wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL BAHASA JAWA XII SMT 5 PENILAIAN 1

Total questions: 40

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun......

a)

solah bawa

b)

budi pakerti

c)

tepa salira

d)

gotong royong

e)

mbangun nagri

2.

Kepiye paugerane tembang kinanthi ?

a)

8u-8a-8a-8i-8a-8i

b)

8u-8u-8a-8i-8a-8i

c)

8u-8e-8a-8i-8a-8i

d)

8u-8i-8a-8i-8a-8i

e)

8u-8i-8a-8a-8a-8i

3.

Cacahe pada (bait) tembang kinanthi ing serat wedhatama yaiku ana......

a)

14 pada

b)

18 pada

c)

15 pada

d)

17 pada

e)

35 pada

4.

Tembang kinanthi iku ing serat Wedhatama ana pupuh kaping.......

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

5.

Kumpulane tembang kang padha guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane, iku diarani.....

a)

pupuh

b)

sasmitaning tembang

c)

guru gatra

d)

guru lagu

e)

guru wilangan

6.

Tembung ing sajeroning tembang, maringi kodhe arane tembang, iku diarani.....

a)

pupuh

b)

sasmitaning tembang

c)

guru gatra

d)

guru lagu

e)

guru wilangan

7.

Mangka kantining tumuwuh/

Salami mung awas eling/

Eling lukitaning alam/

Wedi weryaning dumadi/

....................................../

Yeku pangreksaning urip//

Jangkepane tembang ing ndhuwur yaiku......

a)

Supadi nir ing dumadi

b)

Supaya nir ing sangsaya

c)

Supaya niring sangsaya

d)

Supados niring sangsaya

e)

Supadi nir ing sangsaya

8.

Wedhatama, saka tembung wedha kang tegese......... lan utama

a)

kitab

b)

ajaran

c)

tuladha

d)

buku

e)

tulisan

9.

Pratelan ing ngisor iki endi kang bener ?

a)

Sasmitane tembang iku mesthi ana ing pada sepisan

b)

Sasmitane tembang iku mesthi ana ing pada pungkasan

c)

Sasmitaning tembang iku ana ing pada pungkasan pupuh sadurunge

d)

Sasmitaning tembang iku ana ing pada sepisan pupuh sadurunge

e)

Sasmitane tembang iku ana ing pada sepisan pupuh sauwise

10.

Mangka kantining tumuwuh/

Salami mung awas eling/

Eling lukitaning alam/

Wedi weryaning dumadi/

Supadi nir ing sangsaya/

Yeku pangreksaning urip//

Manut guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane, tembang kasebut diarani.....

a)

pangkur

b)

sinom

c)

pocung

d)

gambuh

e)

kinanthi

11.

Pangantu-antu

(dening Waluyo)

Bagaskara madangi mayapada

Bis pating sliwer

Pating brengok

Antarane suara uwong uga mesin

Kebul bulek saka kenalpot

Aku ngadeg njegegreg kaya reca

Mataku jlalatan mrana mrene

Muga tumbuk karo kang dak karepake

Embuh bis pira wae kang liwat

Saben bis teka tak pandengi

Apa maneh bis sing biasa mbok tumpaki

Suwe-suwe ora kuat

Kang wis janji ora katon

Jroning ati misuh

Pangatu antuku tetep

Iseh pangantu antu


Pratelan ing ngisor iki kang ora trep karo geguritan ing ndhuwur yaiku........

a)

Geguritan ing ndhuwur nganggo tembung dasanama

b)

Geguritan ing ndhuwur ora nganggo tembung dasanama

c)

Pangripta lagi ngenteni uwong ing pinggir dalan

d)

Sing dienteni pangripta ora teka

e)

Pangripta tetep ngenteni uwong kang ditunggu

12.

Apa tegese tembung reca

a)

Kayu

b)

patung

c)

wesi

d)

gunung

e)

lemah

13.

Endi pratelan ing ngisor iki sing bener ?

a)

Geguritan iku puisi Jawa kang nganggo bahasa Jawa Kuna

b)

Geguritan iku puisi Jawa kang nganggo bahasa Jawa Transisi

c)

Geguritan iku puisi Jawa kang nganggo bahasa Jawa anyar

d)

Geguritan iku puisi Jawa kang angel

e)

Geguritan iku karya sastra Jawa wujude gancaran

14.

Maca geguritan iku kudu nggatekake wirama, wiraga, wicara, lan wirasa. Wiraga tegese....

a)

Maca geguritan ora kudu nggatekake banter orane suwara

b)

Obahe awak, mripat lan ulate pasuryan nalika maca kudu trep

c)

Supaya pamacane bener, kudu mangerteni pangriptane

d)

Maca geguritan iku kudu kebak panalangsa

e)

Maca geguritan iku kudu banter lan cepet

15.

Karya sastra Jawa wujude puisi kang nganggo bahasa Jawa anyar, ora ganggo pathokan guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan yaiku......

a)

kakawin

b)

kidung

c)

tembang

d)

geguritan

e)

macapat

16.

Geguritan saka tembung gita, kang nduweni teges.......

a)

kakawin

b)

kidung

c)

tembang

d)

geguritan

e)

macapat

17.

Kang ora ana ing sajeroning geguritan yaiku.....

a)

tema

b)

amanat

c)

irah-irahan

d)

sudut pandang

e)

diksi

18.

Jinising geguritan kang surasane nyritakake kisah asmara….

a)

Ode

b)

balada

c)

romansa

d)

sitire

e)

elegi

19.

Sitire iku jinising geguritan kang surasan….

a)

Crita asmara


b)

Pangalembana perjuangane uwong

c)

Pangalembana/panyuwunan marang Pangeran

d)

Crita kang kebak panalangsa

e)

Sindiran

20.

Balada iku jinising geguritan kang isine......

a)

Crita asmara

b)

Pangalembana perjuangane uwong

c)

Pangalembana/panyuwunan marang Pangeran

d)

Crita kang kebak panalangsa

e)

Sindiran

21.

Pakaian tradisional Jawa iku duweni filosofi. Kang ora bener saka pratelan ing ngisor iki yaiku.....

a)

Udheng iku ngemu teges manungsa kudu mudheng karo tujuane urip

b)

Bebed dienggo kaum priya supaya ubed olehe golek pangupa jiwa kanggo kaluarga

c)

Jarik iku duweni teges supaya aja serik, dienggo kaum wanita

d)

Iket duweni karep, sing nganggo pikirane kaiket dadi ora gampang kena pengaruh.

e)

Benik iku ben menik-menik ana ing udheng

22.

Wacanen !

Pakaian adat Jawa iki dienggo kanggo nutupi padharan nganti tekan samparan. Wujude kain panjang kanthi motif bathik. Ing pinggire diwenehi wiru kang cacahe ganjil. Kanggo kaum priya, tengen nutup kiwe, nanging kanggone kaum wanita kiwa nutup tengen. Anane wiru iki nambahi endahe pakaian adat Jawa yen kang ngagem lagi tindak.

Kang lagi digambarake yaiku......

a)

Udheng lan iket


b)

Beskap lan benik

c)

Curiga lan warangka

d)

Bebed lan jarik

e)

Epek lan timang

23.

Pakaian adat Jawa iki dienggo kanggo nutupi padharan nganti tekan samparan. Wujude kain panjang kanthi motif bathik. Ing pinggire diwenehi wiru kang cacahe ganjil. Kanggo kaum priya, tengen nutup kiwe, nanging kanggone kaum wanita kiwa nutup tengen. Anane wiru iki nambahi endahe pakaian adat Jawa yen kang ngagem lagi tindak.


Wacana kasebut kalebu.....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

eksposisi

d)

argumentasi

e)

persuasi

24.

Kang kalebu pakaian tradisional Jawa kanggo kaum wanita yaiku......

a)

Jarik, kebaya, stagen, curiga, canela

b)

Bebed, kebaya, stagen, epak timang, canela

c)

Jarik, kebaya, stagen, giwang, canela

d)

Bebed, kebaya, stagen, giwang, canela

e)

Jarik,kebaya, stagen, epek timang, canela

25.

Klambi tradisional Jawa kanggo para kakung iku diarani..........

a)

iket

b)

beskap

c)

udheng

d)

canela

e)

curiga

26.

Pratelan kang bener yaiku.......

a)

Jarik iku kiwa nutup tengen

b)

Jarik iku tengen nutup kiwa

c)

Bebed iku kiwa nutup tengen

d)

Wiru jarik luwih amba karo wiru bebed

e)

Wiru bebed cacahe ganep

27.

Wacana kang isine ngajak pamaca supaya nglakoni apa kang dikandhakake panulis.

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

eksposisi

d)

argumentasi

e)

persuasi

28.

Wacana iki isine panemu dikantheni linambaran alesan-alesan kang mathuk.

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

eksposisi

d)

argumentasi

e)

persuasi

29.

Pratelan ing ngisor iki kang ora bener yaiku.......

a)

Curiga iku keris

b)

Canela iku selop

c)

Udheng iku klambi

d)

Beskap iku klambi

e)

Iket iku dienggo ing mustaka

30.

Manut jeneng motif batik lan panganggone kang bener yaiku......

a)

Motif batik truntum iku dienggo penganten

b)

Motif batik sida mukti iku dienggo wong tuwane penganten

c)

Motif batik parang kusuma iku dienggo bangsawan nalika upacara ritual agama

d)

Motif batik sida luhur iku dienggo para prajurit sauwise perang

e)

Motif batiik parang rusak iku dienggo supaya kekarepane kasembadan

31.

Bapak punika kagungan...... ingkang asmanipun Pak Lik Hendra, lan kula dados keponkanipun.

a)

raka

b)

rayi

c)

rama

d)

rencang

e)

ragil

32.

Ngendikanipun Bapak, Pak Lik punika......ing Surabaya, dados anggota Angkatan Laut.

a)

Ngastanipun

b)

Astanipun

c)

astane

d)

kerjane

e)

nyambutgawene

33.

Bayem iki......pira Yu ?......saunting. Yen......oleh ora ? Ora oleh, yen......mangga. Ya aku tuku...... wae.

a)

1.000-Rp 2.500-Rp 1.500 Rp -saunting-regane

b)

Regane- Rp 1.000-Rp 2.500-Rp 1.500-saunting

c)

Regane-2.500-Rp 1.000-Rp 1.500-saunting

d)

Regane- Rp 1.000-Rp 1.500-Rp 2.500-saunting

e)

2.500-Rp 1.500-Rp 1.000 Rp -saunting-regane

34.

Punapa panjenengan nderek tindak dhateng Bali, bu ? Inggih pak, kula nderek tindak Bali. Tembung kang kacithak kandel kudune.........

a)

Melu lunga

Tumut kesah

b)

Tumut kesah

c)

Tumut lunga

d)

Ndherek kesah

e)

Ndherek lunga

35.

Ibu mundhut nyamping badhe ………………. simbah.

a)

dipuncaosaken kagem

b)

Dicaosaken kangge

c)

dipunwenehaken kagem

d)

dipun sukakaken kangge

e)

dicaosaken kangge

36.

Menewa takon karo wong kang luwih tuwa prayogane nganggo unggah-ungguh....

a)

Ngoko alus

b)

krama madya

c)

ngoko lugu

d)

krama lugu

e)

krama inggil

37.

Yen ibumu pamit arep tindak, kepiye anggonmu matur ?

a)

Inggih bu, ndherekaken. Sugeng tindak, bu.

b)

Inggih bu, ngatos-atos. Sugeng tindak, bu.

c)

Inggih bu, ngati-ati. Wilujeng tindak, bu.

d)

Ya bu, ngatos-atos. Sugeng siang, bu.

e)

Nggih bu, ngati-ati ya. Wilujeng tindakan, bu.

38.

Kula dipun utus ibu supados........ gendhis wonten peken

a)

tuku

b)

tumbas

c)

mendhet

d)

mundhut

e)

njukut

39.

Yen kowe takon omahe kancamu, karo wong kang durung kowe tepung, mathuke nganggo ukara pitakon........

a)

Punten mas, umahe Ali sing pundi ya ?

b)

Nuwun sewu mas, griyanipun Ali ingkang pundi inggih ?

c)

Nyuwun sewu mas, dalemipun Ali sing endi nggih ?

d)

Punten mas, daleme Ali sing endi nggih ?

e)

Nuwun sewu mas, dalemipun Ali ingkang endi nggih ?

40.

Menewa takon karo wong kang drajate/kalungguhane luwih dhuwur, prayogane nganggo unggah-ungguh....

a)

Ngoko alus

b)

krama madya

c)

ngoko lugu

d)

krama lugu

e)

krama inggil