WorksheetsLatihan soal Karangan Deskripsi
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Karangan sing nggambarake kahanan sawijining barang diarani karangan . . .
eksposisi
deskripsi
argumentasi
Narasi
Ciri-cirine karangan deskripsi antarane ing ngisor iki, kajaba . . .
Nyritakake prastawa sawijining kedadeyan
Ditulis nganggo pilihan tembung sing nggugah
Luwih ngembangake imajinasine sing maca
Luwih nduduhake rinciane objek
Karangan deskripsi kaperang dadi loro, yaiku . . .
Impresionitis lan sugesti
Ekspositori lan impresionitis
Sugesti lan argumentasi
Ekspositori lan sugesti
Karangan sing nyata banget, biasane isine daftar rincian utawa hal sing penting diarani . . .
deskripsi argumentasi
Deskripsi sugestif
deskripsi impresionitis
Deskripsi ekspositori
Luwih akeh maparake hal-hal sing bisa dirungoake, dideleng, lan dirasaake iku ciri-cirine karangan . . .
ekspositori
sugestif
narasi
deskripsi
Dian oleh tugas nulis karangan deskripsi saka gurune. Langkah kapisan nalika Dian nulis karangan dheskripsi yaiku ….
milih objek sing migunani, wigati, lan bisa ndudut ati
nepungake objek sing arep didheskripsekno
nyangkut pancadriya, utamakake pancadriya pandeleng
ndheskripsekna perasaane paraga utama
Nggunaake tembung utawa ukara sing bisa nggugah rasa lan ora ono konfilk yaiku salah siji titikane karangan. ….
persuasi
narasi
argumentasi
deskripsi
Jeruk yaiku salah siji tetuwuhan sing bentuke bunder. Ana warna ijo lan warna oranye. Rasane ana kang kecut, ana kang manis. Kandungan banyu sing ana ing jeruk ngandut vitamin c. Mula Kuwi rasane jeruk seger banget.
Teks ing dhuwur kalebu jenis karangan ….
narasi
argumentasi
deskripsi
persuasi
Tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek, panggonan, utawa kedadean nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake panulis, diarani ....
narasi
deskripsi
argumentasi
eksposisi
Pilihan tembung ing teks deskripsi ....
nggambarake konflik / perang sing bisa ndadekake owahowahan nasibe paraga
mung nggambarake kahanane objek ing siji wektu, panggonan, lan sosial
migunakake tembung/ukara sing biasa digunakake ing saben dina
migunakake tembung/ukara sing bisa nggugah rasa utawa narik kawigaten
Karangan sing isine gambaran bab kahanan sawijining prastawa yaiku ...
Deskripsi
narasi
ekspositori
imperi
pande yaiku tukang sing penggaweane nggawe barang saka ...
atom
plastik
kayu
wesi
Bakul kewan biasane diarani ...
gamel
blantik
dalang
blandong
gegayuhan uga bisa diarani ...
cita- cita
kerja keras
puisi
pantun
dhalang yaiku arane penggawean ing bidang kesenian sing tugase
Ngresiki masjid
Dodolan kewan
Nglakokake wayang
Ngrumat pesarean
Bedane karangan narasi Karo karangan deskripsi ing ngisor Iki sing bener yaitu ...
Karangan narasi nggambarake kahanane objek kanthi rinci, yen deskripsi nyritakake urutane kedadean
Karangan narasi nduweni wektu, panggonan, lan kahanan sosial sing bisa ganti, Yen deskripsi mung nggambarake kahanan objek
Karangan narasi ora ana konflik, yen deskripsi ana konflik
Karangan narasi nggunakake ukara sing bisa nggugaj rasa, yen deskripsi nggunakake ukara sedina-dina
Wacanen karangan ing ngisor Iki kang Titi!
Bima melu adu ngumbulake layangan. Layangane Bima wangune kaya kupu. Swiwine digambari kembang rupa abang, wungu, lan ijo. Sirahe dirupa ireng ana galer-galere coklat. Buntut ane nglewer dawa diwerna putih belang Ireng. Yen disawang kaya ula ngunggi kupu-kupu.
Karangan ing ndhuwur kalebu jenis karangan ...
Narasi
Deskripsi
Persuasi
Eksposisi
Wacanen karangan ing ngisor Iki kang Titi!
Bima melu adu ngumbulake layangan. Layangane Bima wangune kaya kupu. Swiwine digambari kembang rupa abang, wungu, lan ijo. Sirahe dirupa ireng ana galer-galere coklat. Buntut ane nglewer dawa diwerna putih belang Ireng. Yen disawang kaya ula ngunggi kupu-kupu. Layangane Bima wis suwe mumbul gleyang-gleyong ing angkasa. Sing ndeleng padha keplok-keplok seneng.
Isine karangan ing ndhuwur, nggambarake kahanan Bima sing lagi ...
Mancing iwak
Dolanan bal-balan
Ngumbulake layangan
Dolanan sepedhah
Wacanen karangan ing ngisor Iki kang titi!
Rini seneng banget, amarga ing taman bisa nyawang kembang Mandela warna. Sing luwih nyenengake maneh akeh kupu miber kan mencolok ing kembang-kembang.
Karangan ing ndhuwur nggambarake kahanan ing ...
Sekolah
Pasar
Kolam renang
Taman
Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga . ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem.Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan.Saperangan ana kang nenandur janganan.
Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks....
Narasi
Eksposisi
Deskripsi
Argumentasi
