Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BHS JAWA KELAS 4 BAG. 5 - PTS

Total questions: 30

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Guru gatra yaiku cacahing gatra saben sepada."Gatra" tegese pada karo....

a)

wanda

b)

tembung

c)

larik

d)

bait

2.

Siti ora ngerti yen ibune wis teka. Ukara iki klebu .....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

3.

Langkah kapisan sing kudu digatekne yen arep nulis geguritan yaiku....

a)

Nulis irah-irahan

b)

Nentokake gagasan pendukung

c)

Nentokake tema

d)

Nulis irah-irahan

4.

Maca geguritan iku satemene duwe tujuan supaya wong liya bisa.....

a)

ngrungokake kanthi ati sing ngremungsu

b)

ngrungokake kanthi ati sing tenang lan ngreti isine geguritan

c)

bingung sing dirungokne

d)

ora ngerti artine geguritan

5.

Sakabehe ukara ing teks pacelathon iku nggunakake ....

a)

ukara kandha (kalimat langsung)

b)

ukara crita ( g g) kalimat ora langsung)

c)

ukara p( p ) akon (kalimat perintah)

d)

ukara panjaluk (kalimat permohonan)

6.

........sing ngarang geguritan iku, Dit ?


Tembung pitakon sing trep kanggo ngisi titik-titik iku yaiku .....

a)

sapa

b)

piro

c)

kapan

d)

apa

7.

Manawa maca geguritan tanpa ngerti isine, anggone maca bakal.....

a)

ora penak dirungokake, ora penak dirasakake, lan cetha sing dikarepake

b)

penak dirungokake, ora penak dirasakake, lan ora cetha sing dikarepake

c)

ora penak dirungokake, kepenak dirasakake, lan ora cetha sing dikarepake

d)

ora penak dirungokake, ora kepenak dirasakake, lan ora cetha sing dikarepake

8.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese ...

a)

Rukun ndadekake kuwat, nanging cecongkrahan ndadekake korat-karit.

b)

Cecongkrahan kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa korat-karit.

c)

Rukun kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa koratkarit.

d)

Cecongkrahan ndadekake kuwat, nang g in rukun ndadekake korat-karit.

9.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)

Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane

Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

10.

Isine teks pacelaton yaiku....

a)

muji Gusti kang Maha Kuwasa

b)

nelakake rasa tresna asih

c)

nyritakake lelakone manungsa

d)

pangajak lan panerangan

11.

Karo anggota kulawarga kudu guyub rukun, supaya....

a)

seneng tukar padu

b)

bisa krasan lan ayem ing omah

c)

seneng rerasan uwong liyan

d)

bisa krasan ing tangga

12.

Bapak nembe tindak kantor


Ukara iku klebu ukara ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

13.

Ukara ing teks pacelathon ...

a)

dawa boseni

b)

cekak aos

c)

ngelantur

d)

cekak banget

14.

Guyub rukun ing sekolah bisa katindakake kanthi cara ing ngisor iki, kajaba.....

a)

ngajeni lan mituhu marang guru

b)

sinau bebarengan karo kanca tanpa mbedak-mbedakake sugih utawa mlarat

c)

gotong royong ngresiki lingkungan sekolah

d)

emoh kekanca karo sing mlarat

15.

Pacelathon lumrahe migunakake bahasa...

a)

padinan

b)

ngoko

c)

krama alus

d)

padinan sing trep lan benner

16.

Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe. Ora niru solah bawa lan patrape wong liya,supaya....

a)

katon kaku lan ora wajar

b)

katon apik lak enak dirungokne

c)

enak rasane lan legi

d)

resik lan endah

17.

Geguritan, yaiku: ....

a)

Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.

b)

Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.

c)

Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.

d)

Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.

18.

Supaya bisa ngerti isine geguritan bocah-bocah kudu nindakake kaya ing ngisor iki, kajaba....

a)

Maca teks geguritan kanthi setiti.

b)

Negesi tembung kang angel, yen perlu bisa nggunakake kamus.

c)

Negesi tembung kang duwe teges entar, pasemon, utawa pralambang ing geguritan.

d)

nulis geguritan kanthi suwi lan dawa

19.

Basa Jawa kaperang dadi loro yaiku ... miturut undha-usuk basa

a)

a. krama lugu lan krama inggil

b)

b. ngoko lugu lan ngoko alus

c)

c. basa krama lan ngoko

d)

d. krama alus lan krama lugu

20.

Nalika penulis utawa penggurit ngarang teks geguritan, penulis miwiti kanthi netepake....

a)

bahasa

b)

tema

c)

tembung

d)

larik

21.

Strukture (wangunan) geguritan mujudake gabungan saka limang perangan, yaiku.....

a)

tembung, larik, pada, swara, saka

b)

tembung, larik, pada, uni, surasa

c)

larik, makna, bait, tembang, saka

d)

pada, bait, surasa, makna, saka

22.

Kita kudu gemi energi supaya ora kentekan. Tembung gemi tegese yaiku . . .

a)

irit

b)

awet

c)

boros

d)

utuh

23.

Energi sing asale saka minyak, mineral alam, lan batubara ora bisa didandani utawa dianyari. Mula, tumrape manungsa kudu....

a)

gemi nggunakake energi.

b)

ora gemi nggunakake energi.

c)

nggunakake energi sak akehe

d)

ora nggunakake energi.

24.

Anane purwakanthi lan wirama ndadekake geguritan dadi....

a)

penak diwaca lan dirungokake

b)

ora kepenak diwaca lan dirungokake

c)

angel yen dirungokeke

d)

susah lan nelongso rasane

25.

Pamilihe tembung sing pantes lan mentes dadekake geguritan dadi...

a)

alus lan nyrenuhake

b)

endah lan aji

c)

kasar lan mangkelake

d)

suci lan nyenengake

26.

Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran\ (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani ...

a)

parafrase

b)

ngarang gancaran

c)

prosa/crita

d)

ngowahi gancaran

27.

Pacelathon tegese...

a)

a. rembugane wong loro utawa luwih ngenani sawijine bab

b)

b. padha karo puisi utawa geguritan

c)

c. teks kang awujud gancaran

d)

d. pangudarasane pawongan ngenani sawijine bab

28.

Tandha andhegan // tegese....

a)

terus ora mandeg

b)

ana sesambungane karo larik ngisore (ora mandheg)

c)

mandheg rada suwe

d)

mandheg sadhela

29.

Teks pachelaton iku katulis khanti wujud . . .

a)

Gancara (parosa)

b)

pada(bait)

c)

imbal wacana(dhialog)

d)

geguritan (puisi)

30.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng

b)

katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih

c)

katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah

d)

katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng