WorksheetsPH Bahasa Jawa Kabudayan
Total questions: 25
Worksheet time: 1hrs 19mins
Upacara Tingkeban
Upacara tingkeban ana ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogjokarta nganti tumek saiki iseh kereb ditindakake. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitungsasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake mesthi wae nduweni ancas kang kepengin digayuh ing kaluwarga, mligine ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet, lan ora ana alangan apa-apa. Kajaba iku muga – muga mbesuke bisa dadi anak kang bekti marang wong tuwane. Ing kene uga arep diandharake tatacara upacara tingkeban, klebu nyamping kang dienggo calon ibu.
Upacara tingkeban kawiwitan mawa sungkeman. Iang acara sungkeman, calon ibu lan calon bapak luwih dhisik sumungkem ing ngarsane rama lan ibune. Sungkeman iki nduweni teges muga-muga ing tembe jaban bayi kang dilahirke bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane. Sabunjure upacara siraman, ana ing upacara siraman, calon ibu disiram dening wong pitu kayata bapak saha ibu saka calon ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur, utawa tangga teparo kang bisa dadi tuladah becik. Sakwise siraman banjur upacara sesuci (wudhu). Banyu kang diwadhahi ing kendhikanggo sesuci maubanjur dipecah dening ibu saka calon ibu kanthi ngendika “ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi”.
Ing upacara tingkeban, calon ibu ganti nyamping kaping pitu. Kang urut-urutane yaiku nyamping sidoluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris, parang kusuma, lan nyamping semen rama. Sabanjure ganti nyamping ana adicara nigas janur kuning. Calon bapak nigas janur kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sakwise nigas janur kuning, calon bapak banjur mlayu banter. Iki nduweni ancas muga – muga jabang bayi bisa lahir kanthi lancar lan cepet. Banjur acara brojolan, brojolan ing kene ana werna loro yaiku brojolan tigan ( kanthi pangajab muga-muga jabang bayi bisa kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi). Brojolan kaping pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan Kamiratih utawa Arjuna lan Subadra kang minangka pralambang lahire jabang bayi. Mangkono mau urut-urutane ing acara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara Negara mawa tata, mula ora mokal Manawa saben daerah beda tata carane nindakake. Kabeh mau minangka simbol kanggo gayuh kebecikan.
Upacara tingkeban minangka upacara slametan pitung sasi kanggo ....
Jabang bayi
calon jabang bayi
ibu
calon ibu
Ancase upacara tingkeban yaiku ....
supaya calon ibu bisa slamet
supaya calon bapak bisa slamet
supaya bayi lair kanthi gampang
supaya jabang bayi lair ora slamet
Upacara tingkeban diwiwiti kanthi adicara ....
calon ibu nyamping kaping 7
calon bapak mlayu banter
kawiwitan mawa sungkeman
kawiwitan mawa adicara siraman
Ing acara/adicara sungkeman calon ibu lan calon bapak luwih dhisik sungkem marang ....
simbah
rama lan ibune
tonggone
jabang bayi
Ing upacara tingkeban calon ibu ganti nyamping kaping pitu. nyamping kang kanggo ganti ing urutan nomer papat jenenge ....
sidaluhur
sidamukti
teruntum
wahyu tumurun
Ing ngisor iki sing ora kalebu sandiwara miturut penyajiane lakon yaiku ....
komedi
melodrama
sinetron
tragekomedi
Ing ngisor iki pranyatan sing paling bener yaiku ....
Tokoh protagonis yaiku tokoh sing nentang dalane crita
Tokoh antagonis yaiku tokoh kang nyengkuyung dalane crita
Tokoh tratagonis yaiku tokoh pambiyantu tokoh protagonis lan antagonis
Tokoh tritagonis yaiku tokoh utama
SELAPANAN
Selapanan yaiku pengetan sawise 35 dina bayi lair. Selapanan iki kalebu tradisi jawa. Liyane pengetan uga masyarakat jawa duwe tradisi sing iseh kalebu nyambut lahire bayi yaiku mitoni, mendhem ari-ari, brokohan, puputan, sepasaran, lan selapanan. wektu dina kaping 35 iki, si jabang bayi bisa dibaleni meneh. contone bayi lair dina Jumat Kliwon (dina weton) mula selapanane iya dina Jumat Kliwon maneh. Selapanan nduweni teges sing kuat kanggo uripe bayi.
Ing ngisor iki kang ora kalebu tradisi nyambut lahire jabang bayi yaiku .....
mitoni
tingkeban
sepasaran
sungkeman
Sing diarani selapanan dina iku tegese ....dina.
telung puluh
telung puluh papat
telung puluh lima
telung puluh enem
Selapanan nduweni teges supaya kuat kanggo uripe ....
bapa
ibu
bayi
simbah
SEKATEN
Sekaten (dijupuk saka tembung syahadatain utawa rong kalimat syahadat) yaiku salah sawijining upacara adat minangka wujug rasa syukur masyarakat islam Jawa Tengah sing dilaksanakake saben sasi mulud penanggalan Jawa kanggo mengeti laire Nabi Muhammad SAW. Jaman biyen upacara iki dienggo dening Sultan Hamengku Buwana I, Pangadeg Kraton Ngayogjakarta kanggo ngundang masyarakat mlebu agama Islam.
Ing upacara sekaten iku adicara sing paling ditunggu yaiku metune gamelan kraton nyai Nagawilanga lan Nyai Gunturmadu kanggo diunekake ing panggonan mesjid Gedhe Kraton Ngayogjakarta. Gamelan iku diarak saka Bangsal Pancaniti menyang mesjid Gedhe banjur ditabuh seminggu suwene lan digiyarkake nganti tekan dalan Malioboro, saenggo nambah swasana budayaKutha Ngayogjakarta.
Puncak adicara sekaten ditengeri kanthi metune gunungan sing diarani grebeg mulud, sing dhasare gambarake sadhekahing para raja marang rakyate lan nyimbolake kesejahteraan.
Ing upacara sekaten, adicara kang paling ditinggu yaiku metune .....
gamelan kraton
grebeg mulud
sesajen kraton
emas-emasan kraton
Upacara sekaten dianakake kanggo mengeti ....
wafate nabi Muhammad
laire nabi Muhammad
kesahe nabi Muhammad
menunggale nabi Muhammad
Pranyatan sing ana gandheng cenenge karo upacara sekaten ing ngisor iki sing paling bener yaiku ....
Upaca sekaten dadi adate masyarakat Jawa Tengan sing dilaksankake ing sasi syawal
Upacara sekaten dadi adat masyarakat Jawa Tengah miligine masyarakat Semarang
Upacara sekaten dadi wujud rasa syukur masarakat Isalam ing tlatah Jawa Tengah
Upacara sekaten iku saben tahun dilaksanakake ing tlatah Jakarta
Pangadeg Kraton Ngayogjakarta yaiku ....
Sultan Hamengku Buwana I
Sultan Hamengku Buwana II
Susuhunan Pakubuwono I
Susuhunan Pakubuwono II
Alur yaiku gegayutane prastawa lan konflik kang dirajud kanthi padudan kang nuju ana ing klimaks lan ing pambubaraning padudon.
Ing ngisor iki sing ora kalebu peranganing alur yaiku ....
alur maju
alur mundur
alur nyamping
alur campuran
Cangkriman iku unen-unen ukara kang kudu dibatang. Cangkriman umume kanggo gegojegan. Ana uga cangkriman kang digawe sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana wera-werna yaiku cangkriman wacahan, pepindhan, lan blenderan (plesedan) ana uga cangkriman kang dijawab dhewe.
Cangkriman kaperang dadi papat, ing ngisor iki sing ora kalebu jenise cangkriman yaiku ....
cangkriman kan kacethak wacanan
cangkriman pepindhan
cangkriman wancahan
cangkriman prosa
Tradhisi kang dianakake kanggo mengeti dina kelairane Nabi Muhammad yaiku ....
larung saji
upacara kasada
grebeg syawal
grebeg mulud
Gamelan kang diunekake nalika adicara sekaten yaiku gamelan sing arane ....
nyai nagasasra
nyai nagawilanga
nyai nagalaranga
nya nagabergola
Upacara sekaten digelar utawa dilaksanake ing sasi .....ing tlatah .....
Mulud - Surakartahadiningrat
Syawal - Ngayogjakarta
Mulud - Ngayogjakarta
Syawal - Surakarta
KENDUREN
Seperangan ahli mastani, agamane wong Jawa sing temenan iku sejatine aran kenduren. Kenduren ora beda, pokok e ngibadah. Awit kanggone wong Jawa, kabeh prakara kang ana gandheng cenenge karo lakuning urip, kawit ceprot jabang bayi nganti tekan matine, kalebu prastawa liyane kayata nggawe omah, lulus sekolah, ketompo nyambut gawe kudu dikendureni. Upacara kenduren ancase kanggo nggayuh kaslametan mula kenduren uga diarani slametan. Wong kang wus nglaksanani upacara wujud kenduren mau adate banjur krasa ayem tentrem atine. Pancen kabeh mau gumantung kapracayan pribadine dhewe-dhewe. Kenduren iku kalebu perangan tindakan simbolis tumrape wong jawa kanggo memuji gusti lan nggayuh keslametan.
Sejatine agamane wong Jawa yaiku diarani ....
kondangan
sekaten
tingkeban
kenduren
Kenduren iku dilaksananke nduweni ancas kanggo ....
nggayuh kabegjan
nggayuh ngelmu ding dhuwur
nggayuh keslametan
nggyuh bondho donyo kang akeh
LUDRUK
Ludruk punika salah siji kesenian drama tradisional ing Jawa Timur. Seni Ludruk nggambarake saka kesenian rakyat besutan uga lerok saka Jombang. Seni drama besutan biyen dipentasake ing ngarep latar omah uga dideloki wong akeh. Kala iki kesenian ludruk dadi hiburan ing acara hajatan masyarakat Jombang uga Jawa Timur.
Ludruk saka Jawa Timur beda karo kethoprak saka Jawa Tengah. Cerita kethoprak dijupuk saka crita sejarah uga dongeng krao crita kagesangan jaman biyen. Kesenian ludruk nyritakake pagaweyan rutin ing masyarakat, biyasane saka kalangan wong cilik.
Ludruk iku kesenian masyarakat kang asale saka .....
Jawa Tengah
Jawa Timur
Ngayogjakarta
Bali
Kesenian ludruk ing jaman biyen biasane dipentasake ana ing ....
hajatan
ngarep latar omah
nikahan
acara pesta
Kesenian kethoprak asale saka Jawa Tengah. Crita kethoprak dijupuk saka ....
pagaweyan ritin masyarakat
kagesangan jaman biyen
lakuning para raja
lakuning para prajurit
Sing mbedakake kesenian ludruk lan kethoprak yaiku ....
lakon
setting
buasana
tema crita
