WorksheetsUH 3
Total questions: 20
Worksheet time: 3600secs
Perangan struktur carita wayang wonten pinten?
Tiga
Sekawan
Gangsal
Enem
Pitu
Teks lakon nduweni wangunan kanthi runtut dumadi saka: jejer, pangudharing prakara, lan pasulayan.
Bener
Kliru
Napa gunanipun cengkorongan ing teks lakon?
Kanggo nuntun panulis supaya asil karyanipun bisa luwih bagus lan tumata.
Kanggo maringi antawacana supaya sing mirengake lan ndeleng bisa mangerteni babagan lakonipun.
Kanggo maringi irah-irahan ing wacana lakonipun supaya wacanane lengkap.
Kanggo maringi pituduh lelaku marang sing maos wacananipun lan mirengake lakonipun.
Kanggo njelasake sesambungan antaranipun pangripta lan pamaos.
"Pandawa ing lakon pewayangan, yaiku Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa. Wong lima iku sabenere anak saka Pandu lan Kunti. Disukani asma Pandawa amarga duwe limang dulur. Minangka dadi titisan para dewa, para Pandhawa iku nduweni kekuwatan ingkang luar biyasa. Kabeh Pandhawa iku anduwe kekuwatan sing beda-beda lan duweni keahliane dhewe-dhewe. Ing sisih liyane, ana Kurawa, yaiku lare-lare anake Destarastra sing ora becik lan meri. Kurawa ingkang tumindak ala lan dadi lawanipun Pandawa."
Wangunan carita kasebut, apa jenenge?
Pasulayan
Jejer
Pangudharing prakara
Dudutan
Cengkorongan
"Dunga tresna Rahwana marang Dewi Shinta ing wayah wengi wus kaya petenge jagad, “Gusti, yen tresnaku marang Shinta ora wutih, napa Panjenengan ciptaning perasaan sing gedhe sanget ing sukmaku niki?”
Saka carita kasebut, pasulayan apa sing dialami Rahwana?
Rahwana nandang pepujaning ingkang wutih marang Shinta.
Rahwana ditampa dening Shinta babagan tresnanipun.
Rahwana ing wayah wengi ndeleng petenge jagad sing ora wutih.
Rahwana seneng banget karo Shinta amarga dheweke kaya dewi kahyangan.
Rahwana ketaman bronto marang Shinta sing sampun nduwe garwa.
"Amergi raja diparingi pituduh saking Patih Gajahmada, usulipun ukuman pati dumateng jaka mboten dados.
Gantinipun ukuman pati, Jaka Prabangkara piyambakipun diken tindak-tindak lan nggambar lukisan jagad."
Carita kasebut kalebu wangunan "jejer."
Bener
Kliru
Wayang sadat niku wayang sing dadi akulturasi Jawa-Islam lan nduweni ancas kanggo ngrembaka piwulangipun tauhid Islam ing tanah Jawa.
Bener
Kliru
Wayang purwa digawe saka golek.
Bener
Kliru
“Aum awignam astu sing lelembut pedhanyangan sira ing [omahe dalang] kang kekiter kang semara bumi bujang babo kabuyutan. Allah rewang-rewangana aku, katekana sasedyaku, katurutana sakarepku. Umat lanang umat wadon, andhedulu marang aku, teka demen teka asih, asih saking kersane Allah, ya hu Allah, ya hu Allah, ya hu Allah,” tinulis dening Ki Slamet Sutrisno sajroning ‘Pedhalangan Jangkep’ kayata dijupuk saking Wayang Cina-Jawa ing Yogyakarta, karyanipu. B. Sularto lan S. Ilmi Albiladiyah.
Sing bisa kajupuk saka carita kasebut, yeku...
Lanang lan wadon andhedulu asih.
Bumi kasuwun astunipun marang dhalang.
Pedhalangan sing digelar ora jangkep.
Dhalang njaluk pitulungan ning Gusti Ngaurip.
Dhalang anggelar antawacana karo lanang wadon.
Dedunganipun dhalang marang Gusti Hyang Tunggal, yaiku supaya wilujeng menawa nyampekake ategesipun pagelaran ing pandeleng, kabecikanipun sing dadi pituduh ing caritane ngresep ing pandeleng. Pandongaipun dhalang uga dadi kakuwatane dhalang supaya bisa nuntasake pagelaran sawengi.
Kena apa dhalang ndonga?
Kanggo maringi pitulungan marang sawenginipun wayah nggelar carita.
Supaya caritane ora ngresep ing batine panonton.
Supaya bisa nggelar pagelaran ing wayah isuk.
Kanggo menehi kakuwatane dhalang marang pandeleng.
Supaya selamet nyampekake teges (makna) carita sing becik marang sing nonton.
Wayang sing isine babagan carita kang nduweni paraga biyasa utawa ngenani pambangunan, kasebut wayang ap?
Wayang sesuluh
Wayang sadat
Wayang Panji
Wayang wahyu
Wayang golek
Sajroning kalodhangan carita wayang, kita bisa nganalisis kepriye lan ngapa sesambungan utawa gegayutan isining carita karo kasunyatan urip saben dinane. Analisis wau karembug sajrone teka pacelathon kang awujud, kajaba...
Awujud bebas, arupa wacana naratif (crita).
Awujud selaras karo undha-usuking basa.
Awujud sambung karo isine pacelathon.
Awujud gegayutane karo kasunyatan ngaurip.
Awujud bedhek-bedhekan ing kasunyataning urip.
Wacana carita wayang uga wacana sastra liyane nduweni tuntunan utawa wejangan kang pengij diandharake dening pangripta kang awujud piwulang babagan moral utawa budi pakerti. Piwulang moral babagan napa wae sing wonten ing sajroning wacanane?
Sesambungan kalih Gusti Ingkang Agawe Kahuripan.
Sesambungan tan ana ing kahuripan kasunyatan.
Sesambungan karo dhiri pribadhi.
Sesambungan karo sapadha-padha manungsa.
Sesambungan karo alam lingkungan.
"Mendung angendanu ngemuli Pertapan Jatisarana. Kembang-kembang padha aluk temag gogrog, ganda arum wus ilang kesapu dening angin. Kumbang kekiter bingung bilulungan ngupadib dununging sarining memanis. Udan riwis-riwis kesisan maruta kengis saya nambahi kekes temah pepes jroning penggalih Begawan Wiragni."
Ing carita kasebut, bisa dikangerteni menawa kahanane ora tentrem amarga ana pasulayan kang diadepi paraga.
Bener
Kliru
Wacana lakon katulis kanthi bleger, salah sawijine wonten paesan.
Bener
Kliru
Pak Raden ngedikan marang Dika, "Sampeyan iku gagal mangerteni welas asih, tresnane penggalih. Donya brana sing sampeyan grojokake marang garwamu iku mung saperangan cilik saka rasa welas asih. Masak nyempatna wektu sedhela wae ora bisa. Mumpung durung kebacut. Menawa wus kedadeyan, sampeyan sing bakal nandhang laraning ati. Yek iku dumadi, donya saisine ora bisa kanggo nuku rasa isin lan getunmu."
Prastawa sing ana ing carita kasebut, yaiku...
Pak Raden mrentah Dika supaya tan maringi asih marang garwane.
Dika dadi wong kang kurang tanggung jawab marang garwane.
Garwane Dika nduwe rasa bungah marang lelakune Dika.
Dika mesthi nyempatne wektu kanggo garwane.
Pak Raden maringi garwa marang Dika.
Pak Raden ngedikan marang Dika, "Sampeyan iku gagal mangerteni welas asih, tresnane penggalih. Donya brana sing sampeyan grojokake marang garwamu iku mung saperangan cilik saka rasa welas asih. Masak nyempatna wektu sedhela wae ora bisa. Mumpung durung kebacut. Menawa wus kedadeyan, sampeyan sing bakal nandhang laraning ati. Yek iku dumadi, donya saisine ora bisa kanggo nuku rasa isin lan getunmu."
Piwulangan moral sing bisa kajupuk saka carita kasebut apa wae?
Welas asih ora mung prakara brana, nangong diwujudake saka lelaku tresna, kayata maringi kawigaten nyempetne wektu ngancani sing diasihi.
Rasa getun iku anane ning mburi. Kita wus ngerti, nanging sing kit larani tasik nandang lara.
Rasa tresna kang becik mung bisa diwujudake saka donya brana.
Yen wus kebacut, apa-apa sing marai kita getun, bakal gampang diudhari prakarane.
Yen kita tenanan tresna marang wong, mula kene mesthi mujudaken saka pocapan lan lelakon kang nyata.
Bu Rukmini: "Dwi ambangun griya kalih pepujaning manah, reroncening sekar ing donya kanggo pungkasaning omahing swarga, nganti kembange pati cumlorot, tansah dilakoni supaya tuwuh wohing bagus ing mangsa abadi."
Pak Darsa: "Mangertos babagan punika. Puji pandongaku mung Dwi bisa mujudake apa sing dipenginake kanthi becikipun."
Bu Rukmini: "Sakliyane niku, muga-muga Dwi bisa njaga niat, proses, uga asil kang bagus marang sembarang kalire. Ya, muga-muga wangunan griyane kuwat nganthi temu pati."
Saka dhialog kasebut, apa sing bisa kapethik?
Ambangun griya sing dimaksud, yaiku mbangun omah papan.
Ancasing swarga bakal nduweni sembarang laku sing ora gampang.
Welas asih kudu dijaga amrih kuwat lan awet nganthi temune pati.
Dedonga niku mung perlu asil, ora perlu prosese.
Mujudake tresna iku saka pocapan lan tumindak nyata kang becik.
Pak Adi: "Mula kita kudu lelakon ingkang kaya pasuryaning jagad. Sakabehing guneman lan tumindak bakal oleh ganjarane. Ngunduh wohing pakerti. Cidra oleh ala. Satya oleh becik."
Bu Marni: "Nggih, Bapak. Kula inggih surasa kaya menika."
Saka pacelathon kasebut, dimngerteni yen Bu Marni ... kalih pocapane Pak Adi.
ora setuju
nyanggah
ngresula
sarujuk
ngruweti
Pak Didi: "Ana apa iki kok padha rame?"
Ibu Rani: "Niki, lho, Pak! Rama ora gelem njaluk sepura ning Lesmini mulane iki wau Lesmini ngalih karo nangis."
Rama: "Kula mboten ngelakoni napa-napa, kok diken nyuwun ngapura. Nggih, emoh kula."
Ibu Rani: "Ora salah kepriye, awakmu iku ora sopan karo mbakyumu. Awakmu ngelok-ngelokne mbakmu, nggawa-nggawa kekurangane mbakmu. Piye ora nglarani ati."
Rama: "Niku guyon, Bu!"
Ibuk Rani: " Mbakmu iku mung nasihati awakmu supaya sregep, nanging awakmu malah kaya ngono. Saiki, kok, ngomong guyon."
Pak Didi: " Ibumu bener, Ram. Yen ora seneng karo nasihate mbakyumu, ngomong ae sing apik. Toh, mbakyumu yen nasihati awakmu karo alus, tho? Tur ora nggawa-nggawa kekuranganmu. Iya apa ora?"
Rama: "Nggih, Pak!"
Pak Didi: "Ya mulane iku. Sembarang ucap lan laku kudu kita pikir mateng-mateng. Bayangno ae yen kekurangan digawe guyon laro wong liya, apa awakmu seneng?"
Rama: " Mboten, kula mesthi nesu."
Pak Didi: "Iya. Mulane, awakmu sing nglarani mbakmu, dudu mbakmu sing nglarani atimu. Saiki wus ngerti kudu ngelakoni apa?"
Ibu Rani: "Rama?"
Rama: "Nggih, Bu, Pak! Kula badhe nyuwun pangapura dening Mbak Lesmini."
Saka dhialog kasebut, nilai sing bisa kajupuk...
Aja ndadekake guyon dadi alasan supaya bisa nglarani atine wong liya.
Kita perlu introspeksi dhiri ngenani ucapan lan tumindak.
Yen kita ora seneng karo nasihate wong liya, langsung nesu wae.
Menawa guyon iku kudune nyenengake ati, ora nglarani ati.
Kita yen ngomong kudu nganggo wewaton.
