wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Wawanrembug

Total questions: 20

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa krama lugu

c)

Basa ngoko alus

d)

Basa krama alus

2.

Ing ngisor iki sing kudu di siyapake sadurunge nindakake wawancara, kajaba ..

a)

Nemtokake narasumber

b)

Nemtokake tema

c)

Nemtokake biaya

d)

Nemtokake tujuwan

3.

Kegiatan dialog antarane narasumber karo pewawancara kang tujuwane golek pawarta diarani ...

a)

Diskusi

b)

Komperensii

c)

Wawanrembug

d)

Seminar

4.

Sing ora klebu babagan laporan wawanrembug yaiku ...

a)

Wektu wawanrembug

b)

Asil Wawanrembug

c)

Panggonan wawanrembug

d)

Bab sing ditliti

5.

Wong kang diwawancarai diarani...

a)

Pewawancara

b)

Saksi

c)

Narasumber

d)

Reporter

6.

"Ana perlu apa kok sajak wigati banget". Tembung wigati tegese...

a)

temenan

b)

gumun

c)

penting

d)

pengin

7.

Kanggo ngganepi pacelathon ing ndhuwur ukara sing trep yaiku...

a)

Apa jenenge usaha bathik sampeyan pak?

b)

Punapa naminipun usaha bathik panjenengan pak?

c)

Sinten naminipun usaha bathik panjenengan pak?

d)

Sapa jenenge sing duwe usaha bathik?

8.

Nalika arep nindakake wawancara kudu nyiapake pedhoman wawancara kang wujude...

a)

Dheskripsi sing arep ditakokake

b)

Dhaftar pitakonan sing kanggo takon

c)

Tape recorder kanggo ngrekam

d)

Ringkesan materi sing arep ditakokake

9.

Tujuan disusun pedhoman wawancara kaya ing ngisor iki, kajaba...

a)

Supaya anggone nindakake wawancara runtut lan genep

b)

Supaya ora ana pitakonan kang kliwatan

c)

Supaya tumindake wawancara lumaku lancar lan mawa arah

d)

Supaya anggone nindakake wawancara suwe

10.

1) Kepriye carane ngembangake usaha bathik "Sekar Jagad" punka pak?

2) Kados pundi caranipun ngembangaken bathik "Sekar Jagad" punika pak?

3) Kenging punapa kok opah buruh awis pak?

4) Sinten ingkang paring bantuan?

Ukara pitakon ing ndhuwur sing nakokake cara yaiku ukara nomer...

a)

1, 3

b)

2, 4

c)

1, 2

d)

3, 4

11.

Sing klebu tuladhane ukara tanduk yaiku...

a)

Jamu iki diprodhuksi wiwit taun 2009.

b)

Aku nampa pesenan sawayah-wayah.

c)

Barang dagangan dakkirim seminggu ping pisan.

d)

Kripik rasa original sing paling disenengi konsumen.

12.
a)

Jamu marem lan seger, kasiyate manjur.

b)

Jamu parem rasane seger, kasiyate ampuh.

c)

Jamu karem seger buger, kasiyate ampuh.

d)

Jamu parem sing seger kasiyate manjur.

13.

Tembung: nara sumber yen katulis aksara Jawa....

a)
b)
c)
d)
14.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
15.

OLAHAN BANDENG

Tata : Kulanuwun, Bu.


Bu Suci : Oh, nggih mangga pinarak. Ana perlu apa, Mbak?


Tata : Punika kula kaliyan kanca kula kepengin mangertosi kadospundi caranipun ngolah bandeng lan kadospundi caranipun panjenengan masaraken prodhuk olahan bandeng punika.


Bu Suci : Oh, iya-iya


Lintang : Punapa naminipun prodhuk olahan bandeng ingkang panjenengan prodhuksi punika, Bu?


Bu Suci : Akeh, Mbak. Prodhuk olahan bandeng ing kene, kayata; bandeng presto, othak-othak bandeng, bandeng cabut duri, abon bandeng, lan sapanunggalane.


Teks kasebut kalebu teks...

a)

Pawarta

b)

Wawancara

c)

Menehi kawruh

d)

Teks prosedhur

16.

Lintang : Menawi ingkang kondhang utawi ingkang laris punika prodhuk ingkang pundi, Bu?


Bu Suci : Sing paling laris lan sing asring digoleki pelanggan, yaiku othak-othak bandeng.


Tata : Kenging punapa othak-othakbandeng punika saged dados prodhuk ingkang laris?


Saka pacelathon ing ndhuwur sing minangka pawawancara yaiku....

a)

Lintang & Bu Suci

b)

Bu Suci

c)

Tata & Tari

d)

Lintang & Tata

17.

Sajroning nindakake wawancara ana bab-bab sing kudu digatekake, yaiku.......

a)

Namtokake Tema lan Topik

b)

Namtokake suguhan wawancara

c)

Nyepakake pitakonan kang njlimet

d)

Mara ing omahe narasumber

18.

akasara kasebut yen ditulis latin dadi.....

a)

ula tali piwis

b)

ulo tali piwis

c)

ula tali picis

d)

ula tali pilis

19.

Bu Atik : Prodhuksi jamu parem iki wis ana wiwit taun 90-an, dadi kira-kira wis ana 20 taun luwih anggone mrodhuksi iki.


Gangga : Anggenipun sadean jampi punika, kadospundi caranipun panjenengan masaraken prodhuk jampi punika?


Tembung sadean tegese......

a)

Nggawe

b)

Adol

c)

Ngolah

d)

Mrodhuksi

20.

aksara kasebut diwaca......

a)

tela goreng gosong

b)

tela goreng giring

c)

sego goreng garing

d)

sega goreng garing