Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS JAWA SMK

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Karya seni kang diperanake dening pawongan kang dipentasake ing panggung diarani...

a)

Geguritan

b)

Macapatan

c)

Drama

d)

Seni Tari

e)

Prosa

2.

Saka kesenian, kita ora mung bisa seneng-seneng ngrasake endahe karya para seniman nanging kita uga bisa...

a)

Ngundhakake drajat lan pangkat

b)

Ngundhakake gelar lan martabat

c)

Ngundhakake gengsi lan prestisi

d)

Ngundhakake pangkat lan jabatan

e)

Ngundhakake ilmu lan kaweruh (pengetahuan)

3.

Sajrone arep mentasake pagelaran drama, bab kang kudu dilakoni kang wiwitan yaiku...

a)

Milih irah-irahan (judul) lakon

b)

Netepake sutradara

c)

Netepake jadwal gladhen (latiyan)

d)

Netepake paraga

e)

Netepake pananggap

4.

Ludruk, kethoprak, wayang kalebu drama ...

a)

Tragedi

b)

Modern

c)

Tradisional

d)

Komedi

5.

Panganggone basa nguku lugu yaiku ....

a)

Garwane priyayi marang sing kakung

b)

Batur marang bendarane

c)

Yen lagi ngunandika

d)

Kanca kang lagi tetepungan

e)

Kanca karo kanca sing durung kulina

6.

Struktur teks eksposisi kang paling pungkasan arupa

a)

Panemu

b)

Argumentasi

c)

Analisis

d)

Simpulan

7.

Ancase saka wacan eksposisi yaiku njembarake kawruh wong liya marang obyek kang lagi dirembug saengga panulisane kudu

a)

Dheskriptif

b)

Analisis

c)

Nduweni dudutan

d)

Informatif

8.

Babagan kang njlentrehake ing teks eksposisi arupa

a)

Imajinasi

b)

Gugon tuhon

c)

Fakta

d)

Spekulasi

9.

Gabungan kabeh sistem, gagasan, tindakan lan kasil karya manungsa ana ing masyarakat sing bisa diwujudake liwat sinau yaiku ...

a)

budaya

b)

basa

c)

kabudayaan

d)

pagelaran jawa

e)

kesenian

10.

ingkang nyiptakaken wayang wong yaiku ...

a)

Mangkunegara I

b)

Mangkunegara II

c)

Mangkunegara III

d)

Mangkunegara IV

e)

Mangkunegara V

11.

Gambar menika pagelaran jawa awujud

a)

Wayang Kulit

b)

Wayang Wong

c)

Srimulat

d)

Opera Van Java

e)

Wayang Golek

12.

Pitik putih ngendhog ing segara getih.

Cangkriman iki batangane ....

a)

Anggur abang

b)

Salak

c)

Manggis

d)

Rambutan

13.

Pidhato sing nggunakake basa resmi, yaiku pidhato ing acara ....

a)

Mantenan

b)

Pilihan ketua kelas

c)

Upacara dina senin

d)

Ulang tahun

14.

Perangan sing ndhapuk informasi sing wujud alasan utowo sebab sawijine kedadean, yaiku ....

a)

Kapan

b)

Kepriye

c)

Ing ngendi

d)

Geneya

15.

Kancaku kabeh sawise ngrungokake pidhatoku iki mau, aku pingin kancaku kabeh sregep sinau lan duwegegayuhan sing dhuwur.


Ukara ing dhuwur klebu perangan pidhato sing arane ....

a)

Bebuka pidhato

b)

Dudutan pidhato

c)

Wasana pidhato

d)

Pangajab

16.

Pidhato sing bisa nengsemake sing dipidhatoni becike ....

a)

Maca naskah pidhato

b)

Ngapalne kabeh sing wis ditulis

c)

Ngembangake cengkorongan

d)

Sing penting wani omong

17.

ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||

tembang ing ndhuwur kalebu tembang

a)

Mijil

b)

Pocung

c)

Kinanthi

d)

Maskumambang

e)

Durma

18.

kang kalebu guru Wilangan lan Guru lagu tembang macapat Pocung yaiku ....

a)

12i,6a,8u,13e

b)

12u,12a,6a,8i

c)

12u,6a,12a,8i

d)

6a,8i,12a,12u

e)

12u,6a,8i,12a

19.

gegayutan antar prastawa kang nduweni sipat sebab akibat lan runtut utawa kronologis crita diarani....

a)

amanat

b)

paraga

c)

sudhut pandhang

d)

irah-irahan

e)

alur

20.

Kang kalebu unsur intrinsik novel yaiku ...

a)

Pendidikan, alur,tema

b)

Latar belakang sosial, pendidikan, tokoh

c)

Tema, alur, tokoh

d)

Pengalaman, pendidikan, amanat

21.

Dene unsur ekstrinsik yaiku unsur kang asale saka sakjabane carita. Kang kalebu unsur ekstrinsik novel yaiku ...

a)

Amanat, pengalaman, pendidikan

b)

Agama, pendidikan, pengalaman

c)

Alur, tema, paraga

d)

Amanat, alur, point view

22.

Perangan kang dadi inti perkara kang diadhepi paraga ing njero crita diarani ...

a)

Antiklimaks

b)

Klimaks

c)

Purwaka

d)

Wiwitan prekawis

23.

Jinis-jinise novel yaiku ...

a)

Novel pendidikan, novel sejarah, novel percintaan

b)

Novel anak-anak, novel dewasa, novel ekonomi

c)

Novel psikologis, novel bertendes, novel politik

d)

Novel bertendes, novel sejarah, novel ekonomi

24.

Sadurunge carita awakedhewe kudu ...

a)

Maca lan nulis

b)

Nulis lan nyemak

c)

Ngrungokake lan maca

d)

Micara lan maca

25.

Bapak pocung cangkeme marep mandhuwur

Sabamu ing sendhang

Pencokanmu lambung kering

Prapteng wisma si pocung mutah kuwaya


Batangane tembang ing dhuwur yaiku ...

a)

macan

b)

kendhi

c)

wudun

d)

pawon

26.

Jinise upacara adat iki sing gegayutane karo manungsa(wong) yaiku ...

a)

Tedak sinten

b)

Sedekah bumi

c)

Ruwatan

d)

Suran(suro)

e)

Nyadran

27.

Jinise upacara adat iki sing ana gegayutane karo alam, yaiku ...

a)

Brokohan

b)

Sepasaran

c)

Telonan

d)

Nyadran

e)

Tolak balak

28.

Sawijine upacara sing dianakake tumrap bocah/ wong sing dianggep sukerta(umpamane bocah ontang anting/anak tunggal, bocah sendang kapit pancuran /tiga bersaudara perempuan yang ditengah, yaiku ...

a)

Ruwatan

b)

Nyadran

c)

Suran

d)

Brokohan

e)

Tolak balak

29.

Kula ajeng taken, punapa sampeyan benjing tamtu kesah dhateng Malang?

Ukara iki nganggo basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama

d)

Krama lugu

e)

Krama alus

30.

Serat Wedhatama kaserat dening ....

a)

KGPAA MANGKUNEGARA IV

b)

KGPAA MANGKUNEGARA V

c)

PAKU BUWANA IV

d)

PAKU BUWANA V

e)

SRI SULTAN HAMENGKU BUWANA IV