Font size
WorksheetsLATIHAN PAS 1 BAHASA JAWA KELAS 7
Total questions: 81
Worksheet time: 42mins
Sing kalebu tembung panggandheng yaiku …
Apa, pira, kaya
Apik, resik, padhang
Karo, nalika, lan
Loro, akeh, sepuluh
Pesisir Sendang Biru kuwi salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang.
Tembung wewengkon tegese ...
dunung
bagean
wilayah
panggonan
Papan panggonan sing ... objek wisata mesthi duwe sesawangan sing apik.
Tembung sing cocog kanggo nggenepi ukawa ing dhuwur yaiku ...
ndaneni
didadekake
didadeni
ndadekake
Basa krama iku digunakake kanggo sapa wae?
Anak marang wong tuwa
Wong tuwa marang anak
Guru marang murid
Simbah marang bapak
Salsa arep takon jenenge Mas Dhimas. Becike kepie anggone matur?
Namanipun panjenengan sinten?
Jenengipun panjenengan sinten?
Asmanipun panjenengan sinten?
Asmanipun sampean sinten?
“Nalika Budhe Nurul ... saking kantor, kula nembe ... sega kucing”.
Tembung sing bener kanggo njangkepi titik-titik yaiku...
wangsul, dhahar
wangsul, nedha
kondur, nedha
kondur, dhahar
Tuladhane aksara swara/vokal “u” jejeg yaiku ....
kondur
nglindur
ngawur
buku
Tuladhane aksara swara/vokal “o” jejeg yaiku ....
kebon
coro
pawon
segawon
Tuladhane aksara swara/vokal “e” miring yaiku ....
tape
rene
ayem
gule
Tuladha tembung sing nganggo swara "i" miring yaiku ....
wajik, sapi, ublik, petis
siji, sawi, klambi, mati
lading, kalis, arit, alis
wiwitan, dhuwite, adhine
Sing klebu tuladhane tembung penggandheng, yaiku ....
apa, pira, kaya
apik, resik, padhang
karo, nalika, lan
loro, akeh, sepuluh
Ukara sing klebu bagean idhentifikasi yaiku ....
Ing Sendang Biru sumadiya fasilitas, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan.
Para pengunjung yen kepingin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.
Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.
Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing.
Tembung ing ngisor iki sing klebu tembung aran yaiku ....
gunung, omah, dalan
dalan, pemandhangan, panas
dolan, sugih, cedhak
nulis, numpak, njaluk
Ukara ing ngisor iki sing nganggo tembung aran-kriya-aran, yaiku ....
Hawa ing pagunungan kuwi adhem.
Dhek wingi Banu dolan menyang omahe Bayu.
Adhiku nyuwun oleh-oleh.
Parman ora mlebu sekolah jalaran lara.
Basa ngoko kang kacampuran tembung krama inggil utawa tembung krama andhap diarani ....
basa ngoko lugu
basa ngoko alus
basa krama lugu
basa krama alus
Bu Guru : Lho Ran, Bapakmu ki nyambut gawe apa ta?
Rani : ...............................................
Jawaban sing trep tumrap Rani miturut unggah-ungguhe yaiku ....
Bapakku nyambut gawe ing kejaksaan
Bapakku kerja neng kejaksaan
Bapak kulo ngasta wonten kejaksaan
Bapakku ora nyambut gawe
Tuladhanipun basa ngoko lugu inggih menika ....
Aku duwe pitik telu, kabeh lemu-lemu.
Panjenengan apa arep tindak, Mas?
Panjenengan dalemipun pundi?
Kula ajeng kesah teng Meduten.
Tata kama ing bab ngendikan, matur, ngomong iku arane ....
undha usuk
sopan santun
andhap asor
unggah-ungguh
“Mbak Dina mau sida tindak Sleman apa ora?”
Ukara iku nganggo basa apa?
ngoko alus
ngoko lugu
krama lumrah
krama alus
“Kondur saking peken, ibu ngasta roti kalih kresek”.
Ukara iku nganggo basa apa?
ngoko lugu
ngoko alus
krama lumrah
krama alus
sakiki, sesuk, awan, bengi
Tembung-tembung iki klebu jinise tembung ....
tembung aran
tembung wilangan
tembung kahanan
tembung katrangan
Saben-saben wong mesthi nduweni tokoh sing paling digandrungi, ing ngisor iki ciri-cirine wong sing nyenengi (ngidholakake) sawijine tokoh, kejaba .......
Tata carane tumidak, patrap, solah, serta apa wae tansah ditiru
Ing saben-saben kalodhangan tansah dicritakak marang wong liya
Saben dina mesthi ketemu lan rembugan ing sadhengah panggonan
Tokoh mau kaya-kaya dadi panutan, lan rumangsa duwe rasa tresna
Bagean teks sing isine ngenalake tokoh, umume ngandharake jeneng, papan kelairan, lan keluwargane, diarani....
Penutup
Prastawa
Orientasi
Reorientasi
Apa bedane orientasi lan reorientasi kang ana ing strukture teks profil tokoh ?
Orientasi ngandharake bagean umum, reorientasi ngandharake bagean penutup
Orientasi ngandharake ngandharake bagean penutup, reorientasi ngandharake bagean umum
Orientasi ngandharake kahanan, reorientasi ngandharake peristiwa utawa masalah sing pernah dialami tokoh
Orientasi ngandharake pandangan lan pemawase penulis marang sing diceritakake, reorientasi ngandharake jenengm papan lairan, lan keluwargane tokoh sing diceritakake
Jroning teks profil tokoh ana rong macem tembung, salah sijine tembung sing isih asli lan durung owah saka asale diarani tembung......
Garba
Lingga
Andhahan
Camboran
Gatekna ukara ing ngisor iki!
“Mbak Eni nyapu latar kanthi resik”
Tembung linggane tembung ing dicap kandel yaiku......
Sapu
Nyapu
Kasapu
Disapu
Gatekake ukara-ukara ing ngisor iki!
1. Nak Hari sakniki kagungan putra pira ?
2. Lo, nak Rini olehe rawuh kapan ?
3. Aku nginiki wis rumangsa bungah wis diparingi kalonggaran wektu
Tekan ukara-ukara ing dhuwur ana tembung-tembung kang gawe ngoko alus, yaiku....
Sakniki, Putra, Rawuh
Sakniki, rawuh, diparingi
Kagungan, rawuh, bungah
Kagungan, rawuh, diparingi
Gatekake ukara ngoko alus ing ngisor iki!
esuk – Pak Camat – apa – ditimbali – mau – arep – ? – ya – diutus – Aku
Yen digawe ukara dadi....
Pak Camat ditimbali aku mau arep diutus ana apa ya?
Aku esuk mau ditimbali Pak Camat arep diutus apa ya?
Aku esuk mau diutus Pak Camat arep ditimbali apa ya?
Esuk Pak Camat apa ditimbali mau aku arep diutus ya?
Pak Usman ...... nalika prastawa “perobekan” gendera Landa abang putih biru engga kari abang putih ing Hotel Oranye Surabaya. Tembung sing cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg ing nduwur yaiku....
Ndelok
Mirsani
Nyawang
Nyekseni
Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!
Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing SukaBumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasin Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.
Babagan sing narik kawigaten tumrap tokoh Rafida yaiku....
Rafida pinter lan genius
Ing SD melbu kelas akselerasi
Prestasine Rafida ngetutake mbakyune
Umur 14 taun dadi mahasiswi kedokteran
Teks profil tokoh uga diarani teks biografi, teks kasebut kelebu teks....
Narasi
Persuasi
Deskripsi
Argumentasi
Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!
Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing SukaBumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasin Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.
Tindak-tanduk sing pantes dituladha saka tokoh ing teks kasebut yaiku......
Kesadharan sinau dhewe
Mlebu kelas akselerasi
Isih enom dadi dokter
Prestasine
Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!
Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing SukaBumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasin Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.
“Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe”
Ukara ing ndhuwur kelebu bagean teks....
Masalah
Orientasi
Prastawa
Reorientasi
Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!
Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 Pamerintah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional.
Tembung lelabuhan tegese.....
Jasa
Modal
Andhil
Cita-cita
Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!
Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 Pamerintah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional. Sesanti Tut Wuri Handayani nganthi saiki dadi lambange Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.
Tut Wuri Handayani, sesanti Ki Hajar Dewantara sing pantes dienggo nganti saiki, tegese yaiku.....
Saka mburi tansah nyengkuyung
Ing mburi tansah menehi tuladha
Saka mburi tansah paring tetulung
Ing mburi tansah mnehi pamrayoga
Tuladha ing ngisor iki sing nganggo basa ngoko alus yaiku.....
Mas Nardi sampun rawuh saking Surabaya
Kula diutus tumbas camilan dhateng warung
Sinten ingkang Sampiyan percados dados ketua kelas?
Panjenengan sesuk apa sida tindak menyang Lamongan
“ Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogjakarta tanggal 2 Mei 1889. Kagungan asma asli RM Suwardi Suryaningrat”. Ukara kasebut migunakake basa....
Krama lugu
Ngoko lugu
Krama alus
Ngoko alus
Gatekna ukara ing ngisor iki!
“ Paman lagi lunga menyang Solo”.
Yen digawe basa krama alus, ukara ing ndhuwur dadi.....
Paman lagi lunga tekan Solo
Paman nembe tindak dhateng Solo
Paman tindak menyang Solo
Paman lunga ana ing Solo
Gatekake ukara ngoko alus ing ngisor iki!
esuk – Pak Camat – apa – ditimbali – mau – arep – ? – ya – diutus – Aku
Yen digawe ukara dadi....
Pak Camat ditimbali aku mau arep diutus ana apa ya?
Aku esuk mau ditimbali Pak Camat arep diutus apa ya?
Aku esuk mau diutus Pak Camat arep ditimbali apa ya?
Esuk Pak Camat apa ditimbali mau aku arep diutus ya?
Sing diarani tokoh idhola yaiku ......
Tokoh sing kepingin disenengi wong
Tokoh sing durung tau dikenal wong
Sawijine tokoh sing paling digetingi
Sawijine tokoh sing paling digandrung
Teks sing nggambarake tokoh lan prastawa apa wae sing tau dialami dening tokoh kasebut diarani teks....
Cerita rakyat
Cerita cekak
Pewayangan
Profil tokoh
Teks Cerita Wayang iku kalebu teks ... .
argumentasi
deskripsi
biografi
narasi
Ing ngisor iki sing klebu salah sawijine irah-irahan (judhul) teks cerita wayang yaiku ... .
Karna Nyandhing
Kresna Tandhing
Karna Tandhing
Kresna Sandhing
Ing ngisor iki kang ORA kalebu struktur teks cerita wayang yaiku ... .
Orientasi
Komplikasi
Klasifikasi
Resolusi
Teks Cerita Wayang iku biasane ana amanate. Amanat iku uga bisa diarani ... .
Kode
Koda
Kuda
Kudu
Perang Baratayuda tambah dina ora rampung, ananging tansaya sengit lan nggegirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambu anyir ludirane para prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan. Aneng pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah Pandhu atetawang tangis amelas arsa, anggetuni sedane para pepundhene lan putra-putrane sing dadi bantening perang Baratayuda.
Pethikan kasebut yen katitik saka strukture kalebu bagean .....
Orientasi
Komplikasi
Klimaks
Resolusi
Struktur teks carita wayang utawa teks narasi yaiku .....
Orietasi, Prastawa, Reorientasi
Idhentifikasi, Klasifikasi, Dheskripsi bagean
Orientasi, Komplikasi, Klimaks, Resolusi, Reorientai, Koda
Idhentifikasi, Komplikasi, Resolusi
Sawise ibune seda, Nakula lan Sadewa dirukti dening ibu Kunthi. Tembung dirukti dasanamane yaiku .....
Disuceni
Diopeni
Disampurnakake
Dikendhalekake
Rong tembung sing tegese meh padha lan digunakake bebarangan kanggo mbangetake diarani tembung .....
Dasanama
Garba
Saroja
Entar
Tuladha tembung iki sing kalebu tembung entar yaiku .....
Jembar segarane
Aneng
Ijo royo-royo
Andhap ashor
Arjuna rumaos ciut manahe boten saged nglajengaken perang. Tembung ciut manahe nduweni teges .....
Bingung
Ragu-ragu
Sabar
males
Cekaking carita, amarga padha sekti mandragunane mula perang tandhing ora ana rampuge. Tembung sing kacithak miring kalebu tembung .....
Garba
Dasanama
Entar
Saroja
Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan. Tembung sing kacithak miring, basa ngokone yaiku ….
Lingguh
Pinarak
Lungguh
Linggih
Crita wayang iku asale saka India. Babone crita ana loro, yaiku buku Ramayana lan Mahabharata. Buku Mahabharata nyritakake…. .
Asal usul wayang saka tanah Hindia
Kabeh crita kang ana ing sajroning wayang
Lelakone Rama lan Sinta nalika Rahwana nyulik Dewi Sinta.
Lelakone keturunan Bharata, yaiku perang Pandhawa lan Kurawa
Laire Pandhawa
Sawise sawatara wektu suwene anggone martapa ing alas Saptarengga, Pandhu tuwuh kekarepane kepengin duwe putra. Pandhu banjur ngandahakake pepenginane iku marang Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Sawise Kunthi krungu dhawuhe Pandhu. Kunthi enggal sowan lan matur marang Pandhu yen deweke duwe mantra kanggo nekakake dewa lan nyuwun supaya diparingi putra. Pandhu sarujuk.
Kang dadi latar/setting teks ing dhuwur yaiku ….
perang Baratayudha
alas Saptarengga
kraton Pandhu
Kahyangan
Perangan wiwitane carita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju carita sabanjure, ing struktur teks lakon diarane ...
Orientasi
Komplikasi
Resolusi
Koda
Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur generik teks carita wayang, diarani ….
orientasi
komplikasi
resolusi
koda
” ... Ing sajabane padepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk
krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing
pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapak sumoroting sang
bagaskara ing bang wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur
diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa
Surya ing sanggar pamujan. Resi Suwandagni kagungan putra loro,
yaiku Bambang Sumantri lan Sukrasana. Putra loro mau wineleg ing
samubarang kagunan, lan guna kasekten sing padha. Bedane, Bambang
Sumatri tinadir pinangka satriya kang bagus rupane lan alus solah
bawane, suwalike Bambang Sukrasana tinakdir awujud buta bajang....”
Paragraf ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu
peranganane....
orientasi
klimaks
komplikasi
resolusi
” Inggih Bapa sedaya sampun samekta, ananging kula boten saged
ngajak adhi Sukrasana, benjang menawi sampun katampi panyuwitan
kula, adhi Sukrasana kula papagipun. Kula nyuwun pangestu sapunika
ugi kula bidhal.” Sumantri atur sembah pangabekti sarta nyuwun
pangestu.
Paragraf ing dhuwur migunakake basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
” Iya Sumantri, yen ngono karepmu budhala, pangestuku tansah
njampangi lakumu.” Karo ngelus pundhake putrane, pangandikane Resi
Suwandagni krasa ana geter sanajan tan ana tumetesing waspa.
Paragraf ing ndhuwur migunakake basa....
krama alus
krama lugu
ngoko alus
ngoko lugu
Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis
ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing bang
wetan.
Tembung sang bagaskara ing ukara ndhuwur, ateges....
srengenge
bumi
lintang
rembulan
Didi Kempot klebu penyanyi kang kondhang jenenge nganti mancanegara, amarga dheweke sregep nulis lan nyanyi tembang….
dolanan
dangdut
macapat
campursari
Tembang Kreasi Anyar Jawa iku ana loro jinise, yaiku ... .
Tembang Dodolan lan Tembang Campursari
Tembang Dolanan lan Tembang Campursari
Tembang Dangdut lan Tembang Campursari
Tembang Dolanan lan Tembang Dangdutan
Tembang Kreasi iku tegese salahsawijine tembang kang ... paugeran-paugeran (peraturan-peraturan) tartamtu.
kudu kaiket
ora kaiket
mesthi kaiket
prelu kaiket
Tembang sing iringane arupa campuran saka iringan modern lan tradhisional diarani tembang ... .
Campuran
Campursari
Campur-campur
Dolanan
Tembang Dolanan iku lumrahe ditembangake .... nalika dolanan.
Wong-wong
Kewan-kewan
Bocah-bocah
Dhewe-dhewe
Ing ngisor iki kang klebu irah-irahan tembang campursari yaiku ... .
Cublek-cublek Suweng
Gundhul-gundhul Pacul
Stasiun Balapan
Suwe ora Jamu
Nembangake Tembang apa wae kalebu nalika nembangake Tembang Kreasi kudu diwenehi rasa supaya bisa kepenak dirasakake. Perkara iki ing Basa Jawa diarani ... .
wicara
wirama
wiraga
wirasa
Tembang dolanan iku tembang sing wose trep kanggo ...(1) , lagon iku wose trep kanggo ....(2).., dene langgam iku wose trep karo wong tuwa. Angka siji (1) lan loro (2) ing andharan dhuwur bisa diiseni tembung... .
bocah, wong enom
wong enom, bocah
wong tuwa, enom
bocah, wong tuwa
Tuladha purwakanthi swara = Becik ketitik ala ketara
Tuladha purwakanthi sastra = Tata titi titig tatag, tanggung tertib
Saka tuladha ing dhuwur bisa dijlentrehake yen salah siji bedane purwakanthi basa lan purwakanthi swara yaiku ... .
Purwakanthi swara iku sing runtut swarane/vokal, purwakanthi sastra sing runtut sastrane/konsonan.
Purwakanthi swara iku sing runtut sastrane/konsonan, purwakanthi sastra sing runtut swarane/vokal.
Purwakanthi swara iku sing runtut basane, purwakanthi sastra sing runtut sastrane/konsonan.
Purwakanthi swara iku sing runtut swarane/vokal, purwakanthi sastra sing runtut basane.
Jingglengana teks tembang ing ngisor iki!
Gundhul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul glempang segane dadi saratan
Wakul glempang segane dadi saratan
Perangan ing teks tembang dhuwur iku diarani ... tembang.
Titilaras
Cakepan
Wosing
Piweling
Jingglengana teks tembang ing ngisor iki!
Gundhul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul glempang segane dadi saratan
Wakul glempang segane dadi saratan
Sawise njlingglengi teks ing dhuwur, kowe bisa negesi yen wakul bisa glempang jalaran ... .
Wong kang nyunggi kuwi gundhul
Sirahe sing nyunggi geleng-geleng
Mlaku - mlaku ana ing ratan/ dalan
Wakule diterak angin sing lagi liwat
Jingglengana teks tembang ing ngisor iki!
Gundhul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul glempang segane dadi saratan
Wakul glempang segane dadi saratan
Tuladha purwakanthi swara kang bisa ditemokake ana ing sajerone tembang Gundhul-gundhul Pacul yaiku ... .
gembelengan, nyunggi
Gundhul, pacul, wakul
Nyunggi, wakul, segane
Wakul, ngglempang, dadi
lelagon jawa mendung tanpa udan terkanal nalika dinyanyekake dening?
didi kempot
ndarboy genk
sari laras
happy asmara
laras ing tembang jawa diperang dadi
Pelog lan pelog barang
pelog barang lan pelog nem
Pelog lan Slendro
demung lan saron
lagu iki kalebu jenis tembang kreasi apa?
Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundung gudhel
Pak Empong lerak-lerek
Sapa ngguyu ndelekakhe
Sir-sir pong dele kopong
Sir-sir pong dele kopong
tembang pangkur
tembang dolanan
tembang macapat
lelagon/ langgam
"rek ayo rek" kalebu jenis tembang kreasi apa?
tembang pangkur
tembang macapat
tembang dolanan
lelagon jawa/ langgam
Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundung gudhel
Pak Empong lerak-lerek
Sapa ngguyu ndelekakhe
Sir-sir pong dele kopong
Sir-sir pong dele kopong
irah-irahan tembang ing ndwuwur yaiku.....
Cublak-cublak suweng
Sir-sir pong dele kopong
suweng
suwng lan gudel
laras pelog dibagi dadi 2 yaiku...
pelog nem lan pelog barang
slendro lan pelog
pelog nem lan pelog pitu
pelog lan pelog barang
Rek ayo rek mlaku mlaku nang Tunjungan
Rek ayo rek rame rame bebarengan (ayongan)
Cak ayo cak sopo gelem melu aku (ku ku)
Cak ayo cak dolek kenalan cah ayu
Ngalor ngidul liwat toko ngumbah mata
Masiya mung nyenggal nyenggol ati lega
Sapa ngerti nasib awak lagi mujur
Kenal anake sing dodol rujak cingur
Jok dipikir pon podho gelem mlaku (ayungu)
Jok dipikir angger podho gak duwe sangu (ayungu)
Mangan tahu jok dicampur nganggo timun (mun mun)
Malam minggu jok podho digowo nglamun
isi lagu rek ayo rek yaiku....
Ngajak mlaku-mlaku malam minggu
ngajak tuku rujak
ngajak supaya sinau
ngajak kanggo supaya sregep reresik
tembang kreasi kaperang dadi loro yaiku....
tembang pangkur lan tembang gambuh
langgam dan lancaran
tembang dolanan lan lelagon jawa/ langgam
tembang macapat lan lelagon jawa
