wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Teks Wawancara

Total questions: 15

Worksheet time: 3mins

Name
Class
Date
1.

OLAHAN BANDENG

Tata : Kulanuwun, Bu.


Bu Suci : Oh, nggih mangga pinarak. Ana perlu apa, Mbak?


Tata : Punika kula kaliyan kanca kula kepengin mangertosi kadospundi caranipun ngolah bandeng lan kadospundi caranipun panjenengan masaraken prodhuk olahan bandeng punika.


Bu Suci : Oh, iya-iya


Lintang : Punapa naminipun prodhuk olahan bandeng ingkang panjenengan prodhuksi punika, Bu?


Bu Suci : Akeh, Mbak. Prodhuk olahan bandeng ing kene, kayata; bandeng presto, othak-othak bandeng, bandeng cabut duri, abon bandeng, lan sapanunggalane.


Teks kasebut kalebu teks...

a)

Pawarta

b)

Wawancara

c)

Menehi kawruh

d)

Teks prosedhur

2.

Lintang : Menawi ingkang kondhang utawi ingkang laris punika prodhuk ingkang pundi, Bu?


Bu Suci : Sing paling laris lan sing asring digoleki pelanggan, yaiku othak-othak bandeng.


Tata : Kenging punapa othak-othakbandeng punika saged dados prodhuk ingkang laris?


Saka pacelathon ing ndhuwur sing minangka pawawancara yaiku....

a)

Lintang & Bu Suci

b)

Bu Suci

c)

Tata & Tari

d)

Lintang & Tata

3.

Sing ora oleh ditindakake nalika wawancara yaiku........

a)

Nakokake babagan dibutuhake

b)

Pitakonan ora memper karo topik lan tema

c)

Ngrungokake andharan kanthi setiti

d)

Nulis babagan wigati

4.

Sajroning nindakake wawancara ana bab-bab sing kudu digatekake, yaiku.......

a)

Namtokake Tema lan Topik

b)

Namtokake suguhan wawancara

c)

Nyepakake pitakonan kang njlimet

d)

Mara ing omahe narasumber

5.

Rama lagi nindakake wawancara ngenani carane nggawe asbak saka lemah lempung, marang Pak Kasdu sing umure 56 taun. Rama becike nggunakake........

a)

Krama Andhap

b)

Basa kang sopan

c)

Krama Inggil

d)

Krama Lugu

6.

Klasifikasi yaiku........

a)

Perangan teks kang mantha-mantha utawa milah manut jinise utawa klompoke.

b)

Isine biyasane ngenani pangerten utawa samubarang kang arepe dirembug.

c)

Perangan teks kang mantha-mantha bageyan

d)

Perangan teks kang isine ngenani deskripsi rinci

7.

Sing kalebu tuladha krama inggil yaiku......

a)

Bu Lurah, ajenge mundhut gendis wonten peken

b)

Kula ajenge dhahar kalihan soto.

c)

Bapak Nur badhe tindak dhateng Surabaya nitih kreta

d)

Lek Nur taken caranipun ngginakaken Whatsapp

8.

akasara kasebut yen ditulis latin dadi.....

a)

ula tali piwis

b)

ulo tali piwis

c)

ula tali picis

d)

ula tali pilis

9.

Ana ing teks wawancara, tembung kepriye gunane kanggo nakokake........

a)

Piguna

b)

Alasan

c)

Cara

d)

Kahanan

10.

a)

suna suta siir amar amar

b)

suta suta silir amara ara

c)

sura suta silir amarara

d)

sura suta silir amara ara

11.

yen ditulis ing akasara latin yaiku........

a)

sakarti tumbas lenga kenari menyang Wak Surani

b)

sakarti tumbas kenari nyang Wak Surani

c)

sakarti tumbas lenga kemiri nyang Wak Sunari

d)

sakarati tuwas lenga kemiri menyang Cak Sunari

12.

Bu Atik : Prodhuksi jamu parem iki wis ana wiwit taun 90-an, dadi kira-kira wis ana 20 taun luwih anggone mrodhuksi iki.


Gangga : Anggenipun sadean jampi punika, kadospundi caranipun panjenengan masaraken prodhuk jampi punika?


Tembung sadean tegese......

a)

Nggawe

b)

Adol

c)

Ngolah

d)

Mrodhuksi

13.

Tujuan disusun pedhoman wawancara kaya ing ngisor iki, kajaba ...

a)

Supaya anggone nindakake wawancara runtut lan genep

b)

Supaya ora ana pitakonan kang kliwatan

c)

Supaya tumindake wawancara lumaku lancar lan mawa arah

d)

Supaya anggone nindakake wawancara suwe

14.

Sing kalebu ukara tanduk yaiku......

a)

Saben esuk dipasarake ana ing desa-desa

b)

Saben digiling krupuk kudu wis pulen

c)

Aku nampa pesenan sawayah-wayah

d)

Kripik rasa original sing paling disenengi konsumen.

15.

aksara kasebut diwaca......

a)

tela goreng gosong

b)

tela goreng giring

c)

sego goreng garing

d)

sega goreng garing