wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KELAS 9 - SESORAH/PIDATO - BASA JAWA

Total questions: 13

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.

Tembung liya saka pidhato, yakuwi....

a)

undangan

b)

sesorah

c)

kempalan

d)

ukara

2.

Pangucap salam sing sepisan minangka wiwitane (awal) pidhato kalebu perangan pidhato, yakuwi....

a)

pambuka

b)

salam pembuka

c)

surasa basa

d)

panutup

3.

Tuladha surasa/isi pidhato, yakuwi....

a)

Cekap semanten atur kula, menawi lepat kula nyuwun pangapunten

b)

Mangga sami muji marang Gusti Sing Kuwasa, awit dinten niki kita taksih saged kempal wonten papan ngriki

c)

Dhumateng Bapak lan Ibu Guru sing kula bekteni, lan kanca kanca sing tak tresnani

d)

Kanca kabeh sing tak tresnani, dadi siswa kudu sregep sinau, manut marang guru, lan netepi aturan sekolah

4.

Salam ing pungkasane (akhir) pidhato kasebut...

a)

salam pembuka

b)

salam panutup

c)

surasa basa

d)

purwaka

5.

36. Bapak Ketua Komite dalah para pengurus ingkang kula mulyakaken.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kinabekten,

Bapak /Ibu Guru dalah Bapak/ Ibu Tenaga Kependidikan ingkang kula urmati

Bapak /Ibu wali murid kelas IX dalah Tamu Undangan ingkang kula urmati sarta para kadang kelas IX punapa dene adhik-adhik kelas VII lan VIII ingkang kula tresnani.

Ukara ing dhuwur mau klebu perangan pambukaning sesorah kang diarani ….

a)

atur pakurmatan

b)

atur puji syukur

c)

isi

d)

panutup

6.

Wong sing pidhato neng dhuwur, yakuwi....

a)

wali murid

b)

wakil sekolah

c)

siswa kelas VI

d)

kepala sekolah

7.

Cekap semanten atur kula, kupat siniram santen menawi lepat kula nyuwun pangapunten.

Pethikan ukara ing dhuwur diucapake ana ing .....

a)

purwaka

b)

wasana

c)

surasa

d)

salam panutup

8.

Tembung purna tegese...

a)

mulai

b)

sinau

c)

sekolah

d)

rampung

9.

Sing diarani pidato kuwi yaiku...

a)

ngomong ing ngarepe wong akeh sak perlu medharake gagasan, ide , lan pamikiran kanti tujuan tartamtu

b)

pacelaton sing ditindakake antara wong karo wong liyane

c)

pacelaton sing ditindakake ing ngarepe wong akeh

d)

nyritakake kadadean-kedadean jaman biyen

10.

Ingkang kalebu ciri basa pidato resmi yaiku...

a)

tembunge baku

b)

intonasi swara munggah mudhun

c)

kerep nganggo ukara ora jangkep

d)

intonasi datar

11.

Basa sing digunakake ing pidato ora resmi yaiku...

a)

nganggo tembung ora baku

b)

digunakake ing kahanan resmi

c)

Nganggo ukara jangkep

d)

Intonasine datar

12.

Ing ngisor iki sing ora kalebu perangane pidato yaiku...

a)

pambuka

b)

isi

c)

penutup

d)

kesimpulan

13.

Gegayuhan kaliyan adicara syukuran punika, kula sakanca nyuwun tambahing pangestu mugi-mugi saged nglajengaken sekolah dhateng pawiyatan ingkang langkung inggil ngantos perguruan tinggi. Mboten kesupen kula sakanca inggih nyuwun agunging pangapunten, awit kula asring ndamel kalepatan.

Pidato ing ndhuwur kalebu jenise pidato....

a)

ora resmi

b)

resmi

c)

pangajak

d)

panglipur