipilih , tembung iki kalebu ....
a)
tembung garba
b)
tembung lingga
c)
tembung andhahan
d)
tembung dwi lingga
4.
Timba , bali , golek , tembung iki kalebu ....
a)
tembung andhahan
b)
tembung dwi purwa
c)
tembung dwi lingga
d)
tembung lingga
5.
Tuladha tembung lingga kang oleh seselan yaiku
a)
mbathik , nggambar , saomah
b)
kogawa , dipilih , daktimba
c)
tinulis , ginawe , kerelap
d)
nggambarake , nyapokake , dipakani
6.
Tuladha tembung lingga kang oleh ater-ater yaiku ....
a)
maguru , nyapu , kosapu
b)
kerelap , kelepyur , kerelip
c)
resikana , siramen , balia
d)
tinulis , sinawang , sumunar
7.
Tuladha tembung lingga kang oleh panambang yaiku ....
a)
apik , anyar , anak
b)
maringake , tulisen , nyapua
c)
anake , gumuyu , saomah
d)
nuthuk , maguru , gumuyu
8.
Mrana-mrene , wira-wiri , mloka-mlaku kalebu tuladha ....
a)
tembung dwipurwa
b)
tembung andhaan
c)
tembung dwiwasana
d)
tembung dwilingga salin swara
9.
Tetangga , lelara , reresik kalebu tuladha ....
a)
tembung camboran wutuh
b)
tembung dwiwasana
c)
tembung dwipurwa
d)
tembung camboran tugel
10.
Nagasari , gedhang goreng , rujak uleg kalebu tuladha ....
a)
tembung dwilingga salin swara
b)
tembung camboran wutuh
c)
tembung camboran tugel
d)
tembung dwipurwa
11.
Cengingis , cekakak , celuluk kalebu tuladha ....
a)
tembung dwiwasana
b)
tembung dwilingga
c)
tembung dwipurwa
d)
tembung camboran tugel
12.
Dhewur , dubang , bangcuk kalebu tuladha ....
a)
tembung dwilingga salin swara
b)
tembung dwilingga salin swara
c)
tembung camboran tugel
d)
tembung camboran wutuh
13.
Sing kalebu tembung dwilingga yaiku ....
a)
mongan-mangan , nyopa-nyapu , odas-adus
b)
omah-omah , mlaku-mlaku , udan-udan
c)
lelara , nyenyapu , reresik
d)
cekikik , cengenges , celuluk
14.
Sing kalebu tembung dwiwasana yaiku ....
a)
ndengangak , ndengongok , celelek
b)
cengenges , memangan , lelara
c)
bapak cilik , emper toko . balung kulit
d)
gonta-ganti , tuka-tuku , nggya-nggyu
15.
Sing kalebu tembung camboran wutuh yaiku ....
a)
paklik , budhe . Lunglit
b)
sandhang pangan , sepedhah montor , sapu duk
c)
mulah-mulih , bola-bali , gonta-ganti
d)
ndhepipis , omah gedheg , lelara
16.
Sing kalebu tembung dwipurwa yaiku ....
a)
cengar-cengir , mesam-mesem , rana-rene
b)
tetangga , ndhepipis , bangjo
c)
sesorah , keklamben , memaca
d)
bapak-bapak , siram-siram . Wira-wiri
17.
Tuladha ukara ngisor iki nganggo basa krama lugu yaiku ....
a)
Panjenengan mau apa wis sida dhahar ?
b)
Sampeyan siyos tindak teng Madiun ?
c)
bapak rawuh saking kantor nitih montor
d)
Mas Adi siyos mundhut ageman anyar
18.
Tuladha ukara ngisor iki nganggo basa ngoko alus yaiku ....
a)
Simbah sida tindak bareng karo ibu
b)
Budhe budhal menyang Jakarta
c)
Mbak Tiya nedha rujak cingur teng warung ngajeng griya
d)
Pak Tris mboten mlemet amargi gerah
19.
Tuladha ukara ngisor iki nganggo basa nguku lugu yaiku ....
a)
Paklik karo bulik mundhut oleh-oleh ing pasar
b)
Bu Yuli dhahar roti kalih maos koran
c)
Mbak Anis tumbas gendhis teng peken
d)
Jaka tukang nukoni barang antik
20.
Tuladha ukara ngisor iki nganggo basa krama alus yaiku ....
a)
Panjenengan sesuk apa sida tindak Lamongan ?
b)
Rini saniki pun kelas gangsal
c)
Mas Yogi sampun rawuh saking Surabaya
d)
Sinten ingkang dugi wau dalu ?
21.
Bu Kristin dhawuhi muride supaya nggarap PR , manut unggah-ungguh basa kalebu ....
a)
basa ngoko lugu
b)
basa ngoko alus
c)
basa krama lugu
d)
basa krama alus
22.
Ani lan Ana padha sinau basa jawa bareng , manut unggah-unnguh basa kalebu ....
a)
basa krama alus
b)
basa krama lugu
c)
basa ngoko alus
d)
basa ngoko lugu
23.
Mbak Rini kesah teng peken tumbas sayur , manut unggah-ungguh basa kalebu ....
a)
basa ngoko alus
b)
basa ngoko lugu
c)
basa krama lugu
d)
basa krama alus
24.
Pak Budi kondur saking Semarang pinarak dhateng dalemipun simbah , manut unggah-ungguh basa kalebu ....
a)
basa krama alus
b)
basa ngoko alus
c)
basa krama lugu
d)
basa ngoko lugu
25.
Raden Ajeng Kartini bisa dadi inspirasine para wanita , manut unggah-ungguh basa kalebu ....
a)
basa krama lugu
b)
basa ngoko lugu
c)
basa krama alus
d)
basa ngoko alus
Reset
