wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN PTS SEMESTER 1 BAHASA JAWA

Total questions: 35

Worksheet time: 18mins

Name
Class
Date
1.

Isih jam setengah wolu isuk ing alun-alun wis kebak uwong. Dina iki ana Festifal Dolanan Tradisional sa-kabupaten. Pesertane para siswa SD saka 9 kecamatan. Salah sawijine Bima. Bima wes siaga kanthi egrange. Bima enggal munggah egrang lan jumangkah miwiti lomba. Sanajan wis latihan ana wae alangane. Ana peserta sing tiba nalika miwiti munggah ing tlapakan amarga ndredeg. Aturane ing babak penyisihan ora kena tiba luwih saka kaping telu. Jarak sing kudu diliwati 5 meter bola-bali.


Karangan ing nduwur kagolong teks ... .

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Ekspositori

2.

Ing wayah rendeng larahan utawa sampah-sampah mau akhire mbunteti dalan banyu. Ing kutha-kutha apa maneh. Kalen-kalen ing antarane perumahan iku dadi kebak larahan. Ana botol plastik, bungkus jajan, tas kresek, godhong, sayuran lan sapanunggalane.


Tembung kang kacetak kandhel ing paragraf iku tegese ... .

a)

Arahan

b)

Got

c)

Sampah

d)

Banyu

3.

Ing ngisor iki sing kalebu cirine teks narasi yaiku … .

a)

Nggambarake kaendahan lingkungan

b)

Isine ngandharake utawa nyritakake kedadeyan kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan

c)

Migunakake basa sing endah lan angel dingerteni.

d)

Gagasan pokok e mesthi ana perangan ngarep peragraf.

4.

Gatekno ukara ing ngisor iki!

(1) Alur

(2) Idhentifikasi

(3) Klasifikasi

(4) Paraga lan watak penokohan

(5) Dheskripsi bagean

(6) Latar


Ukara ing nduwur kang kagolong struktur teks narasi yaiku nomer ... .

a)

1, 2 lan 3

b)

1, 3 lan 4

c)

1, 4 lan 5

d)

1, 4 lan 6

5.

Teks narasi yaiku teks wacan kang isine ngandharake utawa nyeritakake kedadean kanti runtut saka wiwitan nganti pungkasan, utawa kronologis.


Miturut pernyataan ing nduwur kang kagolong struktur teks narasi yaiku ... .

a)

Identifikasi

b)

Klasifikasi

c)

Alur

d)

Deskripsi

6.

Ing sawijining jaman, ana siji kerajaan kang nduwe jeneng Medang Kamulan sing duweni raja kanthi asma Prabu Dewata Cengkar sing buas lan dhemen mangan menungsa. Saben dina Dewata Cengkar mangan sawong menungsa sing digawa saka Patih Jugul Enom. Kahanan kui ndadekna rakyat keweden lan mengungsi kanrhi meneng-meneng menyang daerah liya.

Ing dusun Medang Kawit ana sawong pemuda nduwe jeneng Aji Saka sing sakti, sregep lan gemati. Sawijining dina, Aji Saka nulunge simbah-simbah tuwa sing lagi digebugi dening grombolan penyamur. Simbah tuwa sing akhire diangkat bapak dening Aji Saka kuwi jebulna pengungsi saka Medang Kamulan. Krungu cerito babagan kebuasan Prabu Dewata Cengkar, Aji Saka nduwe niat kanggo nulung rakyat Medang Kamulan. Kanthi ngenakake serban neng sirah Aji Saka mangkat menyang Medang Kamulan.


paraga utama carita ing nduwur yaiku ... .

a)

prabu dewata cengkar

b)

patih jugul enom

c)

Aji Saka

d)

medang kamulan

7.

"Jaka Kendhil"

Desa ndandapan iku desa sing kepencil, ana sapinggiring gunung dikupengi alas. Ing kono ana randha urip kijenan ora duwe anak, karan Mbok Randha Ndadhapan. Nuju sawijinging dina, ing wayah esuk Mbok Randha ketamon bocah nom-noman sing rupane ala banget, sirahe plonthos wetenge mblendhuk tur endhek. Dheweke matur menawa arep ngenger. Mbok Randha mesakake bocah sing ora duwe sanak kadahang iku mula banjur ditampa apa sing dikarepake bocah mau, malah diaku kaya denen anak e dewe. amarga potongane kaya kendhil mula banjur diceluk "Jaka Kendhil"


latar wektu wacan ing nduwur yaiku ... .

a)

sawijining dina

b)

wayah esuk

c)

wayah awan

d)

wayah sore

8.

Wacanen sing tliti!

Sore kuwi Dimas lan Toni arep mancing ing kali cedhak omahe Dimas. Kabeh ubarampe (peralatan wis siap. Kari golek cacing. Omahe Dimas cedhak kebun. Dadi gampang wae olehe golek cacing. Sakwise oleh cacing bocah loro banjur budhal mancing. Kaline banyune bening. Akeh iwake.


Gagasan pokok wacan ing ndhuwur yaiku … .

a)

Sakwise oleh cacing bocah loro banjur budhal mancing.

b)

Kabeh ubarampe (peralatan) wis siap.

c)

Dadi gampang wae olehe golek cacing.

d)

Sore kuwi Dimas lan Toni arep mancing ing kali cedhak omahe Dimas.

9.

Teks 1

Kelasku kahanane apik. Jogane wis dikeramik warnane putih lan resik amarga saben dino disapu. Tembok e dicet werna ijo enom marakne katon seger yen disawang. Ing kiwa tengen ana candela kaca mubeng dadi sinare srengenge bias mlebu saengga udarane seger. Ing kelasku ana 30 meja lan kursi kanggo murit-murit. Ing ngarep ana meja lan kursi kanggo bu guru. Ing tembok ngarep cumentel papan tulis putih.


Teks 2

Saben dina kemis Rudi lan Tika mesti budal sekolah luweh isuk tekan biasane. Amarga wong loro iki saben kemis kebagian piket kelas. Saben dina kemis Tika lan Rudi budal jam enem isuk, supaya iso resik resik kelas. Ora kejaba kemis iki mau, jam enem pas rudi lan Tika wes metu saka omah supaya ora telat anggone piket. Nanging ing tengah dalan Rudi kepleset marga kurang ati ati ing dalan sing mari keguyur udan. Mula Tika dadi nulungi Rudi. Akhire wong loro mau teka telat menyang sekolah lan ora bias piket isuk.


Andedasar tujuane nulis, bedane teks siji lan teks loro yaiku … .

a)

Teks siji kelebu teks narasi, teks loro kelebu teks deskripsi

b)

Teks siji kelebu teks deskripsi, teks loro kelebu teks narasi

c)

Teks siji kelebu teks deskripsi, teks loro kelebu teks persuasi

d)

Teks siji kelebu teks narasi, teks loro kelebu teks eksposisi

10.

Gatekno ukara ing ngisor iki!

A. Nyeritaake kedadean kanthi runtut miturut urutane wektu

B. Menehi gegambaran sawijing barang utawa objek

C. Nduweni paraga lan koflik

D. Nduweni tujuan supaya wong kang maca kaya-kaya ngalami dewe objek sing digambarake.

E. Menehi penjelasan ngenani sawijining objek kanti rinci


Ukara ing nduwur kang kagolong ciri-ciri karangan Deskripsi yaiku ... .

a)

A, B lan C

b)

B, C lan D

c)

B, C lan E

d)

B, D lan E

11.

Gunung Bromo iku sawijining gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan Kabupaten Probolinggo. Ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. Manuk-manuk pating sumliwer ing kupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan katon kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Ana para tani nenandur bangsane woh-wohan. Saperangan ana kang nenandur janganan.


Teks sing dhuwur kalebu jenise karangan . . .

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

eksposisi

d)

persuasi

12.

Teks kang gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek utawa panggong kanthi njlimet/rinci nganti sing maca kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek dsing digambarake diarani teks ... .

a)

Narasi

b)

Deskripsi

c)

Eksposisi

d)

Persuasi

13.

Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar. Ora ana uwuh kang kumambang. Gampeng saurute kali ditanduri suket ijo. Sisih kiwane kali sawah kang jembar. Tandurane pari jagung. Sisih tengene kali dalan kang nyambung desaku lan tangga desa liyane.


Teks ing nduwur kalebu teks dheskripsi. Ing ngisor iki kang kagolong stuktur teks dheskripsi yaiku, kajaba ... .

a)

Idhentifikasi

b)

Latar wektu

c)

Klasifikasi

d)

Deskripsi bagean

14.

Laporan prastawa anyar utawa prastawa ngenani hal sing lagi kedadean, sing dikabarake lewat Koran, siarana internet utawa diceritakake diarani … .

a)

Laporan

b)

Berita (Pawarta)

c)

Parikan

d)

Narasi

15.

Ing ngisor iki kagolong ciri-cirine berita, kajaba … .

a)

Nyengsemake

b)

Paling anyar

c)

Singkat lan jelas

d)

Paraga

16.

gatekna ukara ing ngisor iki!

1.Fakta, pawarta saka kedadean nyata

2.oponi, pawarta kang wujud andharan wong kang ngalami kedadean

3.campuran kedadean lan panemune narasumber kang ahli


miturut ukara ing nduwur kagolong pawarta andedhasar ... .

a)

isine

b)

sumbere

c)

bobote fakta

d)

wilayahe

17.

Indonesia Scouts Challenge (ISC) mujudake kegiatan kemah lan maneka warna lomba kanggo adik-adik Penggalan Ramu kelas IV lan V SD. Minggu iki kegiatan kemah ISC tingkat kabupaten/kota Malang dilaksanakake ing lapangan rampal.


Andhedhasar wilayahe pawarta ing nduwur kagolong ... .

a)

Lokal (wilayah KAbupaten/kota)

b)

Regional (wilayah provinsi)

c)

Nasional (Negara)

d)

Internasional (donya)

18.

Simaken ciri-cirine jenise pawarta ing ngisor iki!

a. pawarta fakta/ kedadeane pancen bener ana.

b. pawarta ditambah andharan bab kedadeane.

c. pawarta opini, awujud andharane wartawan.

d. pawarta apus-apusan.


Miturut ciri-cirine, pawarta iku klebu jenise pawarta...

a)

Adhedasar isine

b)

Adhedasar sumbere pawarta

c)

Adhedasar bobote fakta

d)

Adhedasar sumbere

19.

Jenise pawarta iku macem-macem, slah sijine jenise pawarta adhedhasar isine.

Ing ngisor iki kagolong jenise pawarta adhedhasar isine, kajaba ... .

a)

pawarta pendidikan

b)

pawarta ekonomi

c)

pawarta nasional

d)

pawarta politik

20.

Pawarta kang wujud andharane wong kang ngalami sawijine kedadean, iku jenise pawarta …

a)

Pawarta opini

b)

Pawarta crita

c)

Pawarta dadakan

d)

Pawarta langsung

21.

Simaken cuplikan pawarta ing ngisor iki!


BANGKALAN – Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan. Bencana mau ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih.


Miturut pawarta iku kedadeane ana ing kutha ....

a)

Bangkalan

b)

Sampang

c)

Jawa wetan

d)

indonesia

22.

Saka pethikan pawarta kasebut, apa kang diwartakake?

a)

dianakake pilihan bupati ing Kebumen

b)

pilihan Kepala Desa serempak sekabupaten

c)

kecurangan nalika pemilihan

d)

akeh Desa kang ora melu pemilihan

23.

Kowe maeng apa uwis mangan?

Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil dadi ....

a)

Panjenengan kalawau menapa sampun dhahar?

b)

Sampeyan kalawau napa sampun dhahar?

c)

Panjenengan wau napa sampun nedha?

d)

Panjenengan wau menapa wis dhahar?

24.

Mbak Rani mangan sate sakbungkus. Ukara kasebut yen diganti dadi basa krama yaiku...

a)

Mbak Rani mangan sate setunggal bungkus

b)

Mbak Rani dhahar sate siji bungkus

c)

Mbak Rani dhahar sate setunggal bungkus

d)

Mbak Rani dhahar sate satu bungkus

25.

Bapak karo ibu lunga menyang Malang.

Ukara iki yen dikramakake inggil dadi … .

a)

Rama kaliyan Ibu kesah dhateng Malang

b)

Rama kaliyan Ibu tindak dhateng Malang.

c)

Rama kalih Ibu tindak dhateng Malang

d)

Rama kaliyan Ibu tindak menyang Malang.

26.

Ing ngisor kang kalebu ukara ngoko alus yaiku … .

a)

Sopo sing lagi sinau basa jawa?

b)

Adik ditimbali simbah diutus sinau

c)

bocah-bocah lagi dolanan engklek

d)

saben isuk simbah ngombe kopi

27.

saben sore simbah lungguh ing teras ngarep. Ukaraiku yen dikramakake inggil dadi … .

a)

saben sore simbah lenggah ing teras ngajeng

b)

Saben sonten eyang lenggah ing teras ngajeng

c)

Saben sonten eyang pinarak wonten teras ngajeng

d)

Saben sonten simbah lenggah wonten teras ngajeng

28.

Ibu badhe dateng kantor ngagem rasukan werni pethak.


ukara ing nduwur yek diowahi dadi basa ngoko lugu sing bener yaiku ... .

a)

Ibu arep menyang kantor nggawe klambi werna pethak

b)

Ibu arep menyang kantor ngangem kalmbi werna putih

c)

Ibu arep menyang kantor nggawe klambi werna putih

d)

Ibu arep menyang kantor nggawe rasukan werna putih

29.

Ibu nggoreng bandeng esuk mau. ukara kasebut pola ukarane yaiku ....

a)

jejer - wasesa - lesan - panerangan

b)

jejer - wasesa - lesan - katrangan

c)

lesan - jejer - wasesa - katrangan

d)

jejer - katrangan - wasesa - lesan

30.

ing ngisor iki sing pola ukarane katrangan - jejer - wasesa - lesan yaiku ....

a)

Wau enjing simbah dhahar tigan.

b)

Tigan dipun dhahar simbah.

c)

Bapak wau enjing tindak Semarag.

d)

Wau sonten tigan dipundhahar bapak.

31.

Ahsan sore iki tuku kendhang. ukara kasebut pola ukarane yaiku ....

a)

jejer - wasesa - lesan - katrangan

b)

jejer - panerangan - wasesa - lesan

c)

jejer - katrangan - wasesa - lesan

d)

katrangan - jejer - wasesa - lesan

32.

ing ngisor iki sing pola ukarane jejer - katrangan - wasesa - lesan yaiku ....

a)

Pak Rheza esuk mau nyangkok wit pelem

b)

bapak durung adus esuk mau

c)

Akeh wong padha ora mangkat kerja

d)

bocah-bocah tuku lotis ing pasar

33.

1. Bapak sare

2. Ibu mundhut gendis wonten peken

3. Bu Suwarni tindhak Yogya

4. Pak Karjo ngarit ing sawah

Ukara ing nduwur sing nganggo pola J-W-K yaiku...

a)

(1) lan (2)

b)

(2) lan (3)

c)

(3) lan (4)

d)

(2) lan (4)

34.

Bu Tejo nggawa tas werna ireng. Keterangane ukara ing sisih kiwa yaiku … .

a)

Bu Narni

b)

Nggawa

c)

Tas

d)

werna ireng

35.

Gatekna ukara ing ngisor iki kang duweni pola J-W-K

a)

Bapak maos koran

b)

Ibu tumbas rasukan ing pasar

c)

Wingi aku mangan sega pecel

d)

Pakde tindhak menyang Lamongan