NEW
Font size
WorksheetsSoal Diklat Bahasa Jawa Sesorah
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh diarani …
sesorah
geguritan
nembang
ndhalang
Babagan ing ngisor iki perlu digatekake wektu sesorah, kajaba ...
basa
solah bawa
busana
sing ngundang
Sumangga kula dherekaken raos puji sukur dhumateng Gusti igkang Maha Kuwaos.
Pratelan ing dhuwur klebu perangane sesorah ana ing…
uluk salam
isi
pambuka/purwaka
panutup
Gatekna bab-bab ing ngisor iki!
(1) ndhingkluk
(2) tangan ngapurancang
(3) nyawang tamu
(4) nguwasani pemirsa
Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku bab nomer…
(4)
(3)
(2)
(1)
(1) Isi/Suroso
(2) Purwaka
(3) Panutup
(4) Salam Panutup
(5) Salam Pambuka
Urutane Perangan Sesorah kang bener yaiku ...
2-5-1-3-4
5-2-1-3-4
5-2-4-3-1
2-5-1-3-4
Sesorah atur
pambagya patrape tangan yaiku….
a. Sedhakep
b. Malangkerik
c. Mbanda tangan
d. Ngapurancang
Surasa Basa isine ...
Ngucap salam marang tamu kang rawuh
Puja lan puji syukur marang Gusti Allah
Bab penting sing bakal diaturake
Atur panuwun lan pangapura
Gunane cengkorongan pidhato yaiku kanggo ....
ngringkes pidhato
mbiji isine pidhato
nulis isine pidhato
nggampangake gawe teks pidhato
Bapak saha Ibu Guru ingkang kinabekten, Bapak Ibu ingkang kula kurmati, para kadang lan adhi-adhi kula, saha para rawuh sedaya ingkang bagya mulya. Sesorah ing dhuwur iki urutan sesorah bab….
Atur pakurmatan
Pambuka
Surasa
panutup
Nalika sesorah swantenipun ingkang trep, boten keseron, boten bengok-bengok, lan boten kelirihen, tegesipun tiyang sesorah menika nggatosaken … .
basa
busana
swara
sowah bawa
