wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA NARASI, DESKRIPSI, PRASTAWA KELAS 5

Total questions: 10

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

1. Wacanen kanthi patitis teks ing ngisor iki!

Dolanan Tradisional

Isih jam setengah wolu. Ing alun-alun wis kebak wong. Dina iki ana Festifal Dolanan Tradisional sa kota Malang. Pesertane para siswa SD saka 5 kecamatan. Sing bakal tetandhingan yaiku wakil saka kecamatan-kecamatan mau.

Dolanan tradisional kang dilombakake,yaiku egrang, balap karung, gobag sodor, patil lele, benthengan, dhakon, lan gedrig

Bima wis siaga kanthi egrange, 4 peserta liyane mengkono uga.

“ Priiiittt …..!” Swara aba sempritan muni banter. Egrang iku ginawe saka pring. Ing perangan ngisor ana tlapakan kanggo sikil kang sinangga sikon ing ngisore. Tlapakan mau ana sing ditali ing cagake ana uga sing dibolongi.

Jenise teks ing ndhuwur kalebu jenis teks ….

a)

Diskripsi

b)

Narasi

c)

Argumentasi

d)

Persuasi

2.

1. Wacanen kanthi patitis teks ing ngisor iki!

Gobag Sodor

Dina Setu ing kelas V ana pelajaran Olahraga. Kabeh murid kelas V wis padha baris ing lapangan. Kabeh pada bregas lan seger. Barise manut klompoke dhewe-dhewe. Kabehe ono limang klompok. Saben lompok bocah papat. Bima dadi ketua klompok telu.

“Dina iki dolanan gobag sodor. Sapa sing wis tau dolanan gobag sodor ?” pandangune Pak Imam.

Bima, Niken, Wati, Ruslan, lan Munip ngacung. Pancen bocah lima iu kerep dolanan gobag sodor ing platarane Pak Jono.

Sawise padha hompipah, dolanan gobag sodor kawiwitan.

“Ketua kelompok dadi sodore, sing liyane dadi sing njaga.”

Jenise teks ing nduwur kalebu jenise teks ….

a)

Persuasi

b)

Narasi

c)

Deskripsi

d)

Argumentasi

3.

Teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadean kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan.

Ukara ing nduwur kalebu pengerten jenise teks ….

a)

Argumentasi

b)

Diskripsi

c)

Persuasi

d)

Narasi

4.

1. Wacanen kanthi patitis teks ing ngisor iki!

Bima bisa ngliwati babak penyisihan mau. Dheweke menang terus. Kabeh padha seneng weruh ketrampilane egrangan. Sanajan awake lemu nanging ora kalah gesit karo liyane. Iki sebabe Bima kerep latihan sadurunge lomba. Gunane latihan saben dina ndadekake Bima trampil lan kuwat. Akhire ing babak final Bima kudu adu cepet lan adu trampil karo 3 peserta liyane.

Ide pokok paragraph teks ing nduwur ….

a)

Bima menang ing babak penyisian, banjur mlebu babak final

b)

Bima melu lomba egrang

c)

Bima ndremimil dongane, kringete dleweran, lan tangane gemeter

d)

Bima kasil dadi juwaraing lomba egrang sakabupaten

5.

Dolanan

Tradisional

“Bima wis trampil ta, egrangan ?” Pak Wibawa, bapake urun pandangu

“Woo.. , inggih sampun ta Pak ! Yen latihan kula mesthi menang lo, Pak !”

“ He … he … ya syukur. Tapi ora pareng ngremehake liyane lo ya ! Sapa ae mungsuhe, sing penting main sing apik, sing sportif. Menang, kalah iku ketemu buri. Sing penting tambah pengalaman tambah kanca, le !”

“Inggih, Pak. Donga pangestunipun, mugi-mugi kula juwara!”

“Dolanan tradisional saiki dilestarekake lo, Pak” sumambunge ibune Bima

“Iya, sebabe pancen akeh gunane. Bocah dadi guyub rukun, dolanan bebarengan tanpa rasa serik lan tukaran, sebab ana tata aturane,”

“Kula nggih tambah sehat, Pak. Nedha kula dados kathah, sebab dolanan egrang niku saged kringeten,” kandhane Bima

Kabeh melu ngguyu, karo nyawang Bima sing lemu iku.

Nalika jam nuduhake jam 06.15 menit, Rini lan Bima bamjur pamitan.

“Ati-ati, ya Nak!” ngendikane ibu, nampani salime bocah loro

Miturut crito ing nduwur watak tokoh Bima yaiku ….

a)

Ngerti gunane dolanan tradisional

b)

Bocah lanang, lemu, bekti marang wong tuwa, trengginas

c)

Bocah wadon, bekti marang wong tuwa

d)

Bocah lanang, kuru, bekti marang wong tuwa

6.

Ing mangsa … sumur asat ora ono banyune

a)

Rendheng

b)

Panas

c)

Ketiga

d)

Udan

7.

1. Wacanen kang patitis teks ing ngisor iki !

Dolanan Tradisional

Rudi lan Banu arep melu lomba egrang. Dene Rini arep melu dolanan dhakon. Ibu ndangu, “Mengko padha budal jam pira ?” Rini mangsuli, “ Jam 06.15 saking griya, mangke bidhal dhateng alun-alun jam 07.30

Pak Sunardi ndangu, “Rudi lan Banu wis trampil ta, olanan egrang.” Rudi lan Banu mangsuli “Inggih sampun pak.”

“Njur kepriye Rin, rak yaw is bisa tenan ta dolanan dhakon?” pandangune Bu Sunardi.

“Inggih bu, kula sampun saged saestu, dolanan dhakon,” wangsulane Rini Bu Sunardi ngendalika, “Muga-muga mengko menang kabeh.”

Miturut teks ing nduwur, latar tempate ono ing ….

a)

Sekolah

b)

Omah

c)

Alun-alun

d)

Dalan

8.

1. Wacanen kang patitis teks ing ngisor iki

Rudi lan Banu arep melu lomba egrang. Dene Rini arep melu dolanan dhakon. Ibu ndangu, “Mengko padha budal jam pira ?” Rini mangsuli, “ Jam 06.15 saking griya, mangke bidhal dhateng alun-alun jam 07.30

Pak Sunardi ndangu, “Rudi lan Banu wis trampil ta, dolanan egrang.” Rudi lan Banu mangsuli “Inggih sampun pak.”

“Njur kepriye Rin, rak yaw is bisa tenan ta dolanan dhakon?” pandangune Bu Sunardi.

“Inggih bu, kula sampun saged saestu, dolanan dhakon,” wangsulane Rini, Bu Sunardi ngendikan, “Muga-muga mengko menang kabeh.”

Miturut teks ing nduwur, latar wektune yaiku ....

a)

Bengi

b)

Sore

c)

Esuk

d)

Awan

9.

1. Wacanen pawarta ing ngisor iki kanthi setiti!

JAKARTA— Kegiatan pramuka ing sekolah nduweni daya kekuwatan kang gedhe kanggo narik kawigatene bocah. Kegiatane kang maneka warna lan nyenengake bisa nukulake semangat. Salah sijine kegiatan kasebut yaiku Indonesia Scouts Challenge (ISC) 2015-2016, makarya bebarengan antarane Kwartir Nasional Gerakan Pramuka lan Jawa Pos Group.

Indonesia Scouts Challenge mujudake kegiatan kemah lan maneka warna lomba kanggo adhik-adhik Penggalang Ramu kelas IV lan V SD. Kegiatan iki kaleksanan wiwit tingkat kabupaten, provinsi, lan nasional. Sapa kang menang ing tingkat kabupaten bakal dikirim lomba ing tingkat provinsi.

Adhedhasar pawarta ing ndhuwur, isi saka pawarta yaiku ….

a)

Kegiatan pramuka ing sekolah nduweni daya kekuwatan ora sepiro gedhe kanggo narik kawigatene bocah

b)

Pramuka mujudake kegiatan kemah lan maneka warna lomba kanggo adhik-adhik Siaga-Penggalang Ramu kelas IV lan V SD

c)

Kegiatan pramuka ing sekolah nduweni daya kekuwatan kang gedhe kanggo narik kawigatene bocah lewat kegiatan kemah lan maneka warna lomba kanggo adhik-adhik Penggalang Ramu kelas IV lan V SD

d)

Sekolah kang ngadakake Pramuka makarya bebarengan antarane Kwartir Nasional Gerakan Pramuka lan Jawa Pos Group

10.

Wacanen pawarta ing ngisor iki kanthi teliti!

Indonesia Scouts Challenge mujudake kegiatan kemah lan maneka warna lomba kanggo adhik-adhik Penggalang Ramu kelas IV lan V SD. Kegiatan iki kaleksanan wiwit tingkat kabupaten, provinsi, lan nasional. Sapa kang menang ing tingkat kabupaten bakal dikirim lomba ing tingkat provinsi.

Adhedhasar isi pawarta ing ndhuwur, dhuweni ciri-ciri pawarta yaiku ....

a)

Isene ngemot berita

b)

Isene khayalan

c)

Nyeritakake pramuka

d)

Andharane opini