wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa Kelas 3

Total questions: 10

Worksheet time: 7mins

Name
Class
Date
1.

Sing diarani teks pirembugan yaiku teks wujud .....

a)

tembang

b)

geguritan

c)

gancaran

d)

pacelathon

2.

Tata aturan sajroning nindakake pirembugan diarani .....

a)

sopan

b)

tata krama

c)

peraturan

d)

pengumuman

3.

Ciri-cirine teks pirembugan yaiku ....

a)

basane endah

b)

tembunge angel

c)

ukara wujud dhialog

d)

ukarane dawa

4.

Guna paedahe tata krama pirembugan yaiku .....

a)

awake dhewe maleh digething wong

b)

awake dhewe maleh ora duwe kanca

c)

awake dhewe dipaido tangga

d)

awake dhewe diajeni/disungkani wong akeh

5.

Kanggo omong-omongan marang Bapak lan ibu becike nganggo basa .....

a)

krama inggil

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

padinan

6.

Miturut unggah-ungguh utawa undha usuk, basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku ....

a)

ngoko lugu lan ngoko alus

b)

krama lugu lan krama alus

c)

basa ngoko lan basa krama

d)

krama lugu lan krama inggil

7.

Bapak taksih dereng wangsul saking Malang. Tembung krama inggil sing kliru ana ing tembung ....

a)

taksih

b)

dereng

c)

saking

d)

wangsul

8.

Bu Dewi : Surti, kowe arep nyang ndi?

Surti : ....

Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku....

a)

nyang omahe budhe

b)

dhateng dalemipun budhe

c)

nyang griyane budhe

d)

tindak griyane budhe

9.

Hadi mau diceluk bapak ora krungu.

Tembung "diceluk" benere .....

a)

ditimbali

b)

didukani

c)

diutus

d)

didawuhi

10.

Bapak durung gelem mangan.

Ukara iki yen diowahi dadi krama alus becike ....

a)

Bapak durung kersa nedha

b)

Bapak dereng purun dhahar

c)

Bapak dereng kersa dhahar

d)

Bapak dereng kersa nedha