Font size
WorksheetsPAS BAHASA DAERAH 9 2021
Total questions: 40
Worksheet time: 1hrs 20mins
Sesorah utawa pidhato tegese ngomong, maksude yaiku ngandharake gagasan, panemu, utawa informasi ana ing sangarepe wong akeh kanthi cara lisan lan teknik tartamtu. Diarani uga medharsabda. Sesorah/pidhato iki lumrah ditindakake ing acara-acara tartamtu. Teks pidhato/sesorahikukedadeyan saka telungbageyan, yaiku . . .
pambuka, panutup, pandonga
pangajeng-ajeng, pakurmatan, salam.
isi, piweling, pangajeng-ajeng.
pambuka, isi/surasa, panutup
Para rawuh ingkang pantes sinudarsana, mangga kadherekaken manungku puja konjuk ing ngarsa Dalem Gusti Allah SWT, awit saking sedaya peparing lan pitedhahipun, kacihna ing wekdal punika kita saged pepanggihan ing acara purna wiyata siswa kelas IX, kanthi kahanan wilujeng boten wonten alangan setunggal punapa . . .
Teks pidato iku digunakake ing acara . . .
Perpisahan kelas IX
Penyuluhan pendidikan kelas IX
Penyuluhan pendidikan kelas VII lan VIII
Donga pangestu kanggo kelas IX
Para rawuh ingkang tuhu bagya mulya . . . Keparenga kula langkung rumiyin ngunjukaken puja-puji sukur ing sangandhapipun pepada Dalem Gusti, inggih Pangeran Allah SWT dene awit saking pangayoman Dalem, kula saha panjenengan sedaya ing wekdal menika saged lenggah ing pasamuan menika, kanthi wilujeng nir ing sambekala
Perangan iku kalebu . . .
Pangarep-arep
Pambagyaharja
Pamuji sukur
Patepungan
Salajengipun, kula ugi nyuwun tambahing donga pangestu, mugi-mugi saged nglajengaken pasinaon kula, saged kasil nggayuh idham-idhaman kula.
Mugi-mugi kanthi ridlaning Gusti Allah SWT, sedaya peparing elmu Panjenengan dhumateng kula sakanca, ugi dhateng adhik-adhik sedaya dados elmu ingkang manfaat barokah, donya akherat. Aamiin. Perangan iku kalebu . . .pidhato
Purwaka/pambuka
Isi/surasa
Panutup
Patepungan
Para kadang siswa kelas IX, adhik-adhik kelas VII lan VIII ingkang kula bagya mulya.
Kanthi muji syukur ing ngarsa dalem Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring wekdal lan kalodhangan, saengga ing siyang menika, kita sedaya saged pepanggihan tebih saking sambekala. . . keparenga kula minangka panatacara ambuka lampahing acara Perpisahan Siswa kelas IX SMP Sido Unggul taun Pelajaran 2019/2020, kanthi ngaturaken reroncening tata acara kados ing andhap menika :
Kapisan Pambuka
Kapindho Kumandhanging Lagu Kebangsaan Indonesia Raya
..........................................................................................................................................................
Struktur teks ing pambiwara kedadeyan saka pambuka, isi lan panutup. sing kalebu perangan isi ing teks kasebut yaiku . . .
Kawula nuwun, keparenga matur, mugi tinebihna ing tulak serik . . .
. . .kanthi ngaturaken reroncening tata acara kados ing ngandhap punika . . .
Panjenenganipun para priyagung, para rawuh,baraya wiyata ingkang . . .
Kanthi muji sukur ing ngarsa dalem Gusti Allah SWT, ingkang sampun . . .
Pranatacara diarani uga pambyawara/pambiwara, pranata adicara utawa pranata laksitaning adicara, yaiku pakaryan kang ana gegayutane karo pasamuan utawa adicara ana ing madyaning bebrayan Jawa. Ana ing Bahasa Indonesia diarani Pewara.
Ing ngisor iki sing ora kalebu peranganing purwaka/pambuka ana ing pakaryane pranatacara/ pambyawara, yaiku...
Ngaturake reroncening adicara
Asung pakurmatan marang para tamu
Nyuwun pangapura sakabehing kaluputan anggone nindakake jejibahan
Muji syukur marang ngarsaning Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Cuplikan teks wacana iku nyritakake . . .
Tulisan aksara Jawa angka lan rekan sarta panganggone ing ukara.
Indonesia ketaman pandemi virus Corona, lan durung ana obate
Virus Corona bebayani lan bisa nular ing ngendi-endi panggon saindenging donya.
Dhata sing terpapar, sing tiwas lan sing waras ing kasus sumebare virus Corona
Manut wacana ing dhuwur, rata-rata ana pirang kasus mundhake ing saben dinane?
Luwih saka 1000 kasus
Luwih saka 1500 kasus
Luwih saka 2000 kasus
Luwih saka 2500 kasus
Teks wacana dhuwur iku ngandhut aksara Jawa angka wiwit angka “0” nganti angka “9”, nanging ana siji aksara Jawa angka sing ora ana, yaiku angka . . .
Aksara Jawa rekan yaiku aksara Jawa sing direka/dimodifikasi, kanggo nulis tembung-tembung saka manca mligine tembung Arab sing dicethakake pangucape. Dene cacahe aksara Rekan iku ana 5. Setitekna maneh wacana ing dhuwur iku, banjur itungen ana pira cacahe aksara Jawa rekan sing ana ing wacana kasebut!
“Pandhemi covid-19”, panulise ing aksara Jawa sing bener yaiku . .
Kesenian iki wiwitane wujud teater rakyat, sarana ngamen, isine kidungan-kidungan kanthi iringan gamelan sederhana. Paragane kakung macak wanita, dandanane dipaes coret-coretan supaya lucu. Banjur dikenal kanthi sebutan Lorek, manut perkembangan jaman, owah diarani Lerok lan ora ngamen maneh nanging digelar ing panggung lan duweni grup utawa kumpulan paraga, critane njupuk crita panguripan sedina-dina.Eloke jaman, kesenian iki banjur kondhang minangka Ikon-e Budaya saka Jawa Timur. Kesenian aslikhas Jawa Timur iki, wujude drama tradhisional kerakyatan, ana tari rema, kidungan, banyolan, gendhing Jula-juli, arane . . .
Ludruk
Kethoprak
Kentrung
Tayub
Struktur teks naskah drama Ludruk apadene Kethoprak iku bisa disumurupi liwat unsur intrinsik-e kang ana ing naskah. Unsur intrinsik naskah drama iku antaraning liya ana Alur/plot. Dene tahapan alur/plot iku ana sing diarani bebukaning lakon utawa orientasi, tegese yaiku . . .
Paparan, pitepungan tokoh, papan panggonan, lan swasana crita
Masalah utawa perkara kang wiwit muncul ing antarane kahanan lan peran-peran ing drama.
Masalah-masalah sing saya jeru, panas, sengit antarane peran ing lakune crita.
Karampungane crita, nalika kabeh akhire rampung lan penonton padha marem.
Crita ing drama iku bakal narik kawigaten lan ana munpangate yen ana sambung rapete lan bisa dibandhingake kanthi langsung marang kahanan panguripane manungsa. Kang kaya mangkono iku diarani : . . .
Intensitas
Budi Pekerti
Komunikatif
Relevansi
Sarip : “Heh...Lurah anteke Landa, ojok kurang ajar koen, tanah iki warisane leluhurku, minggata tekok desaku!”
Ki Lurah : “Sarip...Sarip sik gak ngerti ae koen iku, iki ngono wis dadi duweke tuan Govermen, wani ta koen, apa sing dadi gaman piandelmu?”
Nitik pacelathon ing dhuwur iku, basane nganggo basa dialek asal . . .
Malangan
Medhuran
Surobayan
Kulonan
Rangga Lawe : “Kula ingkang sowan, Sinuwun”
Sang Prabu : “Kene-kene Lawe, kepara ngarsa sowanira”
Rangga Lawe : “Ngestokaken dhawuh” (Rangga Lawe mingsed maju lungguhe)
Sang Prabu : “Nanging sira Rangga Lawe, yagene randhat sowanira ana ing ngabyantaraningsun”
Nitik pacelathon ing dhuwur iku, basane lumrah digunakake ing drama . . .
Wayang Wong
Ludruk
Kethoprak
Wayang kulit
“Juragan, panjenengan kalawau sampun dipun rantos Pak Lurah wonten bale dhusun!.” Ukara iku nganggo basa . . .
ngoko lugu
ngoko alus
krama madya
krama alus
“Mengko budhala dhisik ae, supaya ora kebengen!.” Basane krama alus sing bener yaiku . . .
Engken bidhala riyin mawon, supados boten kedalon!
Mangke panjenengan tindak rumiyin kemawon, supados boten kedalon!
Mangke panjenengan bidhal rumiyin mawon, kersane boten kepetengan!
Mangke sampeyan tindak riyin, cikne boten kedalon!
Simbah kaliyan Bapak nembe mirsani ludruk Kartolo dalu menika, basane ngoko alus sing bener, yaiku ...
Simbah lan Bapak lagi ndelok ludruk Kartolo bengi iki
Simbah karo Bapak lagi nyawang ludruk Kartolo bengi iki
Simbah karo Bapak lagi main ludruk Kartolo bengi iki
Simbah lan Bapak lagi mirsani ludruk Kartolo bengi iki
Saben dina kayu-kayu saka alas iku arep kok-gawa menyang endi?. Basane krama madya sing bener yaiku . . .
Saben dinten kajeng-kajeng saking wana niku ajeng sampeyan beta teng pundi?
Saben dinten kajeng-kajeng saking wana puniku panjenengan asta dhateng pundi?
Saben dinten kayu-kayu saking alas niku samang beta teng pundi?
Saben dinten kayu-kayu saking wana puniku sampeyan beta teng pundi?
Setitekna wacana ngisor iki!
Laporan kegiatan yaiku laporan kang disusun sawise kegiatan wis rampung dilaksanakake. Laporan kegiatan bisa disusun dhewe-dhewe utawa kelompok manut kabutuhan. Tujuwan panulisan laporan kegiatan minangka bukti yen kegiatan wis temen-temen dilaksanakake. Kajaba kuwi uga kanggo pertanggungjawaban marang wong utawa lembaga sing menehi tugas kegiatan. Panulise laporan kegiatan kudu runtut, gampang dingerteni sapa wae.
Laporan kegiyatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiyatan wis dileksanakake. Kajaba kuwi laporan kegiyatan katulis kanggo . . .
Dokumen pribadi para siswa
Dokumen kanggo sekolah
Pertanggungjawaban
Latihan nulis laporan
Paugeran panulise teks laporan kegiatan ing antarane yaiku . .
Runtut manut strukture
Tulisane kudu bener
Nganggo basa sing endah
Dilampiri dhata lan foto
SMP SidaUnggulsabentaunduwe acara rutinkanggo para siswa, yaikusinauwisata. Sinauwisataiki mung mligikanggo para siswakelas 9. MiturutdhawuheBapakKepalaSekolah, para siswaora mung sinauningnjerokelaswae. Kanggonambahijembarewawasantumrapbab-bab sing wisdisinaoniingkelas para siswaperlusinauinglaboratoriumalam.
Pethikan teks laporan kegiyatan ing dhuwur klebu perangane . .
Pambuka
Andharan
Surasa/isi
Panutup
Laboratorium alam sawijining panggonan kang cocog kanggo mbuktek ake apa-apa sing wis tau disinaoni dening para siswa. Kanthimangkono para siswa ora mung ngangen-angen wae, nanging weruh lan ngerti tuladha sing nyata. Lelandhesan kasebut,sekolah ngajak marang para siswa sinau wisata menyang Bali
Sing dadi lelandhesaning kegiyatan sinau wisata ing teks laporan kegiyatan dhuwur yaiku:
Kanggo para siswa kelas 9
Kanggo refreshing lan plesir
Nuruti dhawuhe Bapak Kepala Sekolah
Kanggo meruhi lan ngerteni kahanan sing nyata
Pranyatan ing ngisor iki bener apa salah?
// Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-bapak saha Ibu-ibu Guru ingkang satuhu kula bekteni, mitra kula kakung punapa dene estri ingkang kula tresnani saha adhik-adhik kelas ingkang bagya mulya...// perangan iku kalebu pambagyaharja.
Bener
Salah
Pranyatan ing ngisor iki bener apa salah?
// Mekaten reroncening tatacara ing siyang menika. Wiwitan ngantos wekasan, mugi lumampah kanthi rancag tanpa pambegan, awit ridlaning Gusti Ingkang Maha Suci. Dhumateng sedaya kemawon, panitya ngajak sumangga kita dherekaken acara ing siyang menika wiwitan ngantos wekasanipun //
Perangan dhuwur iku kalebu ada-ada.
Bener
Salah
Pranyatan ing ngisor iki bener apa salah?
Struktur teks sing ana ing pidhato lan pambiwara iku beda, bedane : ing teks pambiwara ana reroncene acara lan ada-ada
Bener
Salah
Pranyatan ing ngisor iki bener apa salah?
Aksara rekan ora wenang dadi pasangan, kajaba aksara
Benar
Salah
1. Ludruk lan Kethoprak mujdake saperangan kesenian Tradhisional kang isih urip lan ngrembaka ing masyarakat Jawa. Diarani seni tradhisional amarga seni kalorone nggelar crita jaman biyen, kairing musik tradhisional wujud gamelan lan tetembangan, migunakake basa Jawa lan busana klasik nut jaman kalakone carita sing digelar. Sing mbedakake antarane kalorone ana ing panganggone basa lan jenis tabuhan pengiring. Kethoprak migunakake basa Jawa ragam Solo-Jogya. Dene ludruk migunakake basa Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jawa Timuran (jula-juli) lan dibukani tari Rema.
Manut wacana ing dhuwur, pranyatan ngisor iki relevan/mathuk apa ora? Wangsulana!
Kesenian Ludruk lan Kethoprak iku, ing jaman saiki wis arang digelar, malah meh ilang merga kalah, kegeser karo drama Korea sing diarani Daebak, sing digandrungi dening para generasi mudha.
Ya
Ora/tidak
Kesenian tradhisional iku kudu dilestarekake, supaya ora ilang/musnah kegerus kemajuane jaman. Maneka warna cara wis ditindakake dening pemerintah pusat apadene pemerintah dhaerah, kanggo nguripi kesenian tradhisional iku. Ewasemono isih durung ana tandha-tandha gumregute warga masyarakat cawe-cawe marang kahanan kasebut. Kamangka pelestarian budaya iku, salah sijine bisa lumantar donyaning pendhidhikan
Ludruk lan kethoprak iku, supaya ora musnah/ilang kudu dilestarekake, salah sijine carane yaiku nglebokake pasinaon drama Ludruk utawa Kethoprak ing Kurikulum Sekolah
Ya
Ora/tidak
Pranyatan ngisor iki, relevan/mathuk apa ora? Wangsulana!
Assalamu’alaikum Wr Wb
Mugi kawilujengan kasantosan tansah kajiwa kasarira dhumateng Panjenengan sedaya.
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, Panjenenganipun Bapak/Ibu Guru ingkang donga pangestunipun tansah kula antu-antu,
Kapisan sumangga ngaturaken puji syukur konjuk ing ngarsa Gusti Allah SWT, inggih Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang tansah asih ing sedaya titah, kacihna enjing menika kita saged ..............
Bapak/Ibu Guru ingkang kula bekteni, para rawuh sedaya ingkang bagya mulya,
Ing dinten menika, kula minangka wakil siswa kls IX, mugi kepareng nyuwun kamardikan Panjenengan, awit menapa ingkang badhe kula aturaken ...............................................
Kula ugi nyuwun tambahing donga pangestu saking panjenengan ................................
Ing wasana cekap anggen kula matur, mugi dipun-aksama sedaya lepat
Contoh teks pambukane pidhato ing dhuwur iku bisa digunakake/kanggo contoh nyusun teks pidhato ing sembarang acara
Ya
Ora/tidak
Pranyatan ing ngisor iki mathuk apa ora? Wangsulana!
.............................................................................................. Para rawuh ingkang minulya, para kadang siswa ingkang bagya mulya
Mekaten reroncening tatacara ing siyang menika. Wiwitan ngantos wekasan, mugi lumampah kanthi rancag tanpa pambegan, awit ridlaning Gusti Ingkang Maha Suci
Dhumateng sedaya kemawon, panitya ngajak sumangga kita dherekaken acara ing siyang menika wiwitan ngantos wekasanipun. Nuwun.
Salajengipun ing siyang menika, sumangga kita buka sesarengan kanthi maos ummul Qur’an, surat Al Fatihah.
Kasumanggakaken . . . Al Fatihah . . .
“Matur nuwun, ndungkap acara salajengipun inggih menika, bojana andrawina, angedhapi dhedhaharan minangka pasugatan ingkang sampun cumawis ing ngarsa Panjenengan sedaya, sumangga.....
Ya
Ora/tidak
Ing wacana dhuwur iku ngandhut tetenger, kang arupa . . .
Pada adeg-adeg, pada pancak/pangkat
Sandhangan lan pasangan
Pada lingsa, pada lungsi
Purwa pada lan wasana pada
Pakem sing ana ing pagelaran drama ludruk, yaiku . .
Tari Rema
Gandrungan
Kidungan Jula-juli
Keprak kenthongan
Ing ngisor iki, jenis ragam basa kang lumrah digunakake kanggo pacelathon/dhialog ing drama ludruk yaiku . . .
Ngoko lugu
Krama madya
Krama alus
Kedhatonan
SMP SidaUnggulsabentaunduwe acara rutinkanggo para siswa, yaikusinauwisata. Sinauwisataiki mung mligikanggo para siswakelas 9. MiturutdhawuheBapakKepalaSekolah, para siswaora mung sinauningnjerokelaswae. Kanggonambahijembarewawasantumrapbab-bab sing wisdisinaoniingkelas para siswaperlusinauinglaboratoriumalam.
Laboratoriumalamsawijiningpanggonankangcocogkanggombuktekakeapa-apa sing wis tau disinaonidening para siswa. Kanthimangkono para siswaora mung ngangen-angenwae, nangingweruhlanngertituladha sing nyata. Lelandhesankasebut,sekolahngajakmarang para siswasinauwisatamenyang Bali.
Miturut laporan ing dhuwur, sinau wisata iku gunane kanggo . .
Seneng-seneng, plesir
Nambahi wawasan/kawruh
Ngerteni tuladha sing nyata
Golek kanca sing akeh
Assalamu’alaikum Wr Wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah,Panjenenganipun Bapak/Ibu Guru ingkang kula bekteni Bapak/Ibu Tiyang sepuh-wali siswa kelas IX ingkang ambeg berbudi darma,
Para priyagung tamu undhangan kakung miwah putri ingkang luhuring budi,
Para kadang siswa kelas IX, adhik-adhik kelas VII-VIII ingkang bagya mulya.
Kapisan sumangga ngaturaken puji syukur konjuk ing ngarsa Gusti Allah SWT, ingkang tansah asih ing sedaya titah, kacihna enjing menika kita saged pepanggihan ing acara perpisahan siswa kelas IX, kanthi kahanan bagya mulya boten kirang setunggal punapa.
Ing dinten menika, kula minangka wakil siswa kl IX, mugi kepareng nyuwun pangapunten, awit sedaya kalepatan kula.
Tigang taun dangunipun kula Panjenengan pimpin, Panjenengan gladhi, kaparingan maneka werna ilmu. Boten wonten ingkang kula aturaken dhateng Panjenengan, namung atur panuwun saha sak tindak-tanduk kula sakanca, atur wicara kula ingkang boten mranani ing penggalih paduka . . .
Adhedhasar cuplikan teks pidato ing dhuwur, golekana contone ukara kang kinandhut ing perangan-perangan struktur teks pidhao kanthijodhokna pranyatan karo wangsulan kang sumadhiya!
(a)
(a)
Ludruk lan Kethoprak mujudake saperangan kesenian Tradhisional kang isih urip lan ngrembaka ing masyarakat Jawa. Diarani seni tradhisional amarga seni kalorone nggelar crita jaman biyen, kairing musik tradhisional wujud gamelan lan tetembangan, migunakake basa Jawa lan busana klasik nut jaman kalakone carita sing digelar. Ing ngisor iki lakon/crita sing lumrah digelar ing seni drama tradhisional apadene drama modern. Pilihen kanthi jodhokna pranyatan karo wangsulan kang sumadhiya!
(a)
Laporan kegiatan ditulis sawise kegiatan ditindakake. Laporan kegiatan sing apik yaiku laporan sing isine ngandharake utawa nyritakake kanthi cetha, gamblang lan gampang dingerteni dening sapa wae kang maca. Kanggo nulis laporan kegiatan sing apik kudu gawe cengkorongan luwih dhisik. Supaya dadi cengkorongan laporan sing apik, pranyatan ngisor iki jodhokna karo wangsulan kang sumadhiya!
(a)
