Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

latihan ater-ater anuswara

Total questions: 11

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Ibu (goreng) iwak ing pawon. Ater-ater anuswara sing trep kanggo tembung "goreng" yaiku . . . .

a)

gorengan

b)

nggoreng

c)

ngoreng

d)

goreng-goreng

2.

Ibrahim ora lali (sapa) yen ketemu kancane ing dalan. Ater-ater anuswara sing trep kanggo tembung "sapa" yaiku . . . .

a)

daksapa

b)

kosapa

c)

disapa

d)

nyapa

3.

ng + garap = . . . .

a)

garap

b)

ngarap

c)

nggarap

d)

nggarapno

4.

n + tutup = . . . .

a)

ntutup

b)

nutup

c)

ditutup

d)

tutup

5.

Sing kagolong ater-ater anuswara yaiku . . . .

a)

k, l, m ,n

b)

n, ny, ng, ngg

c)

m, ny, o, p

d)

n, ny, m, ng

6.

Tembung "nulis" asale saka "tulis" lan wuwuhan "n-". Wuwuhan n- kalebu wuwuhan ing ngarep tembung sing diarani ....

a)

Tembung lingga

b)

Ater-ater

c)

Seselan

d)

Panambang

7.

Para siswa padha sinau (tembang) macapat kanthi temen.

Tembung sajrone kurung yen diwenehi ater- ater anuswara dadi ....

a)

ntembang

b)

tetembangan

c)

nembang

d)

nembangake

8.

Eyang lagi pirsa wayang kulit ing TV.

Supaya ukara iku dadi ukara kang trep, ukarane diowahi dadi ....

a)

Eyang lagi pirsani wayang kulit ing TV

b)

Eyang lagi mirsa wayang kulit ing TV

c)

Eyang lagi pirsa wayang kulit ing TV

d)

Eyang lagi mirsani wayang kulit ing TV

9.

Tembung lingga wulang yen dirimbag kanthi ater- ater anuswara dadi ....

a)

mulang

b)

diwulang

c)

ngulang

d)

dakwulang

10.

Tembung- tembung ing ngisor iki kang kawuwuhan ater- ater anuswara yaiku ....

a)

nyilih, tulis, nggawa

b)

mikir, nyapu, nggawa

c)

ngarep, mateng, mambu

d)

sapu, nulis, tulisan

11.

Ukara ing ngisor iki kang migunakake tembung mawa ater- ater anuswara yaiku ....

a)

Aku nyilih sepatune Andri.

b)

Amir tuku obat lara untu.

c)

Bukune durung diwaca.

d)

Adhiku dibonceng kancane.