wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pra PAS Bahasa Jawa

Total questions: 30

Worksheet time: 27mins

Name
Class
Date
1.

Wit pari jenenge damen, yen wit gedhang jenenge ….

a)

tebon

b)

glugu

c)

debog

d)

bung

2.

Ing ngisor iki kang kagolong tembung entar yaiku ….

a)

edi peni

b)

adus luh

c)

loh jinawi

d)

adi luhung

3.

Ibu ana ing pawon masak sate lan gule. Tembung garbane ana ing, yaiku ….

a)

nanging

b)

aneng

c)

aning

d)

anang

4.

Dadio wong kang jembar segarane, menawa ana sing salah mula banjur diapura. Tembung jembar segarane nduweni teges ….

a)

becik atine

b)

seneng tetulung

c)

sugih pangapura

d)

pelit lan sombong

5.

Ing ngisor iki kang trep kanggo njelasake tembung garba yaiku ….

a)

tembung sing tegese dudu tegese salugune

b)

tembung loro kang digandheng nanging wandane disuda

c)

tembung loro utawa luwih kang dijejerake, mung nduweni teges siji

d)

tembung loro padha tegese digandheng dadi siji, ngemu surasa akeh utawa mbangetake

6.

Wong sing gaweyane nglakokake wayang diarani ….

a)

dhalang

b)

dhokter

c)

sopir

d)

guru

7.

Wit jagung jenenge tebon, yen wit krambil jenenge ….

a)

glugu

b)

debog

c)

damen

d)

bonggol

8.

Yen ora gelem urip rekasa mula kudu dadio wong sing terampil. Tembung camborane rekasa yaiku ….

a)

lara lapa

b)

lara atine

c)

lara mata

d)

lara banget

9.

Tanah Indonesia iku loh jinawi, menawa ditanduri bakal iso panen kang akeh. Tembung saroja loh jinawi nduweni teges ….

a)

subur banget

b)

ijo royo-royo

c)

garing banget

d)

jembar banget

10.

Lampune bang jo ana ing dalan alun-alun. Bang jo kagolong tembung ….

a)

camboran utuh

b)

camboran tugel

c)

saroja

d)

entar

11.

Sing diundang ing balai RW, yaiku tiyang jalu estri. Tembung jalu estri nduweni tembung garba ….

a)

aneng

b)

narendra

c)

jalwestri

d)

jaluwestri

12.

Ing ngisor iki kang trep kanggo njelasake tembung saroja yaiku ….

a)

tembung sing tegese dudu tegese salugune

b)

tembung loro kang digandheng nanging wandane disuda

c)

tembung loro utawa luwih kang dijejerake, mung nduweni teges siji

d)

tembung loro padha tegese digandheng dadi siji, ngemu surasa akeh utawa mbangetake

13.

Tembung camboran dibedakake dadi loro, yaiku ….

a)

camboran utuh lan camboran tugel

b)

camboran utuh lan camboran langsung

c)

camboran tugel lan camboran langsung

d)

camboran utuh lan camboran ora langsung

14.

Tembung entar ing ngisor iki kang nduweni teges cengkiling yaiku ….

a)

adus luh

b)

lara atine

c)

cilik atine

d)

enteng tangane

15.

Tukang nglakokake sepur diarani ….

a)

pilot

b)

sopir

c)

kusir

d)

masinis

16.

Wong sing gaweane bela negara diarani ….

a)

blantik

b)

prajurit

c)

sinoman

d)

juru kunci

17.

Karangan kang nggambarake obyek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe obyek kang digambarake diarani ….

a)

karangan narasi

b)

karangan deskripsi

c)

karangan eksposisi

d)

karangan argumentasi

18.

Ing ngisor iki ciri-ciri karangan narasi yaiku ….

a)

digawe kaya-kaya ngrasaake

b)

nekanake susunan mawa urut

c)

arupa crita bab prastwa

d)

rinci lan gamblang

19.

Dhik Ratri seneng maca cerita fabel. Saben cerita mesti duwe pesan sing dikandhut.

Pesan sing dikandhut ing cerita/karangan diarani ….

a)

alur

b)

tema

c)

seting

d)

amanat

20.

Jenising karangan ana loro, yaiku karangan deskripsi lan karangan narasi. Karangan kang nyritaake prastawa utawa kedadean nyata utawa rekaan diarani ….

a)

khayalan

b)

deskripsi

c)

biografi

d)

narasi

21.

Pak Raden penggaweane ngrumat jaran. Penggawean iku diarani ….

a)

merbot

b)

prajurit

c)

pakanthik

d)

juru kunci

22.

Miturut crita, kebakaran kedadean jam ....

a)

2 awan

b)

2 esuk

c)

2 bengi

d)

2 pajar

23.

Penulis crita melu ngarasa sedhih, lan ngrasa nelangsa amarga ....

a)

omahe melu kebakar

b)

omahe kancane melu kebakar

c)

kena si jago abang

d)

ndeleng kebakaran

24.

Irah-irahan wacan mau yaiku ....

a)

Kebakaran

b)

Si Jago Kluruk

c)

Si Jago Abang

d)

Omahe Kebakaran

25.

Supaya aksara jawa muni “i” kudu diwenehi sandhangan swara ….

a)

taling

b)

suku

c)

wulu

d)

layar

26.

Sandhangan ing aksara jawa diklompokake dadi ….

a)

6

b)

5

c)

4

d)

3

27.

Tembung “tokone Bu Dini” yen ditulis Jawa sing bener yaiku ….

a)
b)
c)
d)
28.

20 kuwi cacahe aksara jawa sing ….

a)

oleh sandhangan

b)

oleh pasangan

c)

isih legena

d)

angka jawa

29.

Ukara ing dhuwur wacane ….

a)

aja seneng bersama

b)

laja deneng ngapusi

c)

aja seneng ngapusi

d)

aja seneng apusi

30.

Ukara ing ngisor yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ….

a)

kuwi jenenge juamin

b)

kuwi jenenge juhamin

c)

luci jenenge jumain

d)

kuwi jenenge jumain