wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Dongeng Basa Jawa

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Dongeng ingkang nyritakake kewan yoiku ...

a)

Legenda

b)

Fabel

c)

Mite

2.

Dongeng kanggo jawab soal no. 2-5


"Macan Lan Manuk Gagak"


Ing sawijining dina, ana macan mlaku turut pinggir kali.

Dheweke luwe banget ,kepingin mangan enak.

Karo ngendhus-endhus golek pangan, banjur weruh ana manuk gagak mencok ing pang.

Manuk gagak kuwi nggondhol daging. “Daging kae mesthi enak banget!

Gagak entuk saka endi daging kaya ngono enake.” mengkono ing jero batine macan.


Macan banjur nyedhaki uwit sing dienggo mencok manuk gagak iki mau karo nggrenyem,

”Yen daging kae ora dadi mangsaku, dudu macan aranku.”

Karo ngatur strategi, macan mlaku alon-alon nyedhaki uwit.

“Bagus banget manuk iki, wulune apik, irenge kinclong, gumunku ngudubillah.

Aku kok urung tau tumon manuk kaya ngono iku becike.

Sajake ora ana manuk ngungkuli apike, endah unine mesthi yo uapik.”

Krungu tembung kaya mangkono manuk gagak mongkog atine,

banjur pamer swarane kang dialem macan mau.

Bareng muni, daging sing digondhol mau tiba.

Banjur diplayoni macan, manuk gagak gela banget.


Merga iku, aja seneng dilem dening liyan. Mbok menawa sing ngelem nduweni kepenginan sing ora becik. Sipat gampang mongkog utawa gumedhe iku ya ora becik, mangka dadia bocah sing andhap asor.


Pertanyaan :


Apa judul dongeng ing nduwur kui ?

a)

Macan Lan Manuk Gagak

b)

Macan Lan Manuk Dara

c)

Manuk sing Pamer Swara

3.

Manuk Gagak nggondol daging banjur mencok ono ing ngendi ?

a)

pang uwit

b)

pager

c)

godong

4.

Kepie carane macan iso ngolehke daging e manuk gagak ?

a)

ngoyak manuk

b)

menek uwit

c)

ngalem manuk gagak

5.

Apa pelajaran ingkang saget dipendet saking dongeng "Macan Lan Manuk Gaga" kui mau ?

a)

Dadia bocah sing andhap asor.

b)

Dadia bocah sing gumedhe

c)

Dadia bocah sing seneng tetulung

6.

Dongeng Candhi Roro Jonggrang iku kalebu . . . .

a)

fabel

b)

legenda

c)

mitos

7.

Bulus kang Gumedhe


Ana bulus gumedhe lan rumangsa yen dheweke luwih pantes mabur tinimbang nglangi ing banyu

Dheweke mangkel amarga nduwe kulit bathok sing atos sing marahi awake krasa abot.

....

(kapethik saka buku basa jawa, kaca 21)


Irah-irahan dongeng ing dhuwur yaiku ....

a)

Bulus kang Gumedhe

b)

Bulus kepengen bisa mabur

c)

Bulus kang ora seneng ing banyu

8.

....

Dheweke banget anggone mangkel weruh kancakancane rumangsa marem bisa nglangi.

Nalika nyawang manuk padha wira wiri mabur ing langit, anggone mangkel sangsaya ndadi

...

(kapethik saka buku basa jawa, kaca 21)


Geneya Bulus anggone mangkel sangsaya ndadi?

a)

amarga dheweke duwe kulit batok

b)

amarga Bulus bisa nglangi cepet

c)

amarga weruh manuk mabur

9.

Kewan ing gambar jenenge ....

a)

pitik

b)

baya

c)

cecak

10.

Kodhok lan bango

Wes suwe ora ana udan

Sendhang

asat banyune

Kodhok ing tlaga iku nangis

Susah atine


Kodhok susah atine amarga ...

a)

ora duwe kanca

b)

sendhang e asat banyune

c)

ditinggal bango mabur